Cerkak ingkang kula posting menika
kapethik saking cerkak-jawa ingkang dipun posting
dening niniklenyem , ingkang kula sunting
dados cerkak menika. Kanthi irah-irahan “Panjenengan ingkang kula padosi” kula
sunting dados “Katula-tula”
KATULA-TULA
Minarni sewengi ora bisa turu, ngrasakake
larane ing sakojur badane sing rinasa mundhak saya abot. Wis rong Minggu
dheweke ngaleleh ing dhipan jroning gudhang, dhewekan. Mangan lang ngombene
disangga juragane. Lagi wae mak ler, bisa ngeremake mripate, mak jeglek lawang
dibukak ngeget saka njaba. Bu Candolo mlebu. Tanpa ana rasa welas dheweke
takon.
“Minar !
Sida kapan kowe ninggalake papan iki ? Kene iki dudu rumah sakit, dudu losmen
gratis ! Wis telung sasi kowe ana kene ora bisa nampa tamu, njur rong minggu
kowe mung mangan ana gudhang iki. Aku Nar, aku sing ora bisa…rugi !” Kandhane
Bu Candolo karo malang kerik.
“Kula
taksih sakit Bu. Kangge mlampah kemawon taksih dereng kiyat. Kula semados sedinten kalih
dinten malih, menawi sakit kula sampun radi entheng.”
Wangsulane Minarni karo ngiyes-ngiyes nahan larane.
“Ning
tenan lho ya kandhamu, sacepete kowe kudu enggal lunga saka omah iki!” Jenggleng, Bu
Candolo metu karo jebretake lawang.
Sapungkure Bu Candolo, Minarni bisane
mung nangis. Kejaba nangis merga larane kumat, uga atine kelara-lara. Nangisi
uripe sing cengkah karo gegambaran dhek semana.
“Dhuh
Gusti, kawula nyuwun pangapunten. Kawula titah dosa, gesang kawula kebak ing
kadurakan. Kawula nyuwun kiyat, nyuwun mantun saking sesakit kawula. Gusti,
menawi sampun mantun, kawula sagah ndadosi gesang kawula malih. Gusti…nyuwun
kawelasan…” Minarni eling sembahyang, eling marang Gustine sing wis lawas
ditinggalake.
Dina esuke, sawise diwenehi sarapan,
kanthi sempoyongan Minar nata sandhangane, mas-masan lan dhuwit dilebokake ing
tase. Atine wis manteb yen esuk iki dheweke bakal lunga. Risi karo Bu Candolo
sing wis bola-bali anggone nundhung. Niyate arep neng Rumah Sakit dhisik sowan
dr. Budi, dokter lengganane, saperlu nyuwun obat, bubar kuwi lagi mikir
sapa-sapa mengko sing bakal dijujug. Bapak emboke wis ora ana, kari Lik Ijah,
adhine bapake, wong ora nduwe, anake kemriyek isih cilik-cilik. Karo ngenteni
tekane Bu Candolo saperlu pamit, Minar bali lumah-lumah ing peturon karo nata
ati. Leng, pikirane dadi ngambra-ngambra kelingan kabeh lelakon sing wis kawuri.
Sanadyan mung anake wong dhanyang buruh
kasar, Minar sekolahe rampung SMU kanthi entuk ijazah. Wong tuwa kekarone klebu
wong temen lan jujur tur enthengan. Tawakal manembah Gusti, pendhak Minggu neng
Greja bebarengan. Mula ora mokal yen ditresnani tangga teparo. Lagi wae rampung
sekolahe, Minar sing lagi mekar ngancik dhiwasa iku, ditinggal ngajal bapak
emboke merga kena alangan, kesrempet bis nalika boncengan pit arep nyumbang
sanak seje desa sing duwe gawe mantu. Kekarone ngajal sanalika iku uga.
Dhasar anak wadon ontang-anting, Minar
sing wis lola iku nyambung uripe kanthi kabisan sing diwarisake embokne. Yen
dikongkon tangga, pagaweyan apa wae ditandangi, sinambi ora kendhat gawe
lamaran pegaweyan, e …. bokmenawa mengko ana panggilan. Jer kabeh mau mujudake
pambudi daya kanggo nggayuh kamulyaning urip.
Wayah esuk meneri Minar menyang pasar,
ketemu kanca lawas sing dhek cilik ubyang-ubyung bareng dolan. Mitri jenenge.
Kakak kelase dhek ana SMU. Bareng lulus Mitri njur lunga menyang kutha, kabare
payu nyambut gawe. Nalika ketemu, bocah loro kejaba salam-salaman ngadhakake keslametane,
uga gablog-gablogan nandhakake olehe padha dene kangen, nganti lali yen ana
dalan.
“Minar,
piye kabarmu saiki ? wah ora ketemu sepira suwene wae, saiki kowe wis ketok
dewasa lan tambah ayu.” Kandha ngono Mitri isih karo nyekeli tangane Minar kenceng.
“Ya mung
kaya ngene iki, Tri, saiki aku malah wis lola mangka aku durung cekel gawe sing
gumathok.” wangsulane Minar karo tumungkul sedhih, kelingan wong tuwane sing wis
padha ora ana.
“Kowe mono
begja, Tri, nyatane saka panyawangku, saiki bareng wis nyambut gawe uripmu
penak. Sandhanganmu becik lan penganggonmu mompyor.”
“Ah, ya
mung biasa kok, Nar, nek saka rumangsaku ora ana bedane ya mung sithik, karang
ya jeneng wis nyambut gawe gek cak-cakanku ngati-ati pisan. Dadi ya cumanthel
kaya sing bok sumurupi iki.”
Bebarengan mlaku tumuju pasar, Mitri
tansah nyritakake oleh-olehane nyambut gawe ana kutha, dene Minar tansah
njinggleng anggone ngrungokake rumangsa ketarik banget.
“Nar,
gelem pa kowe melu aku ? Mengko kowe daksuwunake gaweyan karo juraganku. Gaweyan
entheng, ning dhuwite lumayan.” Kandhane Mitri karo nyawang polatane
Minar. Dhasar prasasat wong kepetengan ditawani obor, mula gage olehe
wangsulan.
“Tenane
Tri, teneh aku seneng banget yen kowe bisa nggolekake pegaweyan kanggo aku. Wis
ta gaweyan apa wae janji aku bisa, aku saguh.”
“Kandhaku
iki tenan Nar, dak kira kowe bisa, mergane mengko rak ya nganggo dilatih
barang. Ning ya kuwi Nar, nyambut gaweku kuwi kaya dene kontrak. Nek seneng lan
krasan bisa terus, ning nek ora sajroning telung sasi lagi entuk metu. Dadi
wektu telung sasi kuwi kowe bisa ngrasak-ngrasakake sumbut ora gaweyan lan
pituwasmu.” Mitri nerangke.
Tanpa nganggo mikir dawa, Minar gage
saguh, sajak ora sabar maneh.
“Wis, Tri,
pokoke kapan kowe bali neng kutha, aku melu. Aku pengin ndhang nyambut gawe ben
bisa kaya kowe.” kandhane Minar mantep.
“Minggu
suk emben aku wis kudu bali kok, Nar, mula sadurunge pikiren sing tenan, dene
nek iya kowe siap-siap, suk budhal bareng aku.” Rembug wis dadi, pas tekan pasar
kekarone sowang-sowangan blanja kebutuhane dhewe-dhewe.
Dina Minggu esuk, bocah loro wis padha
ana dalan gedhe ngadhang bis. Sajroning ngadhang bis, Mitri ngandhan-ngandhani
Minar.
“Nar,
senajan randha ning juraganku kuwi sugih banget mangka ora duwe anak. Omahe
gedhong magrong-magrong cacahe telu. Sing ngarep dhewe kanggo losmen, dijenengi
Losmen Arum Ratri. Mburine kanggo pondhokan wong-wong sing padha nyambut gawe
ana kono, klebu bocah-bocah anyar sing kudu dilatih kaya kowe barang kuwi. Dene
gedhong sing ana iringan, kuwi sing dienggoni juraganku karo rewang-rewange. Ya
saka kono iku juragane bisa ngawasi losmen lan buruh-buruhe, liwat wong-wong
sing dipercaya.” Mitri mandheg, nyawang raine Minar sing ketok nggatekake.
“Wah,
durung-durung aku kok wis ana rasa wedi dhisik ya Tri, gek mengko aku ora
ketampa. Aku rak mung cah ndesa, tur durung pengalaman.” Pengresahe Minar lirih lan lugu.
“Wis ta,
aja samar. Cekake yen karo aku mesthi ditampa. Aku rak wis kandha, yen kabeh bocah
anyar kuwi mengko dilatih dhisik. Mula welingku, kowe kudu tansah manut prentah
lan aturan sing wis ana. Ora kena mbantah, lan kowe ora bebas sakarepmu dhewe.
Kejaba yen kowe mengko wis tatrap nyambut gawe, lan entuk palilah saka
juragane.” Kandhane Tri kanthi mantepake Minarni
“Mengko
yen aku wis wiwit nyambut gawe, bisa amor karo kowe ora, Tri ?” Minar nanjih kepingin luwih ngerti.
“Ora Nar,
tugasku rak ana njaba. Dakkira, yen kowe wangun ana losmen, ngacarani tamu sing
arep padha nginep.”
“Mesthine
rak ya isih ana sing bodho kaya aku ya, Tri ?” Pitakone Minar sing polos mung
diwangsuli esem dening Mitri.
Bis sing padha diadhang liwat, bocah loro
banjur padha munggah.
Tekan kutha, Minar dipasrahake Bu
Candolo, ngono yen padha ngundang juragane dening Mitri. Sabanjure Minar pancen
dipapanake ing pondhokan. Neng kono ana bocah anyar wolu, racake padha yen karo
Minar. Sajroning rong dina, Minar sakancane sasat mung mangan turu, kanggo
ngaso, jarene.
Nyandhak dina sing katelu, Minar sakanca
diwenehi sandhangan anyar patang setel. Kabeh dikon njajal nggolek pase awake
dhewe-dhewe. Emane, Minar ora ana sing seneng. Yen bahane pancen becik, ning
potongane. Sasat kabeh jigrang sadhuwur dhengkul, gek belahan dhadhane. Lagi
njajal wae wis risi. Ning priye, neng kono kudu manut sakabehe, ora kena mbadal
prentah.
Dina candhake, isih esuk teka ing
pondhokan sawijijing ibu sing menor pacakane, Bu Wingit undang-undangane. Ya
dheweke iku jare sing arep nglatih. Sepisanan, bocah-bocah iku dikenalake karo
alat-alat kosmetik, sabanjure ngresiki rai, molesake wedhak, celak, lipstik,
lan sapanunggalane. Bubar iku njur ngadibusana. Jroning batin Minar gumun, kok
mung bab dandan sing diwulangake, njur kapan olehe arep nglatih nyambut gawe.
Kanthi diwanek-wanekane, Minar takon marang Bu Wingit.
“Tugas
kula benjing punika punapa nggih Bu, kula sakanca kok dipun latih ngadi sarira lan ngadi
busana ?”
“Neng
losmen. Sing cetha kowe kabeh duwe tugas ngacarani tamu, kareben losmen laris.
Mula kowe kudu latihan sing tenan, luwih-luwih kudu grapyak lan semanak, sugih
guyu, lan gawe krasan sing padha nginep. Wis saiki rasah kakehan pitakonan, suk
bakal ana dhewe wong sing nglatih.”
Ganep rong minggu Minar wis baut dandan.
Jebulane dheweke moblong lan ayu dhewe tinimbang kanca-kancane. Bok menawa wis
rinasa cukup anggone nglatih, esuk iki Bu Wingit wis ora teka, ning ganti ana
tukang foto sing banjur njupuki gambare bocah-bocah iku siji-siji. Bubar iku
tukang foto uga banjur lunga.
Ing wayah esuk Bu Wingit teka ngedumke
foto sing dhek emben wis dadi. Kabeh gumun ndeleng gambare dhewe, sing luwih
endah luwih apik karo sing nyatane. Jebul ora baen-baen dayane awak sing wis
didandani. Sawise kabeh tutug lan marem nyawang fotone, Bu Wingit kandha.
“Wiwit
mengko sore, kowe kabeh wiwit tugas ana losmen. Wis ana wong sing kajibah
ngeterke kowe mrana. Ana losmen, golekana kamarmu dhewe-dhewe. Ing ndhuwur
lawang kamar, wis dipasang foto-fotomu padha sing karo kok gawa. Dene sing
bakal nglatih kowe nyambut gawe, mengko bakal teka, cukup kok tunggu ana kamar.
Kowe kabeh mengko bakal ngerti apa tugasmu.” Tanpa ngenteni bokmenawa ana sing takon,
Bu Wingit terus bablas metu ninggalake pondhokan.
Wis watara sajam Minar ana kamar losmen.
Sinambi ngenteni wong sing dijanjekake arep nglatih nyambut gawe. Minar
maca majalah anyar sing wis sumadiya ana kono. Durung rampung sajudul,
kepurungu lawang kamar dithotok saka njaba. Gage Minar marani lawang sing ora
dikancing. Nalika lawang dibukak, neng ngarep lawang wis ngadeg wong lanang
setengah umur. Kanthi polatan sumeh, wong mau ndhisiki takon.
“Bener
mbak, kowe Minar ? Bocah anyar sing lagi wae teka ?”
“Inggih
leres Pak, kula Minar. Lare enggalan. Punapa Bapak ingkang badhe nglatih kula
nyambut damel wonten ngriki ?” Pitakone Minar alus.
“Bener
Minar, aku sing bakal ngajari kowe. Tepanagke, aku Pak Dremba.” Maju
selangkah karo ngulungake tangane, wong mau wis ana njero kamar. Tangan
tinampan dening Minar. Cepet mbalik, lawang sing diungkurane ditutup jeglek
banjur dikancing, kuncine disak. Minar mundur cepet mepet dhipan. Aloke
“Lho, Pak
! Panjenengan
kok malah mlebet ? Kori kok dipun kancing ?”
“Iya
Minar, wengi iki kowe bakal dak ajari nyambut gawe. Nyambut gawe sing enak lan
kepenak. Ngrasakake swarganing urip, necep kanikmating kadonyan. Kowe rak
durung tau ngrasakake, ta ?” Kanthi guyu ngemu teges, wong iku
nyedhaki Minar nyambi nyiwel pipi. Minar kaget kaworan wedi. Mundur saya mojok
kamar, atine dheg-dhegan.
“Pak, kula
wonten ngriki badhe nyambut damel. Kula sanes lare nakal. Kula boten purun yen
dipun camah. Mangga kori dipun bikak, kula punapa panjenengan ingkang medal ?” Pakone Minar kanthi swara groyok.
“Minar,
ana kene tugasmu pancen ngladeni tamu, kaya dene aku. Bengi iki kowe wis dadi
panguwasaku. Aku duwe hak tumindak apa wae marang kowe sakarepku.” Wong mau
nyedhak arep ngrangkul pundhak, tangan enggal disampluk kanthi praupan
mencereng kawetu tembunge kasar.
“He, wong
lanang hidung belang, gelem bukak lawang lan metu saka kene ora?! Yen ora,
aku bakal njerit njaluk tulung !? Minar ngancam.
“Ha …. ha
…. ha … !” Wong lanang iku ngguyu nggleges. “Minar ngertiya ! Yen bengi
iki kowe wis daktuku larang, merga jarene Bu Candolo, kowe isih prawan asli
sing polos lan lugu. Mangka, ya kuwi sing tansah dak goleki. Nek kowe wangkot
lan jaremu arep njerit, cobanen. Mangsa ana wong sing bakal tetulung, awit sing
jaga kene kabeh wis padha ngerti. Mung kowe Minar sing durung mudheng, yen
sejatine kowe wis klebu ing loropan dadi panguwasane germa sing ndagangake
awakmu marang wong sing padha ngumbar nafsu.”
Krungu kandhane wong lanang Dremba, prol
……. kringet adhem metu byuk-byukan saka sarandhuning awake. Awak gemeter, sikil
ngewel, pandeleng pet-petan. Krasa yen wis ora bisa oncat saka bebaya, awak
kumleyang tanpa daya. Nalikane arep tiba, Minar krasa tinampan tangan prakosa,
sabanjure Minar wis ora eling apa-apa maneh.
“Mbak
Minar ! Tangi … ! wis awan ! Gek ndang bali neng pondhokan, kamar arep diresiki
“ Panggugahe sing jaga losmen karo ndhodhogi
lawang kamar.
Minar nglilir, awak krasa lara kabeh.
Sandhangan sing dienggo wis bosah-baseh uwal saka awake. Kelingan kabeh
kedadeyan dhek bengine, Minar angles, atine nangis kelara-lara. Gandheng selak
didhodhogi saka njaba, cekat-ceket Minar nganggo sandhangane. Nalika metu
lawang, karo ngguyu sing jaga losmen menehake amplop langsung digegemake ing
tangane Minar, karo kandhane.
“Iki mbak,
saka tamumu mau bengi.”
Kanthi amplop ing gegemane, Minar bali
neng pondhokan, atine rontang-ranting. Neng pondhokan, sawise padha ngerti tugas apa
sing kudu ditindakake, werna-werna polatane Minar sakancane. Ana sing ketok
sedhih, suntrut, biasa, ning uga ana sing malah katon bungah lan ngguya-ngguyu.
Bocah-bocan krasa lan ngerti yen kapusan.
Janji-janji arep diwenehi gaweyan dening wong-wong kang disebar Bu Candolo.
Dheweke sing pasang tarip dhuwur, bocah-bocah cukup clepretane. Kanggone bocah
ndesa, sing penguripane buruh-buruh tur kurang entuk panggula wenthah kautaman,
ya njur seneng ngono wae. Nyambut gawe entheng, entuk dhuwit lumayan. Ning
kanggone Minar, wiwitan rumangasa abot. Gandheng yen arep metu kudu yen wis
telung sasi, lan merga pengaruh saka kanca-kancane, suwe-suwe Minar dadi biasa
ngadhepi tamu. Apa maneh dheweke rumangsa dadi kembange losmen. Minar sing ayu,
sasat dadi kembang lambe lan kekidungane para priya hidung belang, sandhung
jekluk Minar sing ayu kuning. Tamu langganane tanpa etungan, kabeh njaluk
diladeni Minar.
Ganep patang taun Minar dadi penghuni
Losmen Arum Ratri. Kabeh kesenengan rumangsa tutug. Dhuwit, emas hiasan,
sandhangan, meh saben dina tuku, paweweh saka bos-bos sugih sing padha
gandrung.
Jeneng urip mono owah gingsir. Wis ana
sesasi Minar kerep lara weteng, luwih-luwih janji bubar nampa tamu. Mula saiki
kerep nolak , ndadekake Bu Candolo kerep nesu. Wis priksa dhokter ngolah-ngalih
ning padha wae, janji obate entek, mesthi kumat. Keri dhewe neng dr. Budi, ahli
penyakit dalam. Minar rada kisinan merga didangu dhokter ngene :
“Panjenengan
nglampahi nakal, mbak ?” Pandangune alus neng nandhes.
“Inggih,
Dhokter.” Wangsulane Minar lirih semu mlengos.
“Sampun
dangu ?” Dokter nanjih.
“Sampun ….
wetawis kawan taun, dhokter.” Minar mangsuli jujur.
Karo nerusake mriksa, dhokter dhawuh. “Saenipun
kendel mbak, panjenengan sampun kenging penyakit ingkang mutawatosi, siphilis
utawi rajasinga.”
“Siphilis,
Dhokter! Oh …..”
Sakala Minar nangis, atine kebak rasa
wedi, was, lan sumelang sing mbangeti. Merga mens sing terus-terusan, wusanane
dening Bu Candolo Minar dikon ngalih turune. Sing maune neng kamar pondhokan,
saiki dikon ngalih neng gudhang, awor karo barang-barang sing ora kanggo. Merga
wis ora bisa ngolehake dhuwit, bola-bali Bu Candolo ngakon Minar supaya bali
ndesa, kanthi kasar, tanpa duwe rasa welas sithik-sithika.
Jeglek, lawang dibukak kasar, njalari
lamune Minar dadi ambyar. Bu Candolo nggejejer neng tengah lawang, kanthi
panyawang sinis.
“Minar,
nek arep bali apa duwekmu kabeh gawanen, aja nganti ana sing keri!” bubar
kandha ngono terus klepat, ninggal lunga kanthi lawang gudhang isih menga
moblah-moblah.
Awak lara ketambahan ati sing ajur mumur,
Minar ninggalake gudhang cukup pamit sing jaga. Kanthi laku sempoyongan tumuju
dalan gedhe, Minar nyegat bis saanane, tekade angger bisa adoh saka kono. Bab
mengko embuh dipikir keri. Wayah Asar, bis mandheg cedhak pasar ngundhunake
pemumpang, Minar katut mudhun. Ndadak wetenge krasa kumat larane, mangka obat
wis entek kawit dhek wingi. Tanpa mikir dawa, Minar mlebu pasar sing wonge wis
mamring. Weruh amben dhasaran kosong, gage ndudut jarik saka tas, gloso tas isi
sandhangan kanggo bantalan. Minar turon, larane krasa suda. Kegawa awak sayah,
kena sumribiting angin sumilir, Minar keturon. Nglilir-nglilir bareng wis
surup, gregah tangi lingak-linguk kahanan sepi nyeyet. Tas isi dhuwit lan
mas-masan sing mau dikekeb wis ora ana. Ngisor amben dhasaran, tong sampah ing
sisihe, ngisor uwuh dirogoh dibiyaki pranyata ora ana. Ati bingung kuwur, awak
lemes. Bareng tita ora ketemu, Minar ngambruk ing amben, sambate ngaruwara.
Dhuwit, mas-masan lan sandhangan kabeh ilang bareng sak tase. Saiki wis babar
pisan ora duwe apa-apa, kejaba sandhangan sing tumempel ing awak lan jarik
siji. Tangise nganti megap-megap, luhe prasasat wis asat, nggetuni kabeh
lelakone. Kanthi lambe kedher Minar sambat-sambat eling marang Gustine.
“Dhuh
Gusti, kawula tiyang dosa nyuwun pangapunten. Kawula nyuwun kekiyatan.?” Ngono iku
terus tansah dibolan baleni.
Ya wiwit wengi iku Minar kepeksa turu
neng pasar iku. Yen wayah awan kanggo nyambung uripe, dheweke njejaluk
lan nampani sihe wong sing padha welas. Apesing awak, wetenge Minar larane
kumat, ngluwihi sing uwis-uwis. Pangrasane kaya wulanan, ning wetune getih
sendhet tur kenthel gek ambune ora karuwan. Minar dhewe gumun, geneya ora kaya
sabene. Sandhangan ora tau salin, jarik sing kanggo ubet-ubet wis ora rupa
maneh. Yen Minar liwat, wong-wong mesthi mithes irung. Mula janji Minar
nyedhak, racake padha nyingkang-nyingkang ngakon lunga, wegah karo gandane.
Panandhange Minar saya tambah abot. Gandheng ana pasar tansah entuk
panyia-nyia, Minar metu saka pasar, tekade arep ngemis wae turut omah, mesthine
rak ya ana wong welas.
Awan iku panase sumelet, wiwit esuk
durung ana wong sing aweh pangan, ewadene Minar isih duwe pengarep-arep
mesthine mung durung. Bok menawa mengko ya ana wong welas sing gelem aweh
pangan. Omah sauruting dalan sing didhodhoki, sawise meruhi kahanane Minar sing
mambu lan njijiki, akehe mung banjur nguncali dhuwit receh terus nutup lawang.
Rasa susah, lara, ngelih campur dadi siji. Saka lemese, Minar ndheprok neng
pinggir dalan. Mripate bali teles dening luh, luh gegetun, tangis keduwung sing
tulus saka jroning ati. Ngelingi rasane awak wis kaya ora kuwat, Minar
ngeremake mripate mbaleni sembahyang, pasrah sawutuhe konjuk Gusti mungguhing
uripe. Rampung sembahyang, nalika ngelekake mripati, Minar weruh ana jaka
tanggung ing iring Greja. Dheweke mesthekake menawa iku koster. Karo
krengkangan Minar ngadeg, kanthi laku sing sempoyongan dheweke marani prenahing
regol greja. Tekan lawang regol bali sedhoprok maneh. Tangane grayahan nemu
watu cilik banjur dijupuk kanggo nuthuki wesi lawanging regol. Sing lagi nyapu
krungu banjur marani karo takon saka njero.
“Ngapa
nuthuki lawang .”
“Tulung Mas !
Aturna aku arep sowan Rama.” kandhane Minar memelas.
Koster anyar sing isih katekumen iku
nyedhak arep ngengakake regol, ning bareng mak sentuk, ana ganda
nyogok irung tur weruh sesawangan sing banget njijiki mau kandhek, ora sida
bukak regol ning malah rada mundur. Karo kandha
“Rama
tindakan, kondure suk emben.” Bubar iku terus nggeblas lunga. Oh genea
koster iku tanpa nduwe welas karo aku. Mangka sowanku mono mung arep ngaku
dosa, kareben entheng sesangganing atiku. Ngono batine Minar. Tangise bali ambrol,
sambate kajaba ‘Gusti Gusti’ wis ora ana maneh. Kanthi sisa-sisaning
kekuwatane, Minar nerusake laku, sedheka leren mandheg ngampet larane. Saka
esuk tekan surup wetenge ora klebon pangan, gek gulune krasa salit garing. Pas
tekan ndhuwur kreteg Ndanen, Minar nglumruk tanpa daya entek kekuwatane.
Wengi iku meneri rembulan ndhadhari. Ning
gandheng kesaput mendhung mula pandhange dadi remeng-remeng. Nyawang bening lan
kumriciking banyu kali, ngelake Minar saya mbangeti. Ning kepriye ? Dalan sing
tumuju kali parenge dhuwur, mangka awake wis ora kuwat ngglawat. Bisane mung
sambat, “Dhuh Gusti….., kawula nyuwun kawelasan.”
Wengine sangsaya sepi. Saka sunaring
rembulan, ing adoh sisih ngisor kana Minar weruh pawongan. Dene pawongan mau
uga nyawang prenahe Minar. Tangane Minar ngawe pinangka aweh pratandha supaya
wong mau nyedhak. Tekan ngisor kreteg pawongan mau mandheg. Minar nganggo
isarat tangane nelakake yen dheweke njaluk banyu. Sing neng ngisor tanggap,
gage methik godhong lumbu, dianggo madhahi banyu banjur digawa munggah.
Tekan ndhuwur, tanpa ditembung, pawonan
mau ngethukake banyu ing godhong lumbu sing ana tangane ing tutuke Minar. Minar
olehe ngombe katon dhokoh. Wedi yen diuwali, tangane wong mau dicekeli kenceng.
Nganti krasa marem olehe ngombe, awak krasa seger sumyah bali kekuwatane.
Kaya-kaya wis ora ngrasakake blas lelarane. Mbarengi Minar ngadeg arep
ngaturake panuwun, pawongan mau mbuang godhong lumbu sing mau kanggo nggawa
banyu. Tatrap Minar kaget. Jebul epek-epek tangan lelorone wong sing aweh banyu mau
gudras getih, tatu ing tengah-tengahe. Minar nyoba namatake raine. Pawongan mau
mesem, ning ora beda raine uga glubrat getih, mili saka bathuk lan sirahe sing
ketanceban ri kaentha makutha.
Batine
Minar isih kebak tandha pitakon ing atine. Bareng cetha panyawange, wong iku
ngliga tanpa sandhangan, mung begeyan winadi sing kesasaban ubel-ubel. Minar
nglirik iga sakupenge. Mripate natab lempeng sing tatu kaya tilas kejojoh
barang landhep, sing tatu mau isih katon ngetokake getih lan banyu. Gage mlorot panyawange Minar
mudhum namatake sikile wong kang aweh banyu mau. Sikil kekarone tatu
? batine Minar. Bali munggah panyawange, wusana tempuk wong mau uga nyawang
Minar kebak asih. Sakala mripat lan atine Minar tinarbuka. Tanpa mangu-mangu
Minar gage ndheprok. Sikil sing tatu tembus dlamakan iku dirakut kenceng,
diarasi sak katoge.
“Dhuh
Gusti Sri Yesus … Panjenengan kula padosi. Gusti kawula nyuwun pangapunten, sapunika kawula
ndherek.” Bola-bali mung iku sing kawetu jroning tangise. Rumangsane Minar, Gusti
ndhungkluk nglawani Minar ngadeg, wusana ginandheng, tinuntun tumuju dalan
alus. Saka kadohan wis katon, yen sing tinuju papan sing endah lan nengsemake.
Esuke kabar sumebar, yen ing ngisor
kreteg kali Ndanen tinemu jisime wong wadon, sing sajake kacilakan tiba saka
ndhuwur. Sirahe kurban sumedhene ing gampeng kali, dene awake kekum ing banyu
sing iline mung gumlintir. Wong-wong ora ana sing padha ngerti kuwi jisime
sapa, lan wong ngendi, awit pancen ora ana bukti-bukti sing bisa nuduhake.
cuthel
Tidak ada komentar:
Posting Komentar