Pupuh IV
Dhandhanggula
Dhandhanggula
1.
Kang anurat ngame JroninG ati / sadangune gumujeng
jroning nala / lebeting tyas ngestokake / siyang kelawan dalu / pangetune datan
gumingsir / Wong olah gangsal wedal / ayun wruh surupipun / ing jero jinerokena
/ den cethekna cethek endhek usul kadim / poma sampun belaka.
2.
Saucule Ku Luamah iki / sinrahaken ing wektu
lalima / Luhur rumeksa alane / Ki asar datan kantun / sumawana lawan Ki Mahgrib
/ nenggih lawan Ki Ngisa / sarta lawan Ki Subuh / binekta dhateng yogyana /
aneng nglawang apan samya den kemiti / tan suka lunga-lungan.
3.
Ingkang wonten paseban singgih / apan sami bubaran
sedaya / Sarengat ilang manahe / konduripun karuwun / Ki Tarekat kantun neng
puri / kelawan Khakekat / lan Makrifat kantun / lumaku gandhengan asta /
alulungsen gennya lonlonan lumaris / kantun ing wuri pisan.
4.
Ki Sarengat lampahnya aririh / sampun prapta wau
ing yogyana / ing prenahe linggih mangke / Ki Tarekat sumungsul Dhateng Gunung
Jabalkat singgih / punika Pernahira / Khakekat tan kantun / marang Gunung Erap
ika / gih puniku pernahe genira linGGih / pan mantuk sowang-sowang.
5.
Wonten den Ki Makrifat singgih / dhateng Gunung
ing Ngarpat punika / winayang wayang anggene / punika pernahipun / samya remen
mardi kang singgih / tansah karaseng nala / ewuh nyananipun / dene atemah
mengkana / sarupane kagungane ing Hyang Widi / samya kocap sedaya.
6.
Wonten dene kagungan puniki / kang kasebat Ki
Makrifat ika / kupi kumala ing mangke / wau sakocakipun / apan tiba ing ngaras
kursi / akarya gara-gara / pan arupa iku / ati jro mangke punika / jajuluke
Hanila Hening kakelir / warna kadi palwaga.
7.
Ki Makrifat ingkang madani / wonten dene
pasengitanira / pantes Ki Sarengat mangke / apan ana wewengkonipun / kang atiti
minongka seksi / kapat Ki Johar awal / ing kalimanipun / duk malum si namaguna
/ kaping neme katrap panjiyat puniki / kapitu ijmakira.
8.
Ane dene kagungan senelir / aneng kana gunung
pitenah / nenggih punika pernahe / tur radi warnanipun / kekajengan ageng
ainggil / pange amancawarna / papat kathahipun / samya kapulet ing ngrata /
luhuripun tan ana ingkang ngungkuli / meh kasundhul ngawiyat.
9.
Sanggabuwana namane singgih / kang angongang ing
jalat punika / windu punika ayode / selaka kajengipun / pan agodhong lungsir
mulya di / pan akeh warnanira / ana lungsir jingga ingkang adi / la lungsir
kuning raras.
10.Lungsir pethak warnane nehali / lungsir wilis datan kawoworan
/ miwah lungsir cemeng mangke / warna-warna dinulu / kembang mirah warna sotya
di / awoh inten kumala / lan sesotya murub / datan ana kang uninga / mung wong
cebol-cebol anggayuh ing langit / alenggah ngandhap jurang.
11.
Kang angreksa wanodya yu luwih / akekasih Dewi
Sarpiningrat / punika tunggu kuncine / pan wus ginadhang iku / sapangandikanya
Hyang Widi / apan wus jangjenira / ing wau Hyang Agung / dadya ratuning
kasyargan / wanodyeku kinasihan ing Hyang Widi / yen wus tekeng ubaya.
12.Ingkang angreksa wanita YU luwih / akekasih NI DEWI KARUMAN /
punika kang sinung gawe / ing benjang janjenipun / lamun sampun dhateng ubanggi
/ dadi ratuning syarga / nadyan puniku / kinasihan ing Hyang Sukma / wus
pinesthi cipta denira Hyang Widi / iku sinung pangandikan.
13.Dewi Aruman amangun kingkin / aningali kang naga bendana /
angrasa owah rupane / tan ana polahipun / wus saparti layun / ageng mapan wus
ilang / tan ngusikan kadimu barekatneki / sureme cayanira.
14.Pan dinulang mangan datan apti / ingkang aran nigena cendhala
/ puniku pepangane / anenggih warnanipun / kadi wau uruh ing warih / umben
umbene ingkang / kosya manis arum / ingaran gaga sutikna / urab bawor
amancawarna cahyeki / surem ing warnanira.
15.Nanging esak bayanya puniki / Nagabendana sapati pejah /
sangsaya ilang warnine / Ki Aruman andulu / pan angrangkul anjrit tan nangis /
tanbuh ing polahira / tan saged aduluh / manah liwung tan anyana / mung kang
raka kang kacipta sinambat tangis / sarya mijil waspanya.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar