CAKEPAN
TEMBANG MACAPAT
1. Sekar Macapat Pocung
Wit iku dadi panyangga langit biru
Langite kang padang
Lan dadi panggone urip
Yen nganti wite rusak dadine ala
2. Sekar Macapat Durma
Mujudake kaleresan urip mulyo
Dadi apik lan becik
gawe seneng nyawang
Yen padha duwe sawah
Bareng-bareng nandur pari
Dadi menika
Awujud konservasi
3. Sekar Macapat Asmaradana
Upama sinare bumi
wayah wengi dadi padang
ngupaya nglestariake
jagad iki kanthi jaga
sak becike lingkungan
kanga won dadi rahayu
ati seneng tansah bungah
4. Sekar Macapat Maskumambang
Kawujude manungsa ing negri ki
Amerga ugungan
Kang agawe leres becik
Iku manungsa lan alam
5. Sekar Macapat Mijil
Nguri-nguri ning budaya jawi
Ing budaya kita
Tembang lan basa wis pada lali
Yo bareng-bareng glestariake
Nglestariake budaya jawi
Budaya kang becik
Endah lan rahayu
6. Sekar Macapat Meghatruh
Ing zaman iki wis lali unggah-ungguh
Unggah-ungguh basa jawi
Budaya becik kang dangu
Pramila den uri-uri
Dadi budaya kang rejo
7. Sekar Macapat Sinom
Budaya tradisional
Yaiku budaya jawi
Pramila den ora ical
Sumangga nguri-nguri
Budaya kita iki
Ing nuswantara rahayu
Ingkang sampun sumambrah
Punapa den anjagi
Ben ora katilep budaya ning manca
8. Sekar Macapat Kinanthi
Budaya ning manca iku
Budaya bocah saiki
Yo pada di nguri-uri budaya
Budaya ning jawi iki
Pramila den wis sumambrah
Yo tetep di uri-uri
9. Sekar Macapat Pangkur
Den nguri-uri budaya
Landi mantep ingkang panggawe
becik
Dadi budaya kang maju
Lan dadi patuladhan
Ing anak putu ingkang rahayu
Wongkang nyawang dadi bungah
Leres lan nyantosani
10. Sekar Macapat Gambuh
Sumilir angin dalu
Agawe gugah anggone turu
Hawane ing wayah wengi kraos atis
Amarga alase gundhul
Den nandhur wit dadi rejo
11. Sekar Macapat Dandhanggulo
Tembang macapat iku tembang kang becik
Iku tembange wong jawa kang khas
Sakih pitutur kang leres
Pitutur kang rahayu
Duweni rasa lan wirama
Agawe ati bungah
Lan agawe trenyuh
Ugi agawe sumringah
Pramila den becik diuri-uri
Gawe cagak budaya
-Suprihati-
Tidak ada komentar:
Posting Komentar