Pupuh V
M i j i l
M i j i l
1.
DEWI ARUMAN tumurun aglis / lampahira alon /
sangking ngumbul ngawiyat sangkane / angure weni samargi-margi / datan nolih
wuri / lumampah lan pnjung.
2.
Tan aetang wirang lawan isin / tangise pan alon /
sarta datan pegat sambate / datan sande dinukan ing gusti / dene tiwas mami /
kagungan Hyang Agung.
3.
paran polah ingkang ngreksa iki / tiwas ten ingong
/ mung kadange sinambat tangise / ingkang wonten udyana di luwih / Ki sarengat
nenggih / wus nyana ing kalbu.
4.
Lamun dinukan marang Hyang Widi / awaknya wus
along / anenedha mring Hyang Sukma mangke / muga-muga diapuraa mami / nedha
galap gampil / muji wangsul-wangsul.
5.
Pan kasaru dhatenge kang rayi / sang dyah ayu anom
/ Sarpiningrat atawan tangise / pada kang raka dipun sungkemi / pan sarya
nangis / sotya abih balut.
6.
Syara erak anganyutken ati / sasambatnya alon /
lir sundari sang dyah pangringihe / sangking sangete denira nangis / gubel
kadangneki / kang raka angungun.
7.
Ki Sarengat grahita ing ati / mring kang rayi
katon / Ni Sarpiningrat maras galihe / wus angrasa wau jroning galih / yen
panggawe mami / Ki Sarengat muwus.
8.
Sarpaningrat babo ari mami / matura den alon /
kadingaren lah yayi marene / sarwi sira tawan-tawan tangis / SARPININGRAT
angling / wuwusnya wor muwun.
9.
Pegat-pegat ature wor tangis / kakang gusti eningong
/ tiwas temen ngreksa sengkerane / pan angreksa kagungan dalem Hyang Widi /
kajeng sogangumi / nenggih samya ngalum.
10.Samya ilang warnane kang sari / alum ingkang godhong / kadi
pundi kakang mas purwane / adhuh kakang mas dika jameni / Sarengat ngling /
kewedan ing kalbu.
11.
Nulya emut kamulyane dhingin / sigra muwus alon /
tan kuwasa ing sunahe ANGGER / tan uninga kagungane gusti / maranga ing ardi /
Jabalkat wong ayu.
12.Anjaluka pernah sira yayi / mring Tarekat mangko / Ni
Sarpiningrat tikel alise / mirsa kang raka denira angling / dene anyaguhi /
dening mung satuduh.
13.Sarpaningrat rengu sarwi nangis / kesah pradong-pradong / tan
pamitan sang dyah duk kesahe / garundelan muwus turut margi / kang sinambat
tangis / kang raka ing gunung.
14.Ing JABALKAT denira alinggih / nedha tulung ingong / ingkang
kantun ing yogyana langke / Ki Sarengat lenggana tan angling / muwus jroning
ati / netra kumengbeng luh.
15.Arinira Sarpaningrat singgih / kang meksih katonton /
kirang-kirang akathah polahe / sangking pegelira ing galih / waja tansah kengis
/ teka asung wuyung.
16.Penangise teka dudut ati / sarwi melot-melot / lan tan pamit
wong ayu lungane / teka pantes grundelan nut margi / gentia kawarni / kang rayi
neng gunung.
17.Ponang ardi umbul wiyat singgih / sang dyah ayun anom / RETNA
DEWI ARUMAN westane / sarawuhira atawan tangis / Ki Sarengat angling padanya
rinangkul.
18.Anungkemi pada sarwi nangis / sesambatnya alon / tiwas temen
kakang mas sun kiye / enggen kula ngreksa kagungan gusti / nedha tulung mami
mring kakang wong bagus.
19.Sun tan wande kadukan Hyang Widi / Ki Sarengat jomblong /
sakelangkung abunek manahe / aningali marang ingkang rayi / ageng dennya
brangti / amicoreng kalbu.
20.
Kaya paran aweta kaeksi / katon melok-melok / tan
suwala neng jroning kalbune / Ki Sarengat istipar dharidhil / kadudoning pikir
/ ngusap jajanipun.
21.Ki Sarengat nulya tanya malih dhuh wong ayu anom / kadingaren
nimas mirah mrene / sira tumurun saking ngardi / sarya tawan tangis / paran
dadi wuyung.
22.
Menek ana ingkang dadi watir / kapalanging raos /
paran baya kang dadi atine / alah yayi matura sayekti / Dewi Aruman angling /
pan sarwi amuwus.
23.
Mingsek-mingsek kasesegen tangis / awor turnya
alon / dhuh kakangmas mila prapta kene / saking ngumbul wiyat awak mami /
ngreksa kagungan gusti / tiwas kakatengsun.
24.
Kagungan Nagabendana sakit / tan polah lit layon /
aneng ngarga kula tilar bae / alah kakang andika tulungi / jampenana mami /
kakang selak lampus.
25.
Ki Sarengat meneng datan angling / agamblok jaja
lon / sarya jelu-jelu manahe / pangucape agangsul pribadi / kaya napa mami /
tuwas-tuwas ingsun.
26.
Saya kathah durakanya Widi / delape awaking wong /
angur baya matia samangke / tanggung-tanggung urip awak mami / tan jamak lan
jalmi / ageng bekanipun.
27.
DEWI ARUMAN umatur aris / kakang atur ingong /
tambana sampun meneng bae / ecane manah kawula iki / dika prayogani / kang
mulyakna iki.
28.
Kangungan dalem ingkang asakit / maras temen
ingong / kaya paran aweta rusak bae / datan wande kabendon Hyang Widi / Ki
sarengat angling / tan kuwasa ingsun.
29.
Dudu ingsun tresandha yayi / kagungan kang layon /
mapan ana kang pinanci gawe / samya kinen wau nguni-nguni / sabarang neng mami
/ ana ing sanakmu.
30.
Kang palinggih neng Jabalkap uni / paranana mangko
/ Dewi Aruman runtik wuwuse / kaya paran kakang tan nyaguhi / entheng bobotneki
/ mila sun tumurun.
31.Apan sangking mukir pati-pati / mung dika kang katon / ingsun
emut kekadang dheweke / mengko sun susung datan nyaguhi / lah dumeh punapi /
datan sem maring sun.
32.
Apa katungkul sandhangan putih / agung agerembyoh
/ manggunga rasukan jubah bae / jejenggote ngarguyung awilis / brengose
jakithit / taliwange kusut.
33.
Dedeg alus kang budi / bungah den alem wong /
bungah-bungah yen linanjar bae / jenenge punapa iki / pan kakehan warsi / tuwa
bangka bawuk.
34.
Ki Sarengat tumungkul sarya ngling / sakarsanya
sinom / lir wayang dhalang upamane / papanjake nimas manira iki / bisa amiwiti
/ pinesthi Hyang Agung.
35.
Datan saget mungkasi ngong iki / adhuh aren ingong
/ Dewi Aruman aris wuwuse / yen mengkono godheg tanpa alis / tuwas nyanyukeri /
luhung dipun cukur.
36.
DEWI ARUMAN lunga tan pamit / sarya
pradong-pradong / sarwi muwus saya brangtine / asru denya sasambat ing tangis /
muhun anut margi / sambatnya mlas ayun.
37.
Adhuh gusti baya nora ngimpi / yen ingsun binendon
/ nenggih maring ing Hyang Sukma mangke / sakkelangkung dening brangta kingkin
/ kuneng kang winarni / kang palenggah gunung.
38.
Wukir Jabalkap ageng ainggil / Ki Tarekat kang
wong / sakelangkung amangun brangtane / wus kawayang cobane Hyang Widi /
margane bilahi / duk samya akumpul.
39.
Neng ngayunan panduka pinanci-panci / wahu mring
Hyang Manon / nenggih sangking Sarengat purwane / akarya ngrisak kagungan gusti
/ duk rinebat dhingin / pancene Hyang Agung.
40.
Pan kesaru dhatenge kang rayi / Sarpiningrat katon
/ sarya tawan-tawan ing tangise / sesambate sang dyah mlas asih / sarya
nungkemi / pada rakanipun.
41.Kya Tarekat agya den sungkemi / angrangkul jangga lon / nimas
angger manira tan dipe / Sarpiningrat matur sarya nangis / dhuh kakangmas mami
/ dika dereng ngrungu.
42.
Dene dika tan tolih ing mami / Tarekat lingnya
alon / kagyat ing nala mulat arine / dene beda sasolahe dhingin / Ki tarekat
angling / kaya ngapa iku.
43.
Babo sira kadingaren yayi / angrangkul maring
ngong / apa baya ana ing karyane / sapraptanira agegitani / matura ing mami /
aja geru muwus.
44.
Pan kawula semangke jrih ing sih / upamane ingong
/ pan kawula awong ginadhe / mila lejur tawan-twan tangis / anedha jejampi /
kang manah lir liwung.
45.
Adhuh kakang andika tambani / Tarekat lingnya lon
/ apa marga laranira kuwe / SARPANINGRAT matur bukaneki / manah esmu kingkin /
ewuh jroning kalbu.
46.
Dene sampun ubaya kariyin / dhateng ing Hyang
Manon / Dewi Sarpiningrat lon ature / kadi pundi kakang karsaneki / ywa lawas
ta mami / Ki Tarekat muwus.
47.
Tan Kuwasa nimas awak mami / karsane Hyang Manon /
pan wus ana iku ubayane / yen kagungan puniku ta sakit / yen wus tekeng jangji
/ wonten yektenipun.
48.
Sampun kersana Sukma linuwih / tuduh bae ingong /
lah miyanga kadangira mangke / kang palenggah Gunung ERAP nenggih / iku kang
prayogi / paranana gupuh.
49.
Sarpiningrat angling esmu runtik / kadi pundi
ingong / kakang karsa andika ing mangke / dene teka timbalan mangkin / nanging
kula suthik / mung dika kasuwun.
50.
Ki Tarekat wuwuse amanis / mirah ujaringong / lah
adhepen tuturingsun age / aja sira nelongsa ing budi / Sarpiningrat runtik /
ature mlas ayun.
51.Yen makaten kakang dika kari / kula kesah ngulon / sang dyah
agya lumengser lungguhe / Sarpiningrat pan sarya kasyasih / siking tyas jroneki
/ paran polahingsun.
52.
Pan aolah lampahe lestari / apan sarwi mlerok /
sang retnayu anutuh badane / pan duraka manira wet urip / sun tedha wak mami /
kapan baya lampus.
53.
Ki Tarekat anon anyekikik / dulu sang lir sinom /
pan katingal separipolahe / Sarpiningrat sarwi kontrang kantring / lumampah tan
tebih / pan saya trus lawung.
54.
Ki Tarekat meneng tanpa angling / dadya datan anon
/ jroning ati narima bekane / pan kasaru dhatenge kang rayi / sing ngumbul
wiyati / tawan-tawan muwun.
55.
Sapraptane Ki tarekat ngliring / ngrangkul pada
lon / gupuh-gupuh sumungkem padane / sang dyah mahu matur sarwi anangis / liwat
luwih gusti / tega marang ingsun.
56.
Pan kawula katiwasan gusti / Trekat gita lon /
mulat sapraptanira arine / sasolahe beda lan kariyin / Ki Tarekat angling /
dingaren wong ayu.
57.
Sapraptanira gita mas yayi / ewet
tangguhingong / apa baya kang dadi atine / atanapi yen duwe kuwatir / popoyana
yayi / Ni Aruman matur.
58.
Api tambuh kakang dika iki / katiwasan ingong /
mokal lamun tan weruha kiye / karsaning Hyang ingkang angsung wangsit / dinukan
Hyang Widi / risak kagunganipun.
59.
Kang wasta nagabendana nenggih / ingsun tilar
layon / lah ta kakang tambanana mangke / Ki Tarekat anahuri aris / kithing
dhimpil mami / warta dereng ngrungu.
60.
Pesthi tambuh awakingsun yayi / para mido mring
ngong / pan abener ujarira mangke / Dewi Aruman umatur aris / tambanana aglis /
dimen nuli mantun.
61.Ki Tarekat wuwuse amanis / tan kuwasa ingong / dudu para iku
tersandhane . kagungan rusak pan wus pinesthi / NAGANBENDANA gring / aturira
iku.
62.
Ingsun atuduh bae mas yayi / pan bebahan kang wong
/ ingkang alungguh Gunung ERAPE / paranana yayi dipun aglis / Ni Aruman angling
/ esmu runtik kalbu.
63.
Milanipun andika puniki / alian kemawon / langkung
pegel galihingsun kiye / pan andika gih tumut pinanci / ngraksa kagungan gusti
/ lagi jajonipun.
64.
Mangke dika teka angoncati / dumeh datan anon /
kula tempuhake mring dheweke / bisa punapa kawula estri / Ki Tarekat angling /
nimas areningsun.
65.
Aja sira salah tompa yayi / iya awakingong /
anyinggahi lara lan patine / durung ana jangjine Hyang Widi / manira sung margi
/ kang rayi den rungrum.
66.
Lah Aruman den arih-arih / angrasula kang wong /
ingkang rayi ala budine / canggeh pangucap ture matitis / basa ujar wangsit /
angreka ing tuduh.
67.
Rada gandes pangucape manis / Tarekat lingnya lon
/ ingkang rayi den lemesi bae / den prih aja kongsia nangis / pradene ta iki /
Aruman agasul.
68.
Lah ta kakang mara dipun aglis / aja mandheg
mayong / Ki tarekat amanis wuwuse / dhuh mas mirah ana ujar mami / glis maringa
ardi / ing NGERAP sun tuduh.
69.
Dewi Aruman amuwus aris / datan temen ingong /
baya dika kalangkung lumuhe anmepuhi maring lara mami / yen mengkono ugi
/ anistha kelangkung.
70.
Alemes basa jroning ati / nora nyana kang wong /
kabangkitan kawruh tinangkise / apa dumeh ingsun wong pawestri / kaburua mangkin
/ lampah dika iku.
71.Kang toya kinum sajro jeladri / adhem asrep mring ngong / mung
senene den pikirake / lir durjana tinerka memaling / kang kinarya tangkis / Ki
Tarekat tumungkul.
72.
Datan kena micaraa malih / dennya mirsa anon /
wuwusira kang rayi mengkene / leneg-legeg datan kena angling / sang dyah semu
runtik / nulya lengser sampun.
73.
Kesahira tan mawi pamit / kesah pradong-pradong /
asru wuyung mlas sih sambate / Ni Aruman lampahira aglis / Ki Trekat angliring
/ marang arenipun.
74.
Mesem sarya ngusap jajaneki / eman sira anom /
kontrang kantring ya lumaku dhewe / canggeh bisa micara ing wangsit / kawarnaa
malih / kang wonten ing gunung.
75.
Ki Khakekat dennya linggih / Gunung Ngerap kang
wong / kalangkung dene wuyung nalane / cobaning Hyang Sukma anekani / karaseng
jro ngati / dukaning Hyang Agung.
76.
Marganira Ki Sarengat dhingin / karya rupa mring
ngong / duk rinebat kagungan kriyine / pan kesara dhatenge kang rayi / sarta
tawan tangis / Sarpiningrat wau.
77.
Gupuh nulya angrangkul nungkemi / Ki Khakekat anon
/ sarya kinosya-kosya padane / sarpiningrat sambat ngasih-asih / pasang tabe
mami / kakang nedha tulung.
78.
Ki Khakekat kagyat aningali / mring kang rayi anon
/ apan sampun kumitir manahe / andulu polahe wau kang rayi / beda lan duk uni /
praptanira gupuh.
79.
Ki Khakekat wuwuse amanis / dingaren reningong /
duk tumurun asigra lampahe / lah tutura mirah mring wak mami / sarpiningrat
angling / asekel atengsun.
80.
Pegat-pegat matur sarya nangis / dhuh kakang
wakingong / milanipun kula prapta kene / pan tumurun dhateng Ngerap puniki /
kakang atur mami / katiwasan ingsun.
81.Gen kula ngreksa kagungan gusti / mangke temah layon / ingkang
kajeng sanggabumine / beda warnane kelawan dhimin / surem sorotneki / sarya
wastra alum.
82.
Kaleyange runtuh tibeng siti / ngong siram tan ayom
/ sanget dennya risake warnane / milanipun kawula mariki / kapang-kapang gusti
/ kula nedha tulung.
83.
Ki Khakekat meneng datan angling / mirsa sang lir
sinom / apan esmu kemengan manahe / Ki Khakekat wuwusira manis / tan
kuwasa mami / dudu duningipun.
84.
Nanging manira atuduh yayi / kang mulyakna kayon /
apan nenggih kadangira dhewe / kang palenggah Gunung NGARPAT iki / dunungen ing
galih / paranana gupuh.
85.
Sarpiningrat angling jroning ati / angrasa
wakingong / lamun kalunta-lunta lampahe / manahira pan sangsaya kingkin / alon
denira angling / anuwun katengsun.
86.
Kadi pundi karsa dika mangkin / menggah awakingong
/ dening teka alembatan bae / pan kawula wus ngandel ing gusti / Ki Khakekat
angling / lah dununganingsun.
87.
Alah idhepen pitutur mami / sira merdi mring ngong
/ apan durung pinesthi wajibe / yen dadia katresandha mami / pa gene sira yayi
/ asalah karya gung.
88.
Iya iku duduh ujar wangsit / dunungen reningong /
Sarpiningrat pan rengu galihe / yen mengkono kakang ngong parani / lengser
sangking ngarsi / Sarpiningrat muwus.
89.
Sasambate tan pegat samargi / tambuh polahingong /
samarga-marga sang dyah tangise / ing yogyana kang kesthi / mung kang raka
nenggih / kang kantun ing gunung.
90.
Ki Khakekat angeres manahneki / dulu sang lir
sinom / pan katonton separi polahe / Sarpiningrat tansah ngolang ngaling /
lampahnya sang dewi / tan ana kaetung.
91.Ki Khakekat angling jroning ati / eman temen kang wong / pan
kasaru dhateng rayine / Ki Khakekat kagyat aningali / praptane kang rayi /
tawan-tawan muwun.
92.
Gupuh nulya nrangkul anungkemi / aneng pada alon /
Ni Aruman akathah sambate / lah ta kakang tulungana mami / kawula puniki /
dinukan Hyang Agung.
93.
Ki Khakekat wuwuse amanis / matura reningong / Ni
Aruman amanis ature / milanipun kawula mariki / dhateng ngarsaneki / kakang
nedha tulung.
94.
Pan kawula katiwasan nenggih / inggih resaningong
/ apan Nagabendana ing mangke / kadya pejah kasanget ing sakit / sun tilar
puniki / sanget watiringsun.
95.
Ki Khakekat meneng datan angling / ing manah
karaos / duk semana ika purwane / langkung ewet manahira mangkin / cobaning
Hyang Widi / wus teka maringsun.
96.
Dewi Aruman umatur aris / kakang gusteningong /
yen ta nora waluya ing mangkin / datan wande kadukan Hyang Widi / kakang dipun
aglis / tambanana iku.
97.
Ki Khakekat anauri aris / tan kuwasa ingong / dudu
manira iku tandhane / sarusake kagungan puniki / tan ana kang pinanggih / yayi
awakingsun.
98.
Anyampurnakna kagungan gusti / nanging tuduh
ingong / nanging ana kadangira dhewe / kang alungguh Gunung NGARPAT singgih /
paranana aglis / mirah areningsun.
99.
Ni Aruman angling esmu runtik / kaniaya wakingong
/ dene teka alembatan bae / pan kawula pitaya kepati / marmane mariki / wus
kaping pat ingsun.
100.
Ingsun sidhep angecani mami / mangke teka linyok /
dika tansah alembatan bae / dumeh punapa kawula puniki / lah dika tempuhi /
basa apatingsun.
101.
Ki Khakekat anauri aris / sarta mesem alon / sarta
ingarih-arih arine / sinamur-samur yata kang runtik / sampun kaduk tampi /
dunungen reningsun.
102.
Ujaringsun iku yayi / apan dudu ingong / ingkang
kinarya tresandhane ing mangke / Ni Aruman ngucap sarya nangis / raka den
budeni / kaburu ing laku.
103.
Kadi watu kapendhem sela di / sela mor lan kang
wong / sela obah kelawan bumine / kadya angin kadhangan ing wukir / mangkya
lali margi / Ki Khakekat muwus.
104.
Sarya gumuyu suka ing ati / bisa areningong / dene
bisa angucap mengkene / alah mara dunungena yayi / Ni Aruman angling / pan
sarya amuwus.
105.
NI ARUMAN kesah datan pamit / kesah
pradong-pradong / mingsek-mingsek ngusapi waspane / Ki Khakekat mulat mring
arineki / manah esmu kingkin / mesem mor lan rengu.
106.
Pegel tyase awekasan angling / eman ayu anom /
dening kontrang kantring ta polahe / lampahira datan mawi cethi / kawarnaa
malih / kang lenggah ing gunung.
107.
Ardi Arpat denira inggih / Ki MAKRIFAT kang wong
sakelangkung liwunge manahe / lampahira pan aedan eling / datan nyandang jarit
/ angulas raga alus.
108.
Karyanira meng-ameng ing wukir / mider-mider alon
/ aneng ing Gunung Arpat pernahe / sarta ginandheng astane kalih / singsot
sarya muji / totolih ing pungkur.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar