Sabtu, 03 Januari 2015

sinopsis novel jawa

sinopsis novel


Novel karangan Suparto Brata sing judule Asmarani iki nyaritakake kisah uripe Asmarani. Asmarani iku bocah wadon umur limalas taun, anakke pak lan ibu Nataran sing sugih sawah ing desa ngombol. Asmarani uga duwe sedulur wadon sing jenenge yu Paerah, saiki ana ing surabaya.
Pak Marsan gurune Asmarani ing kelas enem, umure pak Marsan  meh tikel pindho karo Asmarani, ananging deweke durung duwe duwe bojo, merga deweke mung geleme karo wadon sing sugih sawah. Paerah sing biyen dadi incerane saiki wis intuk bojo ing Surabaya.
Saiki sing ana mung Asmarani , bocah wadon isih cilik, polahe ngluwihi bocah lanang, bandhel nanging piter lan ngangeni ning durung pantes yen dipek bojo, ananging gandheng Asmarani kuwi anake pak Nataran sing sugeh sawah, dadi pak Nataran ya gelem wae. Sawise Asmarani lulus bakal dilamar.
Liya dina, Asmarani gawe gara-gara karo Tarwi kanca tangga desa sing lagi mulih sekolah SMP, Tarwi diajak gelut ing buri sekolahan, tangane Tarwi getehen amerga dicakot Asmarani, nanging Tarwi ora bales, malah Asmarani diwenehi permen karet. Asmarani lileh banjur malah dadi raket, banjur Tarwi ngomong yen tresna marang Asmarani, Asmarani uga tresna ananging ora bisa merga Asmarani ngarep-ngarep bisa tunangan karo pak Marsan.
Sawise Asmarani lulus sekolah, Asmarani lunga menyang surabaya arep dolan gone mbkyune Paerah. Ing kana jebul umahe Paerah cilik ora kaya sing dibayangke Asmarani kaya nalika Paerah crita karo Ibune. Paerah karo bojo lan mertuwane judhes ora ukuran.
Nanging ing liya kahanan pak Marsan sing ditinggal lunga Asmarani iku nandang sedih lan getun, ananging rasa getun mau malih dadi bungah nalika maca layang sing nyasar saka jogja sing maune gawe pak Nataran, layang kuwi isine nerangake yen Asmarani dudu anak kandunge pak Nataran sing sugih sawah, mula pak Marsan malah seneng kanthi syukur durung sida nglamar Asmarani.
Nalika Asmarani mulih saka Surabaya, pak Marsan menehake surat mau kanthi eseman  ngenyek Asmarani. Sawise Asmarani rampung maca layang mau, Asmarani banjur nabung, ngumpulake dhuwit, kerja ing sawah  kanggo nambahi celengan sing bakal digawe sangu minggat ing Jogja ketemu ibu kandunge.
Tabungane Asmrani durung nganti kumpul wis ana utusane ibune teka ing omahe pak Natarn kanggo mapak Asmarani bali ing Jogja. Banjur pak Nataran ngomong yen Asmarani dudu anak kandhunge, lan nyaritakake kadadeyan nalika Asmarani isih bayi ditinggal Ibune. Sawise critane rampung Asmarani banjur pamit menyang Jogjaketemu karo ibu kandhunge. Ning Jogja Asmarani nerusake sekolah lan dadi wong kuta Jogja sing lumayan kecukupan.
Enem taun ing Jogja, Asmarani mulih ing Ngombol arep ngurusi layang klairane kanggo lunga menyang luar negeri nyusul kangmase ing Duesseldorf. Nalika tekan Ngombol Asmarani ketemu ibu lan pak Nataran uga ketemu Paerah lan jagongan karo pak Marsan. Asmarani crita kahanane uripe saiki ana ing Jogja kana. Sawise cerita Asmarani lunga menyang kelurahan ketemu Tarwi sing saiki dadi lurah kanggo ngurusi layang klairane Asmarani. Sawise layange rampung diurusi Asmarani banjur pamit memnyang Jogja maneh.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar