Pupuh VII
Maskumambang
Maskumambang
1.
Kawarnaa ingkang atengga kori / sang Malekat
Mungkar / bumenipun Gedhah singgih / sinawaur mulya adi retna.
2.
Pepak kabeh saisinira winarni / kayon tunggal
warna / miwah godhoong tunggal warni / pan samya gedhah sedaya.
3.
Tiningalan endah warnane nulya sri / widadari
kendran / wau ingkang ngarsiki / warnane lir pendah retna..
4.
Yen dinulu sumirat lir mega abrit / kang angreksa
kathah pan sedaya widadari / pan kacacah sewu bara.
5.
Sapraptane Sarpiningrat lan kang rayi / sang
Malekat Mungkar / kagyat wau ningali / yen kekasih lagya prapta.
6.
Nulya age lumengser sang Mungkar ajrih / aneng ing
pipi lawang / arsa marepeki ajrih / Ni sarpiningrat lumampah.
7.
Wus lumebet ing kori mijil ping kalih / sakathahe
ika / kang atengga widadari / kathahipun sewu bara.
8.
Pernahira kumpul widadari sami / pan samya amarak
/ sami ngayap aneng ngarsi / Ni Sarpiningrat ngandika.
9.
lan sakehe ingsun pepak sira sami / lah padha toha
/ timbalane Hyang Pramesthi / genira ngreksa kagungan.
10.Lah ta padha resikana ta sami / pan punika uga / pangandikane
Hyang Widi / sakehe kang ngreksa syarga.
11.
Sakathahe pra samya kinen ngarsiki / poma
lampahana / iku sebdane Hyang Widi / lah iku kaenaning Hyang.
12.Lah ta uwis pamitan manira iki / sadaya warabana / nuwun
sandika turneki / punapa kang pangandika.
13.Sasemone pangandikane Hyang Widi / Sarpiningrat ika / anulya
lumampah aglis / lestari sakarsanira.
14.Arenira Ni Aruman datan kari / tansah kanthen asta / lumampah
lawan kang rayi / dhateng syarga pertamanan.
15. Lampahira lan kang rayi aglis prapti / ing lawang
salukat / arane kang ngreksa iki / Ki Malekat during miyat.
16.Gih Punika kang sinungan tengga kori / malekat during miyat /
rarancangan sarwa sari / pan rurube astralaya.
17.Gambar ingkang aneng ngayunan angrawit / ingaranan ika / Prabu
Satmata puniki / linebe sakarsaning dat.
18.Wewayangan katingalan aneng bumi / prabanya kumenyar /
sorotira anelahi / apan tan kena surema.
19.Pepak kabeh saingsen-ingsen sekalir / pan samya piningta /
tanapai kayon kang adi / asri rone mancawarna.
20.
abra murub gandane amrik awangi / endah tiningalan
/ kang angreksa widadari / kathahe rongewu bara.
21.Yen dinulu gebyare lir pendah thathit / senen apadha / kang
atunggu lawang nenggih / sang malekat juru miyat.
22.
SARPININGRAT sigra lumebet ing kori / kaliyan Ni
Aruman / apan wus prapta ing wijil / alinggih ing tamanira.
23.
Dewi Sarpiningrat angandika aris / sanak-sanak sun
padha / pepak anenga ngarsa mami / atompoa pangandika.
24.
Lah ta sira padha kumpula den aglis / akeh kang
rumeksa / sanak mara widadari / apan samya marak ngarsa.
25.
Pepak kabeh samya ngayap munggeng ngarsi /
Sarpiningrat mojar / lah sagunge sanak mami / atopoa pangandika.
26.
Resikana syarganira ingkang adi / pangandikaning
Sukma / poma iku den kaesthi / aja sira salah cipta.
27.
Lah ta sira kantuna manira amit / widadari mojar /
nuwun sih andika gusti / punapa kang pangandika.
28.
Sasampune ngandika laju lumaris / Niken
Sarpiningrat / den enggalaken ta uni / kawayang sapolahira.
29.
Arenira astane tansah kinanthi / ubayane ketang
ing sakarsane ing Hyang Widi / dhateng syarga mungkaraban.
30.
pan ing dayat punika kiya kancing / rurube saraba
/ tetali muta sajati / gumenbyar yen tiningalan.
31.Hanedah lalangsene lungsir putir / aju-ajug selaka / ingadu
manis respati / ineb-ineb gambar seta.
32.
Kang angreksa ing lawang puniku nenggih / Ki
Malekat Nrewan / punika kang sinung kardi / yaiku syarga selaka.
33.
Saingsine punika barang sekalir / tenapi
kakayonnya / pan samya selaka adi / samya datan kawoworan.
34.
Kang angreksa sekathahe widadari / tigang ewu bara
/ dinulu lir kilat thathit / Malekat Mriwan pan kagyat.
35.
Aningali ladun kekasih kang prapti / gita manahira
/ gupuh nulya minta kori / sasampune lengser inggal.
36.
Sakalangkung ajrih Malekat Nriwani / Dewi
Sarpiningrat / lumaris malebeng kori / lan arine Ni Aruman.
37.
Prapta wijil Ni Sarpiningrat alinggih / nulya
angandika / heh sakehe sanak mami / lah sapanen nraganingwang.
38.
Lah ta padha merenea dipun aglis / kumpula neng
ngarsa / sakathahe rewangneki / pepak aneng ngarsaningwang.
39.
Widadari samya kagyat aningali / sapraptane ika /
kekasih kang lagya prapti / kang minggah dhumateng syarga.
40.
Adan Samikun seba sedayeki / angayap neng ngarsa /
wus pepak kang widadari / Sarpiningrat angandika.
41.Lah tompoa pangandikaning Hyang Widi / kabeh sanak mara /
syarganira den abecik / kabeh padha resikana.
42.
Kabeh samya amanguna syarga adi / senen becika /
aja kongsi surem iki / poma padha yaktenana.
43.
Lah ta padha kantuna manira amit / sakeh
waranggana / matur sandika ing gusti / punapa kang pangandika.
44.
Sasampune ngandika lengser lumaris / yata
Sarpiningrat / arine tansah kinanthi / saya alon lampahira.
45.
Sapolahe kawayang-wayang den liring / kasih
sinisihan / wau kang sinedya ngati / dhateng syarga wahadiyat.
46.
Aglis prapta ing lawang tundha retnadi / wastane
punika / lawang andariyah nenggih / kajarah rurube ika.
47.
Kang kinarya kancing rekis puniki / jug-ajug
kancana / dinulu lir thathhit / padhange amindha surya.
48.
Gebyar-gebyar warnane lir mas sinangling / ineb
gambar waya / kang ngreksa jujuluk neki / Ki Malekat Jabariya.
49.
Gih punika kang kinen atengga syargi / lawan
syarga kencana / siningsene kencana di / kekayon godhong kencana.
50.
Padhangira apan surem sang hyang rawi / kang
angraksa ika / pan sedaya widadari / kehe patangewu bara.
51.Yen dinulu anglir pendah kilat thathit / gandanya angambar /
anelahi tinon asri / Ki Malekat JABARIYAH.
52.
Kagyat mulat lamun kekasih kang prapti / gupuh
minta lawang / Jabariyah lengser aglis / Sarpiningrat malbeng lawang.
53.
Lampahira aglis wau nulya prapti / wonten ing
gegilang / samya lenggah lan kang rayi / Sapiningrat angandika.
54.
Sakathahe sanak-sanakingsun kang prapti / lah
padha mrenea / sakathahe widadari / kang sinelir agumpula.
55.
Kathahipun widadri kang sinelir / kawanewu bara /
atap marak munggeng ngarsi / warnane lir mas rineka.
56.
Murub-murub dinulu asri angrawit / Sapiningrat
mojar / lah padha tompoa mangkin / pangandikane Hyang Sukma.
57.
Syarganira kabeh kinen angarsiki / poma ngetokena
/ mung iku parentah mami / sun amit sira kantuna.
58.
Waranggana nuwun aturira sami / punapa kang sabda
/ kawula dhateng nglampahi / sampune denya ngandika.
59.
Sarpiningrat anulya lumampah aglis / lawan arenira
/ kawayang lawan kang rayi / sampun jangjine Hyang Sukma.
60.
Pan sinungan nugraha sampun kaesthi / wau
karsanira / mring syarga DAHAWIYAH nenggih / lampahira aglis prapta.
61.Prapta nglawang punika ta sang dyah nenggih / rurube apelag /
emas sinawung kinardi / kancinge sekar pucunga.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar