Sejarah Tradisi Bulusan
Rikala semanten wonten tiyang sepuh
asmanipun mbah Dado. Mbah Dado menika kagungan murid asmanipun Umara kaliyan
Umari. Nalika mbah Dado nyebaraken agama islam, piyambakipun kagungan Pesantren
wonten ing kaki gunung Muria. Nalika wulan Ramadhan mliginipun malem Nuzulul
Qur’an sunan Muria badhe silaturahmi maos Qur’an sareng-sareng kaliyan
kerabatipun inggih menika mbah Dado. Nalika wonten margi, sunan midhanget
wonten swanten krepyek-krepyek kaliyan sumerep tiyang daut wonten ing saben
lajeng ngendhika “hla, malem Nuzulul Qur’an ora padha ngaji malah padha
blusukan ndhekem ning banyunan wis kaya bulus wae.” Banjur tiyang ingkang wonaten ing saben
menika malih dados bulus.
Mangertosmenawi kados menika Umara
kaliyan Umari ningali bulus menika, lajeng mbah Dado mangertos menawi bulus
menika tiyang ingkang daut dalu-dalu wonten ing saben. Lajeng Mbah Dado
ngaturaken luput dumateng sunan Muria kangge tiyang menika supados tiyang
menika dipun balikaken dados manungsa malih. Ananging kados ibarat, ‘sego wis
dadi bubur’ dados pangandhikanipun boten saged dipun cabut malih.
Amergi saking menika, sunan Muria
nyublesaken tongkatipun wonten ing sawah menika. saking cublesan mena medhal
sumber toyanipun banjur daerah menika kasebat dukuh Sumber. Lajeng tongkatipun
dipun-sebat wit ‘Tamba Ati’. Nalika sunan Muria badhe ninggalaken panggenan
menika lajeng ngendhika, “ mbesuk anak lan putu-putumu bakal kurmati awakmu’.
Menika dipun laksanakaken saben seminggu sawise riyaya Idhul Fitri wulan syawal
asring dipun-sebat Bada Kupat. Dados saben Bada Adha kathah tiyang ingkang
ningali uga ningali bulus ingkang wonten ing mriku, warga masyakat menika kanthi nyebat Tradisi
Bulusan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar