PRANATA KELUARGA
A. Pranata keluarga jawa
Pranata keluarga jawa yaiku pranta kang ana ing saben
kaluarga.
Konsep utawi pandanagn masyarakat jawa marang pranata keluarga
:
Bapak
kang dadi pemimpin utawa imam kaluarga
Masyarakat
jawa isih nerapake utawa migunakake konsep kasebut, amerga miturut wong jawa,
bapak iku wong lanang kang kuat dibandingake karo ibu. Bapak uga sing menehi
nafkah kanggo kaluarga. Bapak uga sing duwe tanggung jawabe gede marang
kaluarga, mula sing kerja ya bapake.
Masyarakat
jawa uga nerapake sistem partiliniar, sistem partiliniar yaiku keputusan ana
ing bapak. Dadi Ibu kudu nrima ing keputusane bapak, kanggo hurmati bapak kang
dadi kepala lan pemimpin kaluarga. Sanajan Ibu uga kerja melu nambah-nambahi
butohan sadina-dina, nanging tetep hurmati bapak.
B. Pamanggih
Miturut pendapatku, konsep utawa pandangan masyarakat jawa
marang pranata kaluarga kaya mangkono iku isih pantes diterapake ana ing
masyarakat jaman saiki. Ananging jaman saiki akeh ibu-ibu sing melu kerja lan
gajine malah luwih saka bapak. Saengga ora sitik ibu-ibu saiki sing malh dadi
kepala utawa sing ngrasa duwe kuasa dibandingke bojone.
Ananging ora sitik uga sing wadon gajine sing luwih akeh saka
sing lanang nanging isih tetep hurmat lan manut marang bojone, amerga ngerti
kodrate lan adate dadi wong wadon ing
kang hurmat marang wong lanang kang dadi bojone. Ing agama uga di ajarake kudu
manut marang bojo lanang kang dadi pemimpin.
Nanging
iku kabeh balik marang pranta utawa aturan kalurgane dhewe-dhewe kang trep karo
kebutuhan kaluargane. Sing penting ing kalurga kuwi ana komitmen kang kuat lan
disepakati bareng saengga bisa dadekake kaluarga sing rikun lan harmonis kang
trep karo norma lan adat kang ana ing
masyarakat ing kana.
PRANATA
AGAMA
A. Tradhisi masyarakat
Selametan
kemisan yaiku selametan tindhakake saben dina kemis kanthi giliran ing saben
omahe warga masyarakat ing desa Ringin Kidul kabupaten Grobogan. Masyrakat desa
Ringin Kidul biasane ngarani jamaah .
Isine selametan kasebut yakuwi maca tahlil (tahlilan) bareng-baareng lan dongakake arwahe wong sing wis seda.
Selametan kasebut saben kemis
digilirlan urutan. Contone kaya, kemis iki jamaahe ing omahe pak Jono, kemis
ngarepe ing omah sisihe pak Jono asmane pak
Pardi, kemis ngarepe geser maneh ing omah sisihe pak Yen, lsp.
Selametan kasebut ditindhakake
ba’da isya’. Warga bareng-bareng mangkat ing omah sing oleh giliran jamaah.
Sawise pada kumpul selametan diwiwiti pak Kiyai. Sawise tahlilan rampung,
banjur maeman, ombenan, pakanan lan buah disugatake.
B. Pamanggih
Tradhisi selametan kemisan
isih pantes dienggo masyarakat saiki, amerga nganti saiki tradhisi kasebut isih
ditindahakake masyarakat desa Ringin Kidul, amerga miturut masyarakat, tradhisi
kasebut dinilai apik kanggo kauripan ing masyarakat, saka rasa peduli marang
wong kang wis seda, lan kanggo ngraketake hubungan kaluarga ing masyarakat lan
ngajarake kerukunan ing kauripan saben dina.
PRANATA
EKONOMI
A. Penghasilan musiman
Ing desa
Ringin Kidul penghasilane akeh saka garap sawah. Sing ditandur yaiku pari,
kacang, lan tandhuran palawija liyane. Ing desa Ringin Kidul ngandhalake
penghasilan saka panenan pari utawa kacang, nanging panenane iku ora saben dina
anannging musiman.
Masyarakat ing kana uga nyambi
kerja ing liya kuta kanggo nyambung urip sadurunge panen. Sanajan masyarakat
ing desa Ringin Kidul iku akeh sing garap sawah ananging uga akeh sing dadi
pedagang.
B. Pamanggih
Ing
masyarakat desa Ringin Kidul yen namung ngandhalake penghasilan saka panenan,
ora bakal nutupi kabutuhan saben dina. Apa manih pupuk lan ngrawate sawah
larang, hama uga akeh nyerang tandhuran lan bisa gawe hasil panen ora apik lan
ora cucuk karo biaya ngrawate.
Mula aku setuju yen masyarakat desa Ringin
Kidul iku nyambi kerja liyane, kayata dadi pedagang, peternak lsp.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar