Senin, 08 Desember 2014

JASMANINGRAT X Durma

Pupuh X
D u r m a

1.    Yata Ngisa lengser sangking ngarsaningwang / bali mring jagadneki / yata putranira / kang aran si Panahan / kang aneng bang wetan masrik / lawan winayah / duwe putra sawiji.
2.   Nanging iku angaku purba wisesa / ya dene kang wewangi / JUJAMAJUJA / iku kang ayun purba / pan angaku jeneng mami / Allah wisesa / ambake wong puniki.
3.   Allah Ngisa dene putrane amursal / arsa nglangkungi mami / dhingin Nabi Ngisa / abarubuh ing sarak / kang ginodhi kang kinunci / sampune mangkya / angrubuh Allah kaki.
4.   Mangka ingsun kebat nulya aputusan / malekat kang sun tuding / si Dulkarnen ika / ingsun ayektenana / marang si Majuja iki / mangka Majuja / nyata yen ngaku mami.
5.   Kae Juja apan kupur awisesa / angrusak marang mami / mangka binalenan / Juja ginodhi ika / lawe satus tukel iki / Juja tan solah / pradene datan eling.
6.   Meksih ngaku purba kaya jenengingwang / durung tobat mring mami / si Juja yen duka / kelangkung dene rosa / ing ngasia lir ganiling / segara kocak / kathah rubuh kang wukir.
7.   Kayu watu samya kentas pernahira / nenggih bumi masrik / mider lir kitiran / yen Juja lagi kurda / yen bumi angleliwati / karosanira / genge meh kasundul ing nglangit.
8.   Yen andilat rante wesi musna ilang / apan ta dadya warih / mapan lumuh sirna / tibeng bumi Juja / kaya sampurnaa iki / pangrasaningwang / bumi kadya den linting.
9.   Rante waja puniku genting sedaya / meksih gubed pribadi / mring awake Juja / ya dene umatira / ingkang eling marang mami / ngabekti sira / rante kang tugel pulih.
10.Kukuh kadya duk lagya ing maunira / yen kurda punika nenggih / rante dinilatan / malih maring si Juja / warna ilang kantun kedhik / kari sareme / pinara pitu iki.
11. Ingkang gubed marang si JUJAMAJUJA / wesi dulur sirna ting / mangka umatira / asru nebut maringwang / rangte tangkep gubel malih / pulih gengira / Juja prakempa malih.
12.Nulya rante dinilat lebur pan ilang / gawok ingsun ningali / lah iya Muhammad / mirsaa mring si JuJa / bisa ageng bila alit / yen kala kurda / gedhene leliwati.
13.Yen angadeg luhure meh sundhul wiyat / yen mari kurda iki / gedhene apan suda / sami lan linggihira  / Muhammad umatur aris / amba dhateng tuwan / Juja dene asekti.
14.Lan punapa kang dadi kasektenira / dene bisa geng alit / amba ayun mirsa / tuwan andika mujar / kawula arsa udani / wartane Juja / pangetung tuwan uning.
15.Nulya Allah anebda ku ya Muhammad / kawruhanira iki / si Jujamajuja / karane sekti ika / duk lagya pakumpulneki / si nabi Ngisa / apan duwe prajangji.
16.Duk putrane karma si Panahan ika / sinambi Ngisa angling / yen abecik benjang / anakingsun punika / sun kudang ngembani gusti / mangka tumeka ingkang becik puniki.
17.Si Panahan nuli sida pala karma / lagya pasihan nuli / angluwari sabda / putra nuli den emban / den sareng putrane kalih / sarya den kudang / besuk putra ngong kalih.
18.Duwe putu benjang sekti mahambara / sun jujuluki benjing / si Jahatmajuja / kang kuwasa angrata / jagad ing ngangsia benjing / purba wisesa / karsane putu mami.
19.Besuk tembe saurana awakingwang / putu ngong kang gumanti / nindhihi ngangsia / iku jangji manira / dadi prabu set manik / dinunungan cahya / ing ngulu wiyat adi.
20.                Ingkang wonten ing badaningsun amba / sawuse den kudangi / tinuruken ika / sangking ngembananira / cinekel astane iki / kang munggeng kiwa / nenggih putrane estri.
21.Ingkang munggeng astane tengen punika / putra jalu anenggih / lir wong uluk salam / mongsa si Nabi Ngisa / nulya nebut jeneng mami / salalahu salam / iku mulane sekti.
22.               Umat tuwan natkalanira semana / Ngisa tiba sebdaning / pan seneni cahya / anyepuhi mring Juja / duk lagya bane uni / wahyu gumantya / Ngisa tetkala angling.
23.               Yen anaa sinebut ing kalihira / sareng turune wangsit / temah ana ika / ya Muhammad sun pajar / saurana awak mami / karsaning Ngisa / among putune iki.
24.               Kang kinudang anggenteni lungguhira / pan tapaking Hyang Widi / neng jagad ngangsia / iku ujare Ngisa / ing jenengingsun kaesthi / tinggal lir purba / ing dheweke pribadi.
25.               Karsanira ya Muhammad Nabi Ngisa / aja tumimbul mangkin / aneng ing ngangsia / amit Juja den kudang / gumanti mring Ngisa mangkin / jenengira / kaya yen den alingi.
26.               Nanging Ngisa kaya durung nurutana / karsane Ngisa mangkin / nanging meksih sira / sun tingali kewala / kang sun gedhong kang sun kunci / aneng ngasia / genteni Ngisa mangkin.
27.               Karanane si Nabi Ngisa punika / neng ngangsia / nindhihi / lan jamane ika / nanging cacade ana / tan kewasa nata jalmi / ngasia ika / meksih srem senening.
28.               Ing ngasia kaya lamun durung arja / kekasih ingsun iki / Nabi Ngisa ika / lir anak pupon-pupon / mulane sun timbang mangkin / kelawan sira / mung sira sun tingali.
29.               Karanane sariranira punika / iya sarira mami / tingaling sun ika / iya paningalira / rasanira rasa mami / kang jati mulya / aneng syarga puniki.
30.               Pangucape iya Muhammad mangkya / pan wus pangucapneki / ing pamiarsanira / iya pamirsaningwang / asiking raosing mami / roh pekenira / pan iya eroh mami.
31.Kalbuningwang iya mapan kalbunira / hananing ya sun iki / iya ananira / ingsun kae tunggal / Muhammad nulya nebda ris / nanging ta amba / umatur dhateng gusti.
32.               Nuwun pangestu mangke tuwan kawula / lamun amba puniki / gumanti mring Ngisa / amba mangke tan suka inggih aneng asia nguni / meksih lenggahan / lamun Ngisa puniki.
33.               Lamun antuk pangestu sih dhateng tuwan / yen tuwan jiyat singgih / mangka Allah nebda / heh kun Muhammad sira / teka lakonana mangkin / ing parentahingwang / lagi duk turun mami.
34.               Wekasingsun wanti-wanti marang Ngisa / yen sira sun karya gati / genteni mring Ngisa / aneng jagad ngasia / nora nanane puniki / si Nabi Ngisa / mung sira kang sun gandhing.
35.               Ki Muhammad aturipun melas arsa / pramilanipun gusti amba sapunika / sapakon kekasihnya / anging pun Juja puniki / ingkang kinudang / agentenana mangkin.
36.               Inggih dhateng kekasih tuwan punika / Juja brawala nuli / lamun amba meksa / ajabela punika / menawi pun Ngisa nenggih / sanget tan suka / Gusti Allah nebda ris.
37.               Ya Muhammad iya sira lakonana / sinambi Ngisa mangkin / yen meksa tan suka / teka sembadanana / sira endhiha ing benjing / kedhatonira / yen Ngisa bengkalahi.
38.               Nuli enggal ingsun tulung marang sira / malekat kang sun tuding / kaya tan lenggana / yen emut wekasingwang / sira jaluka den wani / kadhaton ika / kayaa ngidhep mangkin.
39.               Nabi Ngisa kaya idhep jenengira / dhingin wekas mami / yen sira sun kudang / agenteni / karatyan / karatone Ngisa iki / sira duk nora / sira sun wekas malih.
40.               Ya Muhammad nanging sira den prayetna / yenta sira kepanggih / lan si Nabi Ngisa / lah sira kramanana / den becik tapsilaneki / den aris nebda / kawruhana den becik.
41.Iku uga tetekone ya si Ngisa / langar tur kaduk wani / adhapana karma / maknane ing wong ngadhap / Muhammad luhur wekasing / wong kang pugung ika / lemah adhap puniki.
42.               Ing bodhone angliwati ing wong kathah / alimuh kasor kami / agunggung palenggah / dadi cela wong ngucap / nora idhep jeneng mami / dadi wong sasar / pamrihisun puniki.
43.               Ya Muhammad karane sun kon ngadhepa / marang si Ngisa iki / lejara kang manah / alengganaa ika / anuta karsaneki / emuta mring wang / iku panjaluk mami.
44.               Ya Muhammad amba matur ing tuwan / nuwun pangestu uni / punapa parentah / wuruk tuwan mring amba / amba matur ing tuwan nenggih / kadi punapa / mangke karsaning gusti.
45.               Nabi Ngisa menawi sanget tan suka / nenggih Juja puniki / kang ginadhang-gadhang / anggenteni karatyan / tuwan bilih ta menawi / Allah ngandika / si Majuja puniki.
46.               Aja sira sumelang marang si Juja / pasang bae puniki / ana dene benjang / jangjeningsun yen teka / ing kabar kiyamat iki / si Juja benjang / ucul tetalineki.
47.                Jagad ngasia punika apan keburan / papan kelawan tulis / gunung ing Jabalkap / iya iku ginada / dening Jamajuja iki / lan bumenira / ing masrik puniki.
48.               Pun sinongga ing tangan tengen lan kiwa / bumi ing masrik ing benjing / lan gunung Jabalkap / sinelehaken benjang / aneng ing nglawang kekalih / syarga lan nraka / yen dene Juja iki.
49.               Iya iku angaku kekasihingwang / aci-acia benjing / apan sumbar-sumbar / ngaku purba wisesa / tabete binuru benjing / kinuya-kiya / den kon angidhep sami.
50.               Tan angandel umatira iku samya / ya Muhammad ing benjing / maring Jamajuja / yen amaido samya / sakehe umat puniki / ing warnanira / den tiru warna mami.
51.Pamrihira maring umatingsun ika / tunggil rupane benjing / kayaa si Juja / bisa amilih rupa / anom tuwa gedhe cilik / ya mindha-mindha / ing rupanira iki.
52.               Ya Muhammad nora ingwang kaya sira / lalewane ngeblegi / jumbuh tiningalan / pangucape lir sira / dalane luput ta iki / kyeh umatira / meh kasamaran mami.
53.               Yen sun dulu ing warnane si Majuja / yen arupa sireki / tambuh piniliha / yen mindha rupaningwang / kabeh umatira pangling / akeh kang samara / den sidhep ingsun iki.
54.               Yen umatira iku wruh ing neraka / ya ing jamina iki / wruh ing cirenira / lawan cirri manira / lancirane Juja iki / lamun luputa / mengko umatereki.
55.               Umatira datan kena kumelamar / ingkang atambuh iki / ing nraka jamina / umatira punika / ingkang kena dipun irid / dene si JuJa / amik ta rupa mami.
56.               Pan angaku si Juja kekasihingwang / si Juja angling aris / maring umatira / lah padha marenea / lah enya syarganereki / kang luwih endah / tampanana den aglis.
57.               Bok manawa sira maido manira / tingalan rupaki / neraka dumilah / dhaube lulumbangan / endi aku syarga ening / lawan neraka / yen maido sireki.
58.               Lamun sira benjing / kalebu neraka / ajaluk lara apa / tan wande sun siksa benjing / yen maidoa / sila lir dhandhanggendhis.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar