PROSESI NGANTENAN WONTEN ING DAERAH GROBOGAN
Tiyang jawi kathah ingkang namung mangertosi prosesi ngantenan
yaiku siraman lan midodareni. Ananging wonten ugi rangkaian
prosesi sanes Ingkang sami pentingipun. Sanadyan radi ribet ugi njlimet
ananging boten wonten ruginipun menawi dados mangertosi langkung kathah wonten
ing babagan prosesi adat panganten sanesipun ing adat jawa.
Prosesi penganten adat jawa dipun wiwiti saking acara siraman.
Siraman menika dipun kalampahaken dados ngresiki jiwa kaliyan raga,
ingkang dipun kalampahaken sedinten saderengipun ijab kobul.
Acara Siraman
Acara menika wonten pitu pitulungan kagem nglampahaken acara
siraman kala wau. Tegesipun arupa campuran saking kembang setaman utawa ingkang
dipun sebat Banyu Perwitosari ingkang dipun pendhet saking pitung sumber banyu
sumur.
Dipun wiwiti saking siraman tiyang sepuh calon mempelai,
lajeng siraman saking pamaes (tukang rias), lajeng dipun lajengaken kanthi
mecahaken kendhi. Nalika sampun sonten dipun lajengaken acara midodareni.
Midodareni inggih menika malem kaping kalih ngeculaken masa lajangipun.
Acara menika dipun kalampahaken wonten dalemipun tiyang estri ugi dipun
anaaken acara nyentrik kangge mestiaken penganten kakung menika badhe rawuh
wonten ing ijab kobul ugi kepastian menawi keluarga mempelai estri sampun siap
nglampahaken perkawinan lan upacara panggih.
Upacara
Panggih
Sasampunipun adicara akad nikah menika dipun kalampahaken
upacara Panggih. Upacara menika dipun kalampahaken kapan kembang mayang menik
dipun bekta medl dalem kaliyan dipun semelehaken wonten caket dalem, ingkang
tujuanipun damel ngusir roh jahat. Sasampunipun menika penganten estri ingkang
tepangan kaliyan penganten kakung ugi nglajengaken upacara kanthi nglampahaken
adicara :
1. Balangan Suruh, inggih
menika nguncalacen godong suruh ingkang dados lambang tresna asih ugi setyaning
tiyng kalih menika.
2. Wiji Dadi, inggih
menika mempelai kakung ngidak tigan ayam ngantos pecah, lajeng mempelai
perempuan nelesi sukunipun ngagem kembang. Proses kados menika dados lambang
seorang suami kaliyan bapa ingkang tanggung jawab kaliyan kaluarganipun.
3. Pupuk, inggih
menika ibu mempelai estri ngusap mempelai mantu kakung ingkang dados pratanda
ikhklas narima dados bagian kaluarganipun.
4. Sinduran, inggih
menika mlampah alon-alon kanthi nyampiraken kain sindur dados pratandha menawi
mempelai kalih menika sampun dipun tampa dados kaluarganipun.
5. Timbang, inggih
menika mempelai kalih wonten ing pangkuanipun bapa mempelai estri dados
pratandha welas asih tiyang sepuh marang putra ugi menantu sami gedenipun.
6. Kacar-kucur, inggih
menika dipun tuangaken wonten pangkuanipun estri dados pratandha paring nafkah.
7. Dahar Klimah, inggih
menika sami ndhulang satunggal ugi setunggalipun ingkang dados pratandha
nyinauni menawi gesang sareng wonten ing susah kaliyan bungah.
8. Mertui, inggih
menika mempelai estri methuk tiyang sepuh mempelai kakung wonten ing ngajeng
dalem kangge mlampah sareng-sareng wonten ing papan upacara.
9. Sungkeman, kalih
mempelai sami-sami nyuwun pangestu dateng tiyang sepuh kalih.
Acara menika nalika kalampah ugi wonten tembang-tembang macapat
damel ngiringi kalampahan menapa kewawon ingkang dipun kalampahan wonten ing
upacara menika kanthi tembang ingkang trep kaliyan adicara ingkang
kalampahan.
Menika ingkang saged kula andaraken saking adat penganten saking
daerah Purwodadi, Grobogan.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar