Pupuh I
Asmarandana
Asmarandana
1.
Tatkala wiwit tinulis / ing dina Dite kasihnya /
jam sawiji ing wayahe / ing wulan Rabingulawal / tanggal kaping sekawan / tahun
Dal sengkelanipun / panca wiku sabda nata.
2.
Anenggih wulan Welandi / Pebriwari kang lumakya / nuju
kaping salikure / tahunira pan ingetang / sewu astha tus kawan / dasa pitu
langkungipun mangsanira kaping sapta.
3.
Julungpunud wuku neki / kang angka Mertawinarna /
tri atus dasa kalih / karsanira sri narendra / Jeng Sultan Mengku Bwana /
Senapati Ngalageku / Ngabdurrahman Sayidina.
4.
Panata gama sang aji / Kalipatollah ping gangsal /
hanenggih kumendur sekyeng / Bintang Leyo ing Nederlan / kang ngergani keretyan
/ Ngayogyakarta rat agung / amangun srat Jasmaningrat.
5.
Ngelmu sarengat kang dhingin / kapindho ngelmu
Tarekat / katiga Akekat mangko / kaping sekawan makrifat / punika kang pinurwa
/ tedah jalma kang dereng wruh / amrih pecahe galihnya.
6.
Ingkang pinurwa kariyin / masalah ngelmu sarengat
/ pangurakan saenggane / kang kocap wektu lelima / luhur kelawan ngasar /
maghrib ngisa lawan subuh / punika arebut karya.
7.
Kang tan kocap wektu kalih / jangkepe wektu kang
sapta / dadi pangiren kancane / wektu kalih ika dina / tan nunggil wetu lima /
punika kang dadi wuwus / dene ngisa karyanira.
8.
Minal witri ngatal witri / punika kang den bicara
/ dereng mudhun sakaryane / agung angrembuyong kewala / sabarang karyanira /
ngucira salamenipun / marmane paben aramya.
9.
Ki asar mahrib angling / ki ngisa ki subuh mojar /
mara ki luhur sabdane / marmane wong kalih ika / sakalir barang karya / punika
tan purun mudhun / manira boya narima.
10.Minal witri ngatal witri / punika samya suwita / pangane samya
pinacen / teka anglidhung kewala / kawula tan narima / sun ungkih sak kayanipun
/ Ki Luhur aris angucap.
11.
Yen mengkono eca mami / payo den ungkih ing kathah
/ dimen medhuna gawene / apan dhimin sri narendra / anggadhah pangandika / wong
roro kinen akumpul / sareng mundur sareng mara.
12.Lah nedha tinata kardi / leheng katura ing suksma / iku tedha
karyane / Kehe Ngasar asru mojar / inggih leres punika / samya sinung
karyanipun / Ki Mahrib asru wecana.
13.Punika pan reres ugi / kahe Ngisa asru mojar / nedha tinata
gawene / adum karya wong lelima / ramening pangurakan / Ki Subuh asru amuwus /
ingsun pan nora kuwasa.
14.Angiring wong kalih iki / iku uga wong gegantungan / datan
purun ngiri ingong / dereng wonten pangandika / iya tan purun ingwang / Ki
Luhur asru amuwus / ya ingsun datan sakeca.
15.Kasaru utusan prapti / Ki Patih Jabrail ika / marang
pangurakan age / sakeh wadya pangurakan / cingak sirep sedaya / sadhateng duta
agung / Ki Patih Jabrail ngucap.
16.Samya padu apa iki / rame-rame neng patirtan / Ki Luhur alon
wuwuse / punika apaben karya / ingkang dadya bicara / kang ngrambyong marang Ki
Subuh / dipun ungkih karyanira.
17.Pun Manalwitri puniki / raka Ngatalwitri punika / dipun iri
sakarsane / punika tan purun nebda / saliring barang ing karya / marmanipun
dadi padu / punika sumangga karsa.
18.Ki Patih Jabrail angling / iku aja geru sira / anata barang
gawene / iya wong kalih punika / barang gawene pisah / sinelir dening Hyang
agung / iku andikaning Allah.
19.Heh ta wong roro puniki / salire barange sinongga / iku darbe
karya dhewe / prenahe aneng ngayunan / ajaga karyaning Hyang / ing siyang
kelawan dalu / asaos karsaning suksma.
20.
Jabrail kagyat ningali / Ywa sarengat lunga saba /
kawayang mangkya tandange / Patih Jabrail angucap / amangsit wong lelima / lah
iya ika gustimu / ingkang lagya mangkat seba.
21.Lah padha ngiringa sami / menek sira keri seba / den enggal
mangkata kabeh / wong lima samya ngiringa / gowoa upacara / wong lelima mangkat
sampun / rumeksa ing gustenira.
22.
Sarengat kagyat ningali / yen kancanira tut wuntat
/ kalintang bungah manahe / lumampah sarwi obengan / tekbire datan pegat /
sarta lan tilawatipun / dhikiripun datan pegat.
23.
Tesbehipun anelahi / mutyara ingkang kinarya /
pinalisir sutra jene / bawang sabungkul dhestarnya / mawi koncer apanjang /
asri munggeng gigiripun / besusipun angarangan.
24.
Angermpayak lampahneki / pan lambeyan turut marga
/ pan kulaweran dhestare / sumekta rasukan jubah / lungsir pethak apelag /
ngagem gonda merbuk arum / pan sineret dhestarira.
25.
arubed dennya lumaris / tur asareh bundenira /
awratning busanane / amberegong polahira / besuse lengulengan / milang tindak
lampahipun / lir pedah jalma bedhayan.
26.
Kang ngiring mesem pra sami / aningali gustenira /
gumuyu dening polahe / Luhur kalawan Ki Asar / Ki Mahrib loan Ki Ngisa / Ki
Subuh esmu gumuyu / samya beda upacara.
27.
Pengawinan datan keri / sigegen datan winarna /
gentia kocap mangko / kang kemit Ki Sokasana / lagi apadu karya / Ki badan
lawan Kalbu / Ki Osek lawan Ki Jawa.
28.
Parimona lan Ki Budi / kelawan Ki Panarima / Ki
Tapsi lan Ki Elinge / pan sami apadu karya / wong kalih dereng nebda / dipun
ungkih karyanipun / eling lawan panarima.
29.
Ingkang tinata ing kardi / nenggih wau Ki Tapsila
/ dene angrembyong ing gawe / wong roro ngrembyong kewala / Ki Eling Ki
Panarima / ing karyane datan medhun / Ki Badan aris aturnya.
30.
Lah nedha wong kalih iki / samya tinata karyanya /
ana teka ngrembyong bae / Ki Eroh aris angucap / bener ujar punika / tan ana
karyane iku / Ki Panarima aris angucap.
31.Lah nedha denira kardi / punika pan wong ngangguran / Ki Osek
alon wuwuse / pnede mengkono uga / puniku dereng nongga / marang pakaryanireku
/ lamine nganggur kewala.
32.
Ki Terima eling aris / pesthi manira tan trima /
iku para jalukane / ing karyane wong punika / iku pan gegantungan / kinasiyan
mring gustimu / lamun ana pangandika.
33.
Karyane wong kalih iki / manira datan lenggana /
saosing gusti semangke / winicara neng ngayunan / kesaru praptanira / Ki Patih
Mingkail rawuh / pinarak suka sadaya.
34.
Nata karya kajengneki / kagyat kang aneng paseban
/ sapraptane kya hatah (hapatih) / Ki Pitih (Patih) aris tetanya / lah iku padu
apa / arame gennya gumuruh / ika (kang) den padu apa.
35.
Ki Badan umatur aris / punika padu(don) karya / Ki
Panrima lan Ki Elinge / punika tan Nongga karya / taksih ngrembyong kewala /
punika pan teksih nganggur / gene wonten Ki Tapsila.
36.
Yen suwawi atur mami / kawula atrapken karya /
mudhuna sapakaryane / Ki Patih Mingkail mojar / aja ageru sira / anata ing
karyanipun / wus pinanci ing Hyang Sukma.
37.
Sabarang karyane mijil / saos karsaning Hyang
Sukma / mila katingal wong roro / jaganing kang pangandika / cumawis caos karya
/ sabarang karsaning ratu / semongsa na pangandika.
38.
Cumawis karyaning gusti / iku kang atampi karya /
Ki Patih ningali mangko / Ki Tarekat mangkat seba / mengkono solahira / Ki
Mingkail alon muwus / lah ta ika gustenira.
39.
Lagya lunga seba uning / lah padha
ngiring-ngiringa / wong nenem miluwa kabeh / lah age sira mangkata / wong nenem
sigra mangkat / bekta upacaranipun / Kyai Tarekat tumingal.
40.
Balanira tumut sami / angiring-ngiring sedaya /
abekta upacarane / Ki Tarekat agraita / sigra-sgra lampahnya / pesaja busana
kampuh / pan nganggo daram pinala.
41.Wonten kang winuwus malih / ingkang kemit kamandhungan / kang
lagya nata karyane / kang Paningal lan Pangucap / Pangambu Pamiarsa / Cipta lan
Ripta wus rawuh / wong kalih den ungkih karya.
42.
Ki Adhep lan idhep linggih / punika pan iri karya
/ Paningal asru wuwuse / lah nedha tinata karya / Ki Adhep Idhep ika / lah
punapa silanipun / dening dora nangga karya.
43.
Iku wong ngucireng karpi / tansah anganggur /
kewala / iku wong tanbuh gawene / Ki Pangucap aris mojar / nedha ika tinata /
aja na wong nganggur / manira banget kangelan.
44.
Ki Pangambu angling aris / inggih aleres punika /
puniku tanbuh gawene / eca anglindhung kewala / iya milu ginanjar / barang
karya datan tumut / lan akarya kemandhungan.
45.
Saene sinungan kardi / Ki Pamirsa lon angucap /
nedha wicara mangke / iku dijaluk karyanya / mila tan tumut karya / nganggur
tanbuh pedahipun / yen punika wewijangan.
46.
Apesthi entheng sinanggi / dadia pitung giliran /
Cipta lan ripta wuwuse / pesthi manira tan suka / yen sira kang jaluka /
dhingin angrembyong maringsun / sarta lawan pangandika.
47.
Ana dene mengko iki / para karsa ngiring karya
jalukan ngayunan mangko / manira dermi kewala / angembyong wong punika / Ki
Paningal asru muwus / ingsun tan wruh pangandika.
48.
Punika sun jaluk kardi / Ki Pangucap asru mojar
lah nedha jinaluk mangko / kapanane yen mudhuna / si Cipta Ripta ika / mubeng
padune lumencur / bungah den nengna kewala.
49.
Mangsa kenoa puniki / yen jinaluk wiwikingan /
kejawi ngarsa sang katong / sokur dadi padu besar / Ki Pamiarsa ngucap / luhung
jinaluka ing ngayun / Ki Pangambu aris mojar.
50.
Iya bener iku ugi / Allah amek wong ngurahan / pan
tuwas sisan alane / mongsa kiranga gawean / Ki Cipta Rpta ngucap / nadyan den
jaluka ngayun iya luwih karsanira.
51.Apan ana ujar mami / den aririh ujarira / aneng ing ngayunan
mangko / den prayoga bicaranya / srta pangandika / Ki Paningal asru muwus /
boya idhep ujarira.
52.
Ki Patih Israpil prapti / arsa marang
kemandhunga / anata gawe karsane / kagyat mirsa ramnya-ramnya / jalma kang
paben karya / nulya sirep kang apadu / sapraptanya Kiya patya.
53.
Samya kendel semu ajrih / padu karya bok kadukan /
Patih Israpil tingale / kadung kang apaben karya / waune kalintang ramya / Ki
Patih amara gupuh / Ki Patih Israpil tanya.
54.
Mau padu apa sami / ramnya aneng kemadhungan / apa
kang pinadu rame / dene kongsi bengkerengan / Ki Paningal asru mojar / paben
karsane sang ulun / angiri kang dereng nebda.
55.
Pun Idhep lan Adhep singgih / punika den iri karya
/ dereng nebda sakaryane / lir barang karya panebda / ana ngrembyong kewala /
inggih pun Cipta Ripteku / kawula tedha karyanya.
56.
Ki Patih Israpil angling / aja geru ngiri karya /
wong roro iku karyane / iku siniyan Hyang Sukma / mijia karyanira / saos
karsane sang ulun / asaos aneng ngayunan.
57.
Sira angungkih ing kardi / wong roro iku tan kena
/ lamun sira ngiri gawe / apesthi yen nora kena / Israpil kagyat mulat /
gustenira kang dinulu / Ki Akekat lunga seba.
58.
Mawas-mawas lampahneki / Ki Patih Israpil mojar /
lah batur gustimu katon / apan lagya lunga seba / lah padha ngiringena / wong
sekawan mesat sampun / samya beta upacara.
59.
Ki Khakekat aningali / balanira atut wuntat /
abekta upacarane / Ki Akekat lampahira / sigra-sigra gancangan / age-age
lampahipun / lampahe angungak-ungak.
60.
Tan arsa kakehan pikir / tan arsa kakehan sandhang
/ amung ngagem nyamping bae / won wonten malih kang warna / kang kemit siti
bentar / rame nata karyanipun / Ki Nyawa lawan Ki Atma.
61.Ki Sukma Ki Cahya iki atanapi Ki Murcaya / wong kekalih dereng
amor / dereng mudhun karyanira / tansah dadi bicara / Lageng lan Ki Toked iku /
tansah den ungkih karyanya.
62.
Ingkang angrembyong ta singgih / wau sira Ki
Murcaya / Ki Nyawa asru wuwuse / lah payo tinata karya / aja ngidhung kewala /
ingajak neba karya gung / gih dadi saya golongan.
63.
Ki Ayma amuwus aris / pesthi bener iku uga / wong
nganggur tanbuh gawene / iku milu tampi sihnya / karyane nora nana / tan bekti
kemit sedalu / Ki Nukma sugal angucap.
64.
Lah nedha den iri kardi / kapanane tumapaka / apan
iku nganggur bae / Ki Cahya delingnya mojar / teka bener kewala / apan iku wong
anganggur / sedhenge den iri karyanya.
65.
Lah nedha jinaluk wani / yen tan purun ngangkat
karya / yen budi sun kembarane / kinarubut ing wong kathah / wong roro rosa
pira / amungsuh wong papat iku / Murcahya meneng tan ngucap.
66.
Mirsa wong papat angling / Murcahya angusap jaja /
arum memanis wuwuse / sakarsanira angucap / pan iya ujaring wang / ing kene apa
pinadu / winecaranen neng ngajengan.
67.
Nadyan sinungana kardi / nanging sae neng
ngajengan / Ki Nyawa sendhu saure / Murcahya ngalingi karya / sila gengdi
rupanya / la si Tokid karyanipun / tan wande sun tedha karya.
68.
Suka tan sukaa kardi / tan wande sun tedha ngarsa
/ pesthi sun bethothot bae / yen kalah sun jarah / wiyahe sun balinga / apan
wus tawas sun jaluk / jajaban bae tan tena.
69.
Nyawa ngucap kaduk wani / yen wus metu kordanira /
tan wande medhun gawene / badane tur tuwas rusak / Ki Nyawa asumbar-sumbar /
ingsun tate anilang tatu / sun dol nreh aden wisaya.
70.
Kasaru Patih Ngijrail / miyos marang siti bentar /
anata karya karsane / Ki Patih kagyat miarsa / wadya kang padu karya / kang
bala dhangan andulu / sirep kang apadu karya.
71.Wong sekawan asmu ajrih / wus ngraos yen tinakonan / Ki Patih
tumingal langko / wong kemit apadu karya / gumeder awuruhan / nulya pinaranan /
gupuh / aglis prapta ngarsanira.
72.
Ki Patih tetanya aglis / apa kang kang den padu
padha / dene arame syarane / pating bangkereng syaratnya / kaya wong yun
kerengan / Ki Nyawa nulya wot santun / punika apaben karya.
73.
Kanca kula nyageng kardi / inggih kang dados
bicara / pun Langgeng pun Tokid mangko / kula tedha karyanira / teksih
ngrembyong kewala / pun Murcahya kapiluyu / ngiloni Tokid lan Baka.
74.
Pun Langgeng lawan pun Tokid / datan mudhun
pakaryannya / Murcahya ing wong dahuwen / ngukuhi wong mukar karya / panas ati
kawula / Langgeng Tokid gajihipun / sami lan kang bangkat karya.
75.
Anuwun priksa Ki Patih / Patih mojar aja gancang /
iku wong miji karyane / siniyan ing gustenira / aja age ta sira / yen ana
timbalan dhawuh / Langgeng Tokid karuhena.
76.
Wong roro puniku singgih / samya nganti pangandika
/ ana dene paran kiye / angantia pangandika / yen sampun ta rumangsa / Ngijrail
kagyat andulu / Ki Makrifat mangkat seba.
77.
Agancang dennya lumaris / Ki Ngisrapil alon mojar
/ wong lima winisek kabeh / Allah ika gusnenira / pan lagi mangkat seba / lah
iringen aja kantun / den enggal nuli mangkata.
78.
Wong lima samya angiring / samya beta upacara /
sarta lan pengawinane / pan sampun pepak sedaya / samya nututi lampah / pan
enggal lampahipun / Ki Makrifat pan tumingal.
79.
Balane samya tut wuri / Makrifat mesem jro nala /
Makrifat inggal lampahe / tan mambu wong mara seba / sarwi cawet kewala /
cingak sakeh kang adulu / samya micoreng jro nala.
80.
Tan memper saos ing gusti / tanb memba wong
sesarasan / ing sasolah pratingkahe / dhateng lumajar kewala / apan kadi jaran
ngerap / pan nora nolih ing pungkur / samya micoreng jro nala.
81.Lampahe separti angin / Makrifat lampahnya gancang / kang tut
wuntat keri kabeh / kang mangkat dhingin kawuntat / dungkap prapta ing
nglawang/ kang nama kori panutup / lir pendah kori srinata.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar