Senin, 15 Desember 2014

Prabandari Muridku

Cerkak ingkang kula posting menika kapethik saking cerkak-jawa ingkang dipun posting dening niniklenyem , ingkang kula sunting dados cerkak menika. Kanthi irah-irahan wutuh kados aslinipun.
Prabandari Muridku

Lagi setengah taun aku mulang SMA Negri Mblimbingsari. Ning rasane kok wis rumangsa srek lan seneng. Murid-muridku duwe rasa hormat lan patuh karo guru, uga nggatekke yen diwulang. Kancaku paron, sing sepuh meh purna tugas ya ana, sedhengan yuswane, lan saangkatanku munggah sithik, isih akeh sing padha mbujang.
Awakku klebu yunior ning sekolahan kana. Sekolahan kuwi klebu ning kutha Kabupaten, dadi ya wis reja lan rame. Marang watak-watakke kanca-kanca guru, uga marang murid-muridku, aku wis apal, mula ya bisa nyrateni. Nganti atiku krasa, yen aku ditresnani kanca lan disenengi murid-muridku.
Jarene aku iku guru sing humoris. Ana siji bocah wadon muridku sing tansah dadi kawigatenku. Apa maneh bocah kuwi ya ayu. Yen ana kekarepan ora ewuh takon ing wektu ngaso. Malah nalika tak wenehi  PR saka sekolahan sing kudu ditumpuk Minggu ngarep, dumadakan Prabandari, ngono jenenge muridku kuwi takon.
Pak Gun, penjenengan punika dalemipun pundi ta, pak ??
O … aku neng kene mung ngekos, omahku adoh neng ndesa kana.”
“Ngekos wonten pundi ta Pak ?”
 Kampung Kenari Jl. Retawu No 7, ana apa ta Ndari ?” Pitakonku marang bocah kuwi.
Inggih namung kapingin mangertos kok pak. menawi kula lan kanca-kanca dolan mrika kados pundi? Angsal menapa boten ?”
Wah ya oleh-oleh wae ta, ning ya matur dhisik sak durunge, merga pagaweyanku ning kampus kuwi ya rada akeh.”
Oinggih matur nuwun pak.” kandhane karo mlayu ninggal esem. Ya esem kuwi sing njalari ati njur dadi gonjang-ganjing.
OPrabandari, wiwit aku mlebu mulang klas III sepisanan, aku wis kasengsem karo parasmu sing ayu…senajan ndhugalmu ngluwihi bocah lanang.” (nyebut ing batin).
Banjur lagi entuk telung ndina olehku menehi PR, Ndari teka ijen ning kos-kossanku, mung saperlu laporan yen ora bisa nggarap PR-e. Jarene durung mudheng tenan nalika tak terangake. Ning ya tiwas kebeneran, aku bisa nyawang sak maremku marang dheweke neng kosku. Mula kandhaku karo lungguh ing kursi tamu.
Ya wis ta kene, tak terangke sepisan maneh, nganti ngerti lan bisa nggarap PR-mu kuwii.”
Inggih, pak.” Prabandari banjur ngetokke buku lan kertas orek-orek saka tas. Aku ya njur gawe soal sing bakal tak anggo nerangke dheweke. Tak terangke lan tak contoni soal nganti telu, dheweke lagi mudheng tenan.
Pak, menawi soal PR kula garap wonten mriki kados pundi ?” Prabandari takon marang aku.
Wah becike garapen neng ngomahmu wae Ndari, kowe bisa takon-takonan karo kancamu, ning janji, ora nedhak lan ora kena kon nggarapke.”
Inggih pak, prayoginipun mangkeh kula garap piyambak.?
Syukur yen ngono, dadi kowe percaya karo awakmu dhewe.” Sarehne aku wong kos, mangka manganku neng njaba, mula Prabandari ya ora tak suguhi apa-apa. Dheweke uga ngerteni. Nanging aku ora tegel. Bareng dheweke pamit mulih.
Ndari ! apa melu aku golek ngombe disik ning warung ?” Aku ngajak Ndari golek ngombe disik. Ananging Ndari ora gelem.
“Matur nuwun pak, mangga pak guru kemawon, mangkeh kula wonten nggriya.”
“ oh yawis yen ngono, ati-ati ya.”
Nalika salaman, tangane tak gegem kenceng, dene tanganku kiwa kober nyiwel pipine sing mrusuh kuwi. Banjur Prabandari gage ngeculake gegemane, njur mberot mlayu marani motore.
Ah…pak Gunawan…kok nakal, ngenjing kula critakke bocah-bocah lho, pak?” ujare Prabandari.
Aja...aja…aja. Tenan Ndari aja…lupute yen dadi atimu.” Kandhaku was-was marang embuh krungu embuh ora, aku kandha ngono, ning bocahe njur nggeblas sawise motore urip. Ana sapletik rasa getun, e yagene ing atiku dumadakan wae ana rasa gemes marang bocah kuwi. Ning ya piye maneh, arep dikapakna wong jeneng wis kebacut, ya ngene iki sing njur marahi mlorot wibawaning guru enom, padha luntur ing sangarepe muride.
Wayah sore, rumangsa sumpek ana ngomah, aku banjur muter-muter kutha Kabupaten nganggo motor. Nalika tekan lapangan kebeneran ana tandhingan bal. Lapangan mau sabrangan karo Supermarket anyar, sing ketara akeh pengunjunge. Motor tak pinggirake banjur tak enggo lendhehan nonton tandhingan bal. Durung ana limang menit ndadak ing sisihku ana kenya ayu mlaku ijen aruh-aruh.
Mirsani bal pak? Gupuh karo nyawang wong mau.
Inggihlha punika badhe tindak pundi? Wangsulanku kanthi basa alus.
Wihkalih muridhe kok basa ta pak guru? Kandha ngono, wong ayu mau mbukak kacamata lan nglorot sleyere sing kanggo kudhung, marahi aku njur ora pangling.
“Owalah  kowe ta Ndari. Arep menyang ngendi?” Pitakonku sabanjure ngerti yen wadon kuwi Prabandari.
Badhe pados wedhak wonten Supermarket mriku, pak? wangsulane karo nggeguyu aku merga pangling.
Kosik!” Kandhaku cepet-cepet, aku ngunci motor, banjur nyedhaki dheweke. Bareng dalan rada sepi, tangane tak gandheng tak sebrangke ora suwala. Kana ndang blanja, mengko tak tututi, aku tak njupuk motor dhisik.” Prabandari mung mesem karo manthuk-manthuk. Bareng motor wis tak titipke, aku gage mlebu toko nggoleki Prabandari sing lagi blanja. Kranjang tak jaluk tak gawakake, aku mlaku neng mburine, jankaya wong pacaran kae. Aku ndedonga, muga-muga aja nganti kepethukan kanca guru luwih-luwih muridku, mundhak ning sekolahan dadi gegerSawise blanja banjur metu saka supermarket.
Ndari !,mulih numpak apa? Tak terke mulih piye?”
“boten usah pak, kula namung caket mriki kemawon kok pak.”
Oh yawis yen ngono, aku tak bali nonton bal maneh.” Kandhaku kanthi ati gela. Sabanjure, mundhak dina srawungku marang Prabandari saya raket. Sing marahi kabeh mau, ndadekke atiku GR. Lan kayane Ndari krasa, yen aku tansah nggatekke dheweke. Yen mripat padha dene pas tempuk nyawang, Prabandari mesthi mesem manis...banget. Atiku dadi gonjang-ganjing ndayani anggonku mulang ora bisa konsentrasi.
Nalika wayah ngaso, dheweke ora metu, ning ngetokke taplak rendan sing durung rampung saka tase, banjur nyikluk ngrenda. Aku nyedhaki banjur takon.
“Nggawe apa Ndari ?”
Ndamel taplak meja pak, budhe kula ingkang wonten Bandung dhawuh dipun damelaken.” Aku ngiling-ilingi karo ndumuk banjur kandha.
“Yen wis rampung, aku pesen gawekna ya Ndari !” Kandhaku karo nyangklek neng cedhake.
Wong priyantun kakung kok remen taplak ta pak, mbok mbenjang menawi sampun gadah garwa. Kula kadho ta tapalak pak.”
“halah…ndak ana sing gelem karo aku ta Ndar?
Ingkang purun nggih kathah ta pak, wong pak Gunawan ngganteng kok. Wangsulane Ndari karo nyekikik mandeng aku.
Aku eling yen ana njero kelas, senajan ati isih kepingin cecedhakan, ning gage aku ngadeg karo kandha lirih Suk aku tak golek sing ayu kaya kuwi ya Ndari.”  Pas aku tekan njaba, lonceng tandha masuk sing diunekake pak bon muni. Aku banjur mlebu kelas bareng bocah-bocah, tak delok Prabandari wis nglebokake rendane ning tase.
Embuh mung rasaku, embuh ya piye, ning janji tempuk panyawange, Ndari mesthi mesem… . esem sing kebak makna jero mungguhing atiku. Mangka aku mono jejering guru, sing wajib digugu lan ditiru. Nanging kanggoku, unen-unen kuwi mung kaya ukara apalan endah sing wektu iki ora nyenggol atiku.
Meneng-meneng citrane Ndari muridku sing ayu pawakan bongsor kuwi, mundhak dina saya mundhak mlebu keket ing atiku. Piye ya, apa Ndari ya duwe rasa kaya rasaning atiku?” takon ing jero batin. “Ah embuh…“ Kabeh isih mujudake cangkriman sing batangane isih siningit.
Bel bubar sekolah keprungu saka ruang kelasku, bocah-bocah wis wiwit padha metu. Aku sendhen ana lawang klas, ngawaske murid-murid sing padha bubaran. Kaya padatan, Ndari angger liwat ngarepku, wektu kuwi ora mung mesem, ning mringis karo njarak mlaku mepeti karo nggone olehku ngadeg, kepara nyenggol-nyenggol lengenku. Atiku mak nyes rasane, ning pikiranku njur kewur.
Nalika aku ngawasake lawang regol sekolahan, aku weruh ana mobil sedan Starlet metalik. Ndadak bareng Ndari tekan latar, sopir sedan kuwi medhun mapak Ndari, banjur ngrangkul karo ngesun, sing ditanggapi dening Ndari kanthi bungah.
Meruhi Ndari mbukak lawang sedan njur lungguh njejeri sopire, atiku mengkap-mengkap panas banget. Semprul tenan! Jelas kae mau dudu abdi methuk bendara, ning mesthi pacare Ndari.” Batinku mangkana. Wong bocahe resik tur ya bagus, gek umur-umurane ya sajajar yen karo aku. Atiku laranrangkngrantes, ning aku ora bisa apa-apa.
Tekan ngomah, tas tak uncalake, tanpa nyopot sepatu, aku njur ngebrukake awakku neng dhipan. Batinku ora trima. Yoh Ndari, awas wiwit sesuk aku ora bakal nyaruwenggatekakesudi apa aku mbok tandhing-tandhingake karo jaka bagus ?
Ya wiwit kuwi, aku mbudidaya ora nggape lan nggatekke Ndari. Yen aku ana kelas ngadhepi bocah-bocah, aku ora tau ngawaske dheweke, yen pethukan nggiwar utawa mlengos, wis pokoke aku tansah ngedohi dheweke.
Senajan sejatine atiku nangis polahku sing ngene iki wis ana rong Minggu, embuh nganti kapan aku ora ngeti. Minggu sing katelu, wiwit dina senen nganti kemis Ndari ora mlebu, kancane uga ora ana sing padha ngerti, lan ya ora ana sing mamitke.
Dina Jumat esuk, ing regol sekolahan ana sedan sing kanggo methuk Ndari dhek emben, sopire ya bocah bagus kuwi.
Diterke dening pak bon, bocah kuwi nothok kelasku, sejatine aku wegah nemoni, ning piye wong iki tamu. Sawise aku metu cah bagus kuwi takon kanthi alus.
Punapa leres pak, penjenengan pak Gunawan guru wali klasipun Ndari?
Inggihwonten punapa ?
Anu pak, kula nyuwunaken pamit Ndari, piyambakipun wiwit dinten Minggu punika sakit, ngantos samenika dereng mantun, ngantos mboten saget mlebet sekolah.”
Oinggih, lha penjenengan punika pernah punapanipun ?
Kula pak?, kula punika kangmasipun Ndari ingkang wonten Bandung, punika pinuju liburan.
Dhegatiku mak jleg. Aku wis salah sangka, wis nduga sing ora-ora. Gage wangsulanku :
O inggih dhik, inggih, atur penjenengan sampun kula tampi.” Wusana bocah bagus kuwi njur pamit bali.
Bali gumawang citrane Ndari sing wis tak ewani nganti rong Minggu, atiku dadi welas lan mesakake banget. Aku rumangsa getun kapati, rumangsa dosa marang dheweke, dene kok wis gawe laraning atine. Mesthi wae Ndari ya ora ngerti, geneya aku ewa marang dheweke. Jebul atiku sing keweden, yen nganti kelangan cah ayu Prabandari. Kangmase tak kira pacare. Pantes dhek ngrenda taplak kae jare sing weling budhene sing neng Bandung, mesthine ya weling kangmase kuwi. Rasane atiku njur notol banget, selak kepingin weruh muridku sing tak tresnani kuwi, lan yen perlu, aku bakal njaluk pangapura.
Wayah sore tangi turu ngaso awan, aku mara neng omahe sing wis diwenehi ancer-ancer cah bagus kangmase Ndari, dhek teka mamitke kae. Nalika aku uluk salam sing ngetoni ya kamase kuwi. Gupuh-gupuh anggone ngacarani tekaku.
Mangga-mangga pak Gun, punika bapak ibu tindak arisan trah, kula ingkang kadhawuhan nengga adhik. Lha punika Ndari taksih ngaleleh wonten kamar petilemanipun. Dereng purun maem, pak. Mangga pak , menawi badhe ningali”
Aku di ajak kangmase mlebu kamare. Ndak delok Ndari mblujur krukuban slimut rapet. Aku lungguh ning pingir dhipane. Kanggo wangun-wangun karo kangmase.
O inggihsampun tepang kok kula dereng ngertos asmanipun, penjenengan sinten dhik ?
Kula Prabantoro pak, putranipun bapak ibu punika namung kalih, kula kaliyan dhik Ndari. Gandheng budhe ingkang wonten Bandung mboten peputra, mila sak rampungipun SMA, kula dipun dhawuhi nglajengaken sinau wonten ngrika.
Oh nagana ta.” Aku ngedhongi kandhane karo manthuk-manthuk. Tumuli kandane maneh
Malah ngaten inggih pak, mumpung pak Gun lenggah wonten ngriki, kula ndherek nggriya sekedhap, badhe maketaken taplak rendan dhateng budhe ing Bandung, budhe rak remen sanget rendan garapanipun Ndari.”
O inggih mangga dhik, kula ingkang tengga dalem. Kandhaku bungah. Bareng swara mobil wis metu pekarangan, kemul sing kanggo nutupi raine Ndari tak bukak. Aku kaget. Merga raine Ndari pucet banget, bareng ngelekke mripate, banget olehe cowong. Aku nyedhak nyangklek ing raine, karo kumlesik ing kupinge aku takon.
Ndari, kowe lara apa ?
Sakit manah.” wangsulane cekak. Kandha ngono iku bali narik slimute krukup karo ngiringke awake ngungkurake aku.
Nalika bantale ketarik mingset, aku weruh buku harian cilik, sing sajake mau diseleh ing ngisor bantal. Bukune gage tak saut njur tak bukaki. Tekan halaman keri dhewe, sing cetha dina lan tanggale lagi dhek wingi ditulis, banjur tak waca sing unine ngene :‘Wis rong Minggu, pak guruku nggantheng sing tak tresnani kuwi njothak aku, sing aku ora ngerti sebabe. Atiku susah, lara, semangat sinauku ilang, njur marahi aku wegah mlebu sekolah. Wusanane aku dadi lara nganti saiki. Yen sajroning lara iki dheweke ora ngaruhke, aku bakal metu lan pindhah sekolahan. Semono mau yen aku mari. Upama ora, tresnaku marang pak Gun, bakal ndak gawa mati.
Rampung maca mripatku nrocos ora kena ndak ampah. Rasa welas, trenyuh, lan keduwungku sing mbangeti. Dhasar ngomah sepi, Ndari sing turu miring krukupan iku, kemule tak sebrot, awake tak glebagake tak ruket kenceng karo kandhaku groyok.
Ndari, sepurane, aku salah, aku kleru panerka, kangmasmu tak kira pacarmu. Gek mari ya Ndari ! njur mlebu sekolah maneh, aku wis kangen banget. Ndari nyawangi aku mencereng ning njur kaca-kaca. Dheweke isih tak kekeb kenceng karo tak arasi bathuk lan pipine, sarta wola-wali anggonku njaluk ngapura.
Kok pirsa, pak ?” pitakone Ndari kanthi lirih.
Aku gage nuduhake buku hariane. Dheweke mesem, senajan luh sing metu saka mripate mundhak deres. Aku kandha lirih tak tempelke ing kupinge.
Ndari, gek mari ya ! Njur mlebu sekolah, aku tresna kowe Ndari ! Ngati lulus SMAmu, nganti rampung kuliahmu, aku bakal setya nunggu sliramu Ndari, gedhene tresnaku marang sliramu.
Krungu kandhaku mau, Ndari nyawang aku tajem, banjur ngruket aku genti, ngati kuwalahan anggonku ambegan. Ngono mau nganti sawetara. Bareng keprungu gerenge mobil mlebu pekarangan, aku gage njranthal neng kamar tamu api-api maca koran. Let sedhela jedhulToro wis bali njur kandha :
Wah matur nuwun sanget inggih pak, malah tambah ngrepoti.
Ah mboten dados punapa dhik? wangsulanku bungah. Bareng wis omong-omong sedhela karo Toro, aku njur pamit mulih. Saka kamar tamu, aku kandha rada seru tumuju Ndari ing kamare.
Ndari gek ndang mari ya, njur mlebu sekolah. Kanca-kancamu wis padha kangen. Saka kamar ora keprungu swara wangsulan, ning atiku mesthekake, yen Ndari sedhela maneh bakal mari, waras saka larane.
Lumakune taun ora rinasa. Ing wayah esuk, aku nglorot gas motorku, lakune gledhenganku pancen tak gawe lon-lonan ngiras ngresepi segere hawa esuk.
Arahku ngalor tumuju Kaliurang, ing mburiku ngethepel nempel geger mahasiswi tingkat telu jurusan sastra, sing undang-undangane Ndari. Ing driji manise rinengga kalpika pepacangan, kanthi ing njero inisial jenengku.

Cuthel

Tidak ada komentar:

Posting Komentar