PUPUH
II
S I N O
M
01
Nulada laku utama, tumrape wong Tanah Jawi, Wong Agung ing
Ngeksiganda,
Panembahan Senopati, kepati amarsudi, sudane hawa lan nepsu,
pinesu tapa brata, tanapi
ing siyang ratri, amamangun karenak tyasing sesama.
02
Samangsane pesasmuan, mamangun martana martani, sinambi ing
saben mangsa, kala
kalaning asepi, lelana teki-teki, nggayuh geyonganing kayun,
kayungyun eninging tyas,
sanityasa pinrihatin, puguh panggah cegah dhahar, lawan
nendra.
03
Saben nendra saking wisma, lelana laladan sepi, ngisep
sepuhing supana, mrih pana
pranaweng kapti, titising tyas marsudi, mardawaning budya
tulus, mese reh kasudarman,
neng tepining jala nidhi, sruning brata kataman wahyu
dyatmika.
04
Wikan wengkoning samodra, kederan wus den ideri, kinemat kamot
hing driya, rinegan
segegem dadi, dumadya angratoni, nenggih Kanjeng Ratu Kidul,
ndedel nggayuh
nggegana, umara marak maripih, sor prabawa lan Wong Agung
Ngeksiganda.
05
Dahat denira aminta, sinupeket pangkat kanci, jroning alam
palimunan, ing pasaban saben
sepi, sumanggem anjanggemi, ing karsa kang wus tinamtu,
pamrihe mung aminta,
supangate teki-teki, nora ketang teken janggut suku jaja.
06
Prajanjine abipraja, saturun-turun wuri, Mangkono trahing
ngawirya, yen amasah mesu
budi, dumadya glis dumugi, iya ing sakarsanipun, wong agung
Ngeksiganda, nugrahane
prapteng mangkin, trah tumerah darahe pada wibawa.
07
Ambawani tanah Jawa, kang padha jumeneng aji, satriya dibya
sumbaga, tan lyan trahing
Senapati, pan iku pantes ugi, tinelad labetanipun, ing sakuwasanira,
enake lan jaman
mangkin, sayektine tan bisa ngepleki kuna.
08
Luwung kalamun tinimbang, ngaurip tanpa prihatin, Nanging ta
ing jaman mangkya, pra
mudha kang den karemi, manulad nelad Nabi, nayakeng rad Gusti
Rasul, anggung ginawe
umbag, saben saba mapir masjid, ngajap-ajap mukjijat tibaning
drajat.
09
Anggung anggubel sarengat, saringane tan den wruhi, dalil
dalaning ijemak, kiyase nora
mikani, katungkul mungkul sami, bengkrakan neng masjid agung,
kalamun maca kutbah,
lelagone dhandhanggendhis, swara arum ngumandhang cengkok
palaran.
10
Lamun sira paksa nulad, Tuladhaning Kangjeng Nabi, O, ngger
kadohan panjangkah,
wateke tak betah kaki, Rehne ta sira Jawi, satitik bae wus
cukup, aja ngguru aleman, nelad
kas ngepleki pekih, Lamun pungkuh pangangkah yekti karamat.
11
Nanging enak ngupa boga, rehne ta tinitah langip, apa ta
suwiteng Nata, tani tanapi agrami,
Mangkono mungguh mami, padune wong dhahat cubluk, durung wruh
cara Arab, Jawaku
bae tan ngenting, parandene pari peksa mulang putra.
12
Saking duk maksih taruna, sadhela wus anglakoni, aberag marang
agama, maguru
anggering kaji, sawadine tyas mami, banget wedine ing besuk,
pranatan ngakir jaman, Tan
tutug kaselak ngabdi, nora kober sembahyang gya tininggalan.
13
Marang ingkang asung pangan, yen kasuwen den dukani, abubrah
bawur tyas ingwang, lir
kiyamat saben hari, bot Allah apa gusti, tambuh-tambuh solah
ingsun, lawas-lawas graita,
rehne ta suta priyayi, yen mamriha dadi kaum temah nista.
14
Tuwin ketib suragama, pan ingsun nora winaris, angur baya
angantepana, pranatan
wajibing urip, lampahan angluluri, aluraning pra luluhur, kuna
kumunanira, kongsi
tumekeng semangkin, Kikisane tan lyan among ngupa boga.
15
Bonggan kang tan mrelokena, mungguh ugering ngaurip, uripe tan
tri prakara, wirya, arta,
tri winasis, kalamun kongsi sepi, saka wilangan tetelu, telas
tilasing janma, aji godhong jati
aking, temah papa papariman ngulandara.
16
Kang wus waspada ing patrap, mangayut ayat winasis, wasana
wosing Jiwangga, melok
tanpa aling-aling, kang ngalingi kaliling, wenganing rasa
tumlawung, keksi saliring jaman,
angelangut tanpa tepi, yeku aran tapa tapaking Hyang Sukma.
17
Mangkono janma utama, tuman tumanem ing sepi, ing saben rikala
mangsa,masah
amemasuh budi, lahire den tetepi, ing reh kasatriyanipun,
susila anor raga, wignya met
tyasing sesame, yeku aran wong barek berag agama.
18
Ing jaman mengko pan ora, arahe para turami, yen antuk tuduh
kang nyata, nora pisan den
lakoni, banjur njujurken kapti, kakekne arsa winuruk,
ngandelken gurunira, pandhitane
praja sidik, tur wus manggon pamucunge mring makrifat.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar