Selasa, 02 Desember 2014

ATUR PAMBAGYAHARJA

Assalamualaikum. Wr. Wb.
Mahardikeng tyas ring kamaradikan, nugraha miwah sih welasanipun gusti ingkang maha agung, mugi anggung sumandha wonten ing jiangga kita sawegung waraden sagung dumadi, raharja, niskala, satuhu.
Para sesepuh pinisepuh ingkang kinabekten.
Para bapak saha ibu ingkang kula hormati. Sarta para kadang ingkang kula tresnani.
Sumangga kita sesarengan munjukaken puji syukur dumateng ngarsanipun gusti ingkang maha Agung ingkang tansah pinayungan ing karahayon, saenggo wonten ing siang menika kita sedaya saged makempal wonten ing adicara sambung raos ing antawisipun warga.
Bapak-bapak saha para rawuh sedaya, ing sarasehan menika mangke kasuwun para sedherek sedaya raos pangraosing manah ingkang wonten sambetipun kaliyan kamajenganipun dhusun Banaran kita, supados kita sedaya mangke saged sami-sami nindakaken ewah-ewahan, saha nyampuraken samukawis ingkang kirang trep, saengga saged dadosaken tambah majenganipun dhukuh Banaran kita menika.
Ing antawisipun panjenengan sedaya kagungan hak pangandhikan ingkang sami, pramila mugi keparenga nindhakaken hak menika kanthi saksaenipun.
Sak lajengipun. Awit kita makempal sampun sak untawis dangu. Pramila saraseahan menika kasumanggakaken dhumateng para rawuh sedaya.
Inggih. Cekap semanten, kula Suprihati minangka pambagyaharja, mbokbilih wonten klenta-klentunipun anggenene kula matur, kula nyuwun agunging samudra pangaksami.
Nuwun. Matur nuwun.
Wassalamualaikum. Wr. Wb

Tidak ada komentar:

Posting Komentar