Senin, 08 Desember 2014

JASMANINGRAT pupuh IX Kinanthi

Pupuh IX
K i n a n t h i

1.    Kang ngiring sang retnayu / sekathahe widadari / cacah sangangewu bara / neng tengene ngapit / saweneh aneng ngayunan / ana kang aneng ing wuri.
2.   Sang retna kekasih laju / sedhatenge kapesthi / nulya sira aglis munggah / dhateng kupi mandragini / mring gedhong jinam kumala / sampun prapta pancaniti.
3.   Lenggah gedhong sang retnayu / ing gedhong kulon adi / sang retna sampun ngedhatyan / ing jinem gandanya amrik / ingkang kemit widadarya / waranggana kang sinelir.
4.   Samya endah warnanipun / sakehe pan dalan syargi / samya winangun punika / padhang sumirat lir thathit / wau kang lenggah punika / kang wonten ing mahmur kadim.
5.   Ya Allah timbalanipun / dhateng sang nabi kekasih / nulya Allah ngandika / Kun ya Muhammad iki / iya ingsun den kaetang / tan ana ingkang prayogi.
6.   Yen dudua sira iku / kang yogya dadya tetindhih / aneng jagad ngansia / wus sun gedhong jenengneki / gumantia mring di ngingsa/ kang dhingin tan ana malih.
7.   Ingkangsun kekudang jumenenga / gumantia jeneng mami / kang dadi tetindhih jagad / ing ngangsia ta puniki.
8.   Tetkalane tumurunipun / sangking langit kaping tuni / ingsun amaringi cahya / aran wuludiyat iki / ingkang murub ing wedana / ya sun anganggo iki.
9.   Kang madhangi jagad agung / murub tan ana metengi / kalawan sandhanganira / kang aneng syarga luwih / lusir retna kang kinarya / kang sun kon anganggo uni.
10.Malah ing satuhunipun / Jabarail kang tinuding / sestrini atuduh marga / wekasingsun wanti-wanti / poma-poma nabi Ngingsa / malah kupinge sun jiwir.
11. Sakehe wewekasingsun / enget-enget wanti-wanti / anaa ta ingangsia / iku pamrihingsun malih / Muhammad nambungi sabda / dhateng leres tuwan ugi.
12. Sangking pangandika ulun / mongsa borong tuwan ugi / mangka Allah angandika / heh Muhammad wekas mami / santuturi bae ta sira / kekasihingsun puniki.
13.Praptane ngangsia iku / pan wus nama kadhatoning / endah pelag warnanira / kathah inten kumala di / sorotipun apadhang / syada biru semu putih.
14.Tumawi teja kekuwung / mangkana kang den anciki / lamun pinandeng ing tingal / kadhaton surem senening / malah temah luloh ika / lama niksa aningali.
15.Surem ngangsia puniki / dene cahyanira nelahi / mongka Ki Muhammad nebda / amba matur ing luwih / amba yun uningaa / tuwan andika warteni.
16.Kasih tuwan Ngisa iku / sapitan gedhene ugi / miwah dedege punika / yen angucap kadi pundi / tuwan amba wartenana / ing ondhe-ondhening mangkin.
17.Mangko Allah alon amuwus / Muhammad takon mring mami / ing warnane Nabi Ngingsa / datan ana amadhani / yen ngadek meh sundhul kasa / yen petat lir gelap muni.
18.Sembada lan dedegipun / tanapi lamun alinggih / dhehdemene sila tumpang / den encot-encot pupuning / lah iki pituturingwang / ya Muhammad mring sireki.
19.Yen sira tanya maring sun / ayun wruh ing Ngingsa uni / wateke mengkono uga / Muhammad umatur aris / anuwun sebda panduka / Allah angandika aris..
20.               Heh iya Ngisa puniku / wusana ngangsia mangkin / sun gawe tetindhih ika / pepak sabalane iki / malah karta nagrenira / milya jangad ngangsiyeki.
21.Sarisap pan dadi tunggul / sari-sari lawan siki / ana pitungatus warsa / neng jagad ngangsia iki / pan adhem parentahira / iya Ngisa puniki.
22.               Teka manah katungkul / miwah sabalane sami / padha lali marang ingwang / sun anti sareng kang ati / lawan rongkangat punika / nungkap tiba rekang ati.
23.               Kongsi patang rengkangat ketung / limang rekangati / pamrihingsun marang Ngisa / sak pupene ingkang ati / ngongsidhep di tataa / sun anti elingreki.
24.               Pan kongsi akir satahun / ing sakala ya lalining / kerut manah kalimputan / ing manahe milu lali / marang jenenging manira / ya agung kasukan iki.
25.               Asru laline maringsun / malah ngaku jeneng mami / angaku purba wesesa / mangka sesumbaring iki / tan ana amadhanan / neng jagad ngangsia iki.
26.               Ing nama mung jenengingsun / pan ingsun purbaning bumi / iya ingsun kang wasesa / ingsun Allah kang sejati / alanggeng tanpa sesama / sun akarya bumi langit.
27.               Ingsun kang karya syarga gung / kang karya neraka mami / kang karya lara kapenak / duk lagi wang-uwung dhingin / durung ana kang pratala / duk durung ana kang langit.
28.               Apadhang sumaruwung / lah iya Ngisa puniki / iya ingsun kang akarya / anane bumi lan langit / ingkang aneng ingasiyan / pan dadi sakarsa mami.
29.               Ing bakale buminingsun / kang akarya iya mami / kang aran nurma wikara / ya miwah bakaling langit / nurmani karang ngingsa / sung gawe langit puniki.
30.               Ingsen-ingsen puniku / kang dadi kelalar mami / kang jati sipating ngaral / apepek ingsining bumi / ingkang sun gawe neraka / puniku pan mener ngati.
31.Kang dadi syarga puniku / pan menering tingal mami / kang mungguh ing tengen ika / mapan saingsining nguni / apan marga sangking ora / saosikingsun wus dadi.
32.               Ingsun Allah wasesa gung / si Ngisa sesumbarneki / sangking pegele ateningwang / marang si Ngisa puniki / dene sesumbar mengkana / heh Muhammad tutur mami.
33.               Ing srandune awakingsun / mehana den osak-osik / sapangakune punika / marang jenengingsun puniki / kaya ingsun anglirena / mengkana den osak-asik.
34.               Ambarubuh sarak agung / Muhammad ngandika malih / amba matur ing tuwan / lamun turun Ngingsa uni / banggi sumuwun ing kalah / wus antuk uning.
35.               Sangking sebda tuwan agung / marma purune kepati / anulya Allah ngandika / tan angrasa awak mami / heh to kowe Muhammad / mongsa sun ucap puniki.
36.               Ana dene wekasingsun / saturunipun rumiyin / marang jagad ing ngangsia / malah kupinge sun jiwir / ingkang sun tutur punika / ujaringsun wanti-wanti.
37.               Teka nulya ngaku tengsun / ambarubuh sarapneki / sesumbar ira mengkana / tan ana ingkang madhani / purba ing dhewekira / mangka ingsun anuruni.
38.               Anuruni seksitengsun / mangka si Ngisa puniki / ingsun eneh masebat / dene andaru lalining / wondene ing pamrihingwang / ya Muhammad ingsun iki.
39.               Marang sinambi ngaseku / laline mring jeneng mami / anging NGISA atobata / pamulane sun wewehi / musibat tumangpeka / si Ngingsa sun eprih eling.
40.               Lah Muhammad iya tengsun / anuruni toya aglis / aran kodrat marbin ika / tiba ing Ngasia wradin / ingaranan udan awah / maletut tibaning warih.
41.Udakawis genge jawah / sadhulang ganalang nenggih / tiba ing jagad ngangsia / mangka kelem ing jeladri / negaranira si Ngingsa / sabalane kelemsami.
42.               Malah si Ngingsa puniku / meh kakelem aneng ingwarih / aja gancang ta lumajar / sarya gendeng-gendeng rabi / guguping manahira / Muhammad sun tutur iki.
43.               Duk lagya semana iku / katon sapolahing rabi / jerit-jerit gondheng asta / si Ngingsa lumayu nangis / angungsi ing palya kapal / sawuse neng kapal iki.
44.               Si Ngingsa lan rabenipun / putrane den awe gipih / wastane si Capanaha / kakantan apan wus den wangsit / ingajak anitih kapal / ing sakarsaningsun mangkin.
45.               Si Panahan pan lumayu / munggah ing Jabalkap ardi / den ungsi lan rabenira / Ngisa putrane deng sengi / anitihi iya kapal / manahe tan gelem mangkin.
46.               Akedah ngusi mring gunung / mangka Ngingsa duwe janmi / marang ing anakira / iya anakingsun iki / nanging dudu anakingwang / si Manahan meksa lali.
47.               Lumuh manira angumpul / mangka si Ngisa puniki / kenger kapale semana / kagunturan dening warih / sarta kamempyuking ombak / palya malang mujur maring.
48.               Iline warih kang tinut / Gunung Jabalkap puniki / pan wus kalebon ing toya / pan wus kasaban warih / kang gunung kelem sedaya / si Panahan nunten keli.
49.               Lawan rabine puniku / anut saparaning warih / gandhengan lan rabenira / si Panahanan nulya eling / asambat-sambat maring wang / sun turuni nugrahani.
50.               Mentas bang wetan puniku / ing pamenering sun nenggih / munggah wekasaning jagad / kang aran bumi masrik / enggene kang nata si Panahan / alami ngasia uni.
51.Mongkoa putusanipun / jajam lawan sepi mangkin / ingkang ingsun utus mreksa / abekteni Ngisa uni / yen jagadira wus sirna / paran karsanira maning.
52.               Malah mangkin teka durung / bayakekan sun atawis / aneng jagad ingasiyan / tan kena balia maning / karana ngalih tan kena / ya Muhammad kang sun tuding.
53.               Mangke kena jangjenipun / mangkana mulane dhingin / kang amangan awowohan / kang satitah ngasia di / akaliban ing toyanya / aran patijatha nenggih.
54.               Kang den pangan umatingsun / kang aneng ngasia iki / sari-sari duk semana / munggah prapta dhateng langit / maring langit kaping sapta / awak sepata tekaning.
55.               Pan aneng ngarsaningsun / si Ngisa gupuh ngabekti / aturipun agudhilang / mangka ngaturaken tokid / ing rabil ngalamin Allah / amba matur tuwan singgih.
56.               Amba takon doseku / punapa mergane iki / jaman amba kinelema / punapa mangke dosaning / mangkana ta ujaring wang / pan krana sun rusak iki.
57.               Sira lali marang ingsun / dene sira ngaku mami / iya iku dosanira / mongka Ngisa matur malih / mung punika dosa amba / banggi wanten dosa malih.
58.               Pan mengkono ujaringsun / lah iku dosamu uni / dene kerut marang bala / lali marang jeneng mami / angaku purba wisesa / mangka Ngisa matur malih.
59.               Pralaba ing aturipun / ngasih-asih ngarsa mami / ature wonten narendra / putrane amung satunggal / tur jalu ta putranira / mangka surut ang nerpati.
60.               Kadya pundi karsaningsun / punapa tan wenang iki / lamun putra gumantia / tuwan andika leresi / ingsun kendel datan mujar / ya Muhammad tutur mami.
61.Tetkala semana iku / Ngisa ature mring mami / angadhangi marang ingwang / mangka si Ngisa matur aris / ing ature Nabi Ngisa / sanget nuwun kula gusti.
62.               Punapa tan wenang ingsun / angangkena kasih gusti / saboten wonene tuwan / Ngisa nuli sun ecani / iya bener aturira / kaya mengkono abecik.
63.               Nora nane katengsun pan sira sun karya wakil / tan ana ingkang prayoga / liyane sira pribadi / kang angemban rasaningwang / satitah ngasiya iki.
64.               Mung sira prayoganipun / sakeleme jagad iki / dene sira lali mring wang / ingsun pan semana maning / asupe mring pekenira / rasa purba anglimputi.
65.               Ana dene ing lalimu / sakehe mring jeneng mami / sira abarubuh sarak / kang sun gedhong kang sun kunci / iku ta laranganingwang / aneng betal makmur kadi.
66.               Lah ya iku ing dosamu / mangke Ngisa matur aris / tumungkul nedha ngapura / mengkana ature iki / umat amba ta punika / lamun tuwan sun cekeli.
67.               Umat tanya ing tabeku / dhumateng amba puniki / punapa ta boten menga / yen nyebut pangestu singgih / dhumateng kekasih tuwan / abener aturereki.
68.               Ngisa sah ing aturipun / iya sun tarima becik / yen dene pangucapira / ki Muhammad matur aris / sarya mesem jroning nala / kadi ta leresa.
69.               Ngisa ature puniku / nanging kasok ingkang satunggil / nanging sak papane ika / purun ngemban sabda gusti / mengkana ujare ika / Allah angandika aris.
70.               Ya Muhammad ujaringsun / ora yen ngasora iki / menek daler ta Ngisa / mangke ta lagya sawarsi / aja matur marang ingwang / nuli sun jiyade uni.
71.Nanging si Ngisa kepahung / dene nuli kumawani / kaya benera si Ngisa / nulya Ngisa sun kon bali / tumurun jagad ngangsia / Ngisa ature aririh.
72.               Nanging andhepok tan purun / aneng ing ayunan mami / amba nanging anenedha / dhateng tuwan maha yekti / sanadyan mangke kawula / anglampahana weweling.
73.               Antuka sabda Hyang Agung / lamun amba aningali / dhateng jagad ing ngasiyan / amba anedha mulyaning / ing ngasiya punika / waluyaa kadi uni.
74.               Anedha maring Hyang Agung / pan mengkana ujar mami / teka sira abalia / dene manira ing mangkin / wus ta mulya kadya lama / umat kang sun rusak dhingin.
75.                Kang ateguh marang ingsun / akeh kaliwat nyanani / atanapi penira / ing sarira den aliling / iku wewekas manira / Ngisa nulya atur bekti.
Amba nedha pura ingsun / yen amba supea malih / sakedhap wau punika / antuka kanugrahaning / apan wus cundhuk si Ngisa / nulya amit mundur aglis.


Tidak ada komentar:

Posting Komentar