Pupuh VIII
Pucung
Pucung
1.
tataline sarwa mas adi puniku / yen dinulu endah /
sorote padha nelahi / ineb-ineb gambar sastra kang kinarya.
2.
Kang rumeksa Malekat Jahnam iku / kang sinungan
karya / ana dene syarga iki / bumenipun emas punika rineka.
3.
Saingsine salir barang mas lurus / padhange
kalintang / tan kena sure puniki / pan alanggeng senennya tan kena owah.
4.
Kang angreksa sekathahe para arum / limangewu bara
/ dinulu asri lir thathit / lamun tinon gumebyar tejanira.
5.
Anelahi sajagat tan memba iku / ing Malekat Jahnam
/ kagyat wau aningali / pan tumingal kekasih kang lagya prapta.
6.
Gupuh nulya amengani ingkang pintu / nulya lengser
Jahnam / Serpiningrat malbeng kori / akaliyan arenira NI ARUMAN.
7.
Sampun prapta gegilang anulya lungguh /
Serpiningrat mojar / akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang Sukma.
8.
Padha sira marenea dipun gupuh / kabeg rowongira /
sakathahe widadari / kang agreksa sedaya nemewu bara.
9.
Samya marak mulat kagyat jroning kalbu /
sadhatenge ika / kekasih samya nimbali / lah pepeken ta rowangira sedaya.
10.Sampun pepak samya ngayap munggeng ngayun / Serpiningrat mujar
/ akumpula sanak mami / atompoa timbalanira Hyang Sukma.
11.
Padha sira marenea munggeng ngayun / kabeh
rowangira / sakathahe widadari / kang angreksa sedaya nemewu bara.
12.syarganira kabeh resikana iku / samya ngestokena / iku sabdane
Hyang Widi / poma-poma den eling ta sira padha.
13.Lan maninge padha manguna syargeku / iku wekasingwang / lah
karia ingsun amit / waranggana pan samya matur sedaya.
14.Pan kawula nuwun sabdane sang ayu / punapa ing karsa /
sasampune denira angling / Sarpiningrat alon lumengser lampahnya.
15.Pan Kinanthi Ni Aruman Munggeng pungkur / sangsaya mengkana /
nglungguhi jangjining Widi / pan kawayang nalanira sang dyah retna.
16.Dahteng syarga murdawiyat karsanipun / ingkang bumi
sawiyah / kang rupa inten sinangling / mapan pepak saingsenoingsene samya.
17.Ana dene lawange wastane iku / pan lawang salamah / mirah
rancang rurubneki / langitipun punika langit sunggingan.
18.Jug-ajuge samya ingukir sedarum / sinawung mas mirah / pan
rinancang warna adi / senenipun murub muncar tiningalan.
19.Ineb-ineb bebyar lintang pan apatut / ingkang rumeksa ika / Ki
Malekat Marhan nenggih / gih puniku ingkang sinungan karyanya.
20.
Wonten dene kang syarga puniku nenggih / kekayone
samya / sarwa sari kang kinardi / sang lir barang gegodhongan samya mirah.
21.Samya mirah lelembaran yen dinulu / senene apadhang / padhange
ngebeki bumi / pan alanggeng senene tan kena owah.
22.
Kang angreksa widadari ayu-ayu / pitungewu bara /
ayu lir mirah ingukir / ting galebyar warnanira waranggana.
23.
Anelahi syarga iku yen dinulu / yata kawarnaa / Ki
Malekat Marwan singgih / apan kagyat aningali ingkang prapta.
24.
Pan andulu kekasih kang lagya rawuh / nulya minta
lawang / Serpiningrat manjing kori / nulya ngawe ing ngasta sarwi ngandika.
25.
Dentimbali sakathahe para arum / pitungewu bara /
samya marak munggeng ngarsi / samya kagyat aningali ingkang prapta.
26.
Sadhatenge kekasih kalih wahu / wus pepak sedaya /
sakathahe widadari / angandika sang dyah Dewi Serpiningrat.
27.
Samya sira resikana syarga iku / timbalaning sukma
/ samya ngosokana mangkin / wis kantuna amit ingsun nuli mentar.
28.
Samya matur widadari sih kasuwun / timbalaning
sukma / punapa karsa Hyang Widi / sampun pangandikanira sang dyah.
29.
Sarpiningrat wun mintar lan Dewi Aruman / aris
lampahira / retna sari mangun estri / wus kacipta yata wau jroning nala.
30.
Dhateng syarga rumawiyat karsanipun / kang ingsi
punika / bumi perdapa sinangling / mapan pepak saingsenira sedaya.
31.Kang kinarya lawangira ta puniku / Sarpiningrat mulya / inebe
esmu ening / tilan lurubnya asri kawuryan.
32.
Kang kinarya langit sunggingan iku / kakancinge
adi mulya / murub tejane kang ngukir / mapan asri rinajawardi punika..
33.
Kasinungan karya anenggih puniku / wondene kang
sayarga / seningsene sarwa sari / miwah kayu kalawan godhongira.
34.
Samya inten lelembaran tinon murub / tan kena
surema / sorote ing retna adi / kang angreksa sakathahe waranggana.
35.
Kathahipun wolungewu bara iku / endah-endah
warnanira / pan kadya retna ingukir / mapan murub tiningalan warnanira.
36.
Anelahi sajagat tan ana iku / Malekat Musakap /
gita manahe ningali / sareng dulu kekasih kang lagya prapta.
37.
Sigra nulya sang dyah den wengani pintu / lengser
Ki Masakap / Serpiningrat malbeng kori / Serpiningrat kelawan Dewi Aruman.
38.
Pan wus prapta gegilang samya alungguh /
Sarpiningrat ngandika ris / lah ta padha marenea widadari.
39.
Sakathahe kabeh sanak-sanakingsun / lah padha
kumpula / tompoa timbalan mangkin / iya iki timbalaning Hyang Sukma.
40.
Sanakira sinelir sakathahipun / widadari kendran /
walungewu bara nenggih / atap marak aneng ngarsanira sang dyah.
41.Samya gita sapraptanira sang arum / wus pepak sedaya /
sakancane munggeng ngarsi / Sarpiningrat lan Aruman angandika.
42.
Heh sakehe tampia timbalanipun / sakeh syarganira
/ samya resikana sami / poma iku timbalanira Hyang Sukma.
43.
Lah ta uwis puniku weweling ingsun / amit
raganingwang / lah padha kantuna yayi / widadari sedaya pan samya mojar.
44.
Inggih gusti kawula sanget anuwun / punapa kang
sabda / sesampune denira ngling / Serpiningrat lan Aruman aglis mintar.
45.
Samya kanthen asta kalihipun / solahe kaetang /
retnasari ganda resmi / iya iku kang dadi asrining syarga.
46.
Arsa dhateng syarga Rudiyat iku / ingkang bumi ika
/ jumanten kang binersih / samya mulya saingsenira sedaya.
47.
Anadene lawange praptimah iku / jumanten rurubnya
/ lelangite dipun sungging / yen dinulu tur winarna adi mulya.
48.
Kancingipun mukhasastra adi luhung / jug-ajug
rineka / ingukir kadya raseksi / syarga iku dunulu asri kawuryan.
49.
Ineb-ineb gambar surya kang linuhung / nenggih kang
rumeksa / Malekat Mesean puniki / mapan samya sedaya pinancen karya.
50.
Ing ngrumkadiyat kayon mulya ta puniku / lir
barang godhongan / anglir jumanten linempit / pan nelahi senenira sabuwana.
51.Alam kadim kasenenan ta puniku / padhang tiningalan / kang angreksa
widadari / kathahipun apan sangangewu bara.
52.
Pan gumebyar kilat thathit warnanipun / nawangnawa
tadah / lir jumanten kang den ukir / Malekat Masemaan nika tumingal.
53.
Langkung kagyat dulu gustenira RAWUH / GUPUH MINTA
LAWANG / Ki Mesekan lengser aglis / pan wus manjing ing kori sang retna
kalihnya.
54.
Arenira Ni Aruman datan kantun / lestari lampahnya
/ wus ngancik srimenganti / gih punika syarga kang renancangan.
55.
Lawang syarga rumkadiyat tunggal kubun / kang
abumi ika / jumanten retna salikin / gih punika kiwa lawan tengenira.
56.
Sekathahe widadari ta puniku / bekta upacara /
waneh nampa bokor rukmi / ingsenira burat ganda lawan wida.
57.
Kang saweneh angrakit tinompa ranu / munggeng ing
wewadhah / kupi retna lan widuri / kang saweneh nampa lancangira retna.
58.
Ingsi gandawida lawan jebat arum / sawung galing
ika / jumanten mulya ingukir / ing puniku ingsi retna sekar sastra.
59.
Mapan sampun tinampanan sekaripun / amung iku
sekarnya / kang atuwuh ing suwargi / warnanipun tanpa tandhing sabuwana.
60.
Mapan murub gandane ngebeki syargeku / saweneh
anampa / lelancangira rinukmi / ingsenipun jejebadan rasamala.
61.Kang saweneh yata kang para arum / mring syarga rerancangan /
sami amapak mring gusti / iya iku wus jagenira Hyang Sukma.
62.
Duk pinepak sekathahe para arum / ngrakit upacara
/ retna kinasih lumaris / kanthen asta kang rayi lawan kang raka.
63.
Sekathahe widadari wus kapethuk / angiring sedaya
/ ginarebeg widadari / asri tinon samya bekta umara.
64.
Segah mulya saingsine syarga iku / sadhatenge ika
/ retna kusuma kekasih / pan kinanthi NI ARUMAN munggeng asta.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar