Senin, 08 Desember 2014

JASMANINGRAT pupuh III DURMA

Pupuh III
Durma

1.    Ki Luamah trangginas nulya angrebat / maring kang warni kopi / pan katiga pisan / punika dipun rebat / wong tiga agrajeg sami / kae Luamah / meksa angungkih sami.
2.   Ki Makrifat  kupi meksih ginujengan / ingsine kocar-kacir / miwah Ki Khakekat / kupine dipun rebat / nanging kupi datan keni / pan kocak-kocak / Luamah ngerbut wani.
3.   Ki Tarekat dipun rebut datan kena / meksih rejengan kupi / pan kocar-kaciran / tumiba bale aras / temahan prahara uning / Kae Luamah / kongsi ngolang ngaling.
4.   Lir den ringut manira Ki Luamah / antuk asihing gusti / gita ing paseban / geger kadya gilingan / kagyat wadya kang neng jawi / Ki Luhur mojar / batur geger punapi.
5.   Allah konca baya iki ana karya / ing paseban angisis / dudu Aluamah / ingkang gawe prakara / kang wonten lawang puniki / Raden Luamah / lawan Suwiyah singgih.
6.   Sumawana sira den Mutmainah / samya kagyat tan sipi / amiarsa syara / opyak kang aneng jaba / syarane pating jalerit / akeh wong lumajar / sangking paseban nenggih.
7.   Dyan pinendheng wau sangkaning prakara / nulya lumayu aglis / wus prapta paseban / dinulu Ki Luamah / polahe anggegilani / Raden Amarah / sigra nulya merpeki.
8.   Ki Luamah den sikep marang amarah / Ki Suwiyah ngebyuki / miwah Mutmainah / sigra samya tumandang / Ki Luamah den cekeli / dipun dhedhabyang / binekta medal jawi.
9.   Pan sineret Luamah maring wong tiga / Luamah meksa budi / kalintang rosanya / wong tiga sami sayah / nongga kurdane kang budi / meksih den bayang / medal jawining kori.
10.Sekathahe bala kang kantun neng jaba / sedaya wus winangsit / gupuh sami mara / cingak sira tumingal / deding Luamah puniki / weneh angucap apa mulane uni.
11. Kahe Lahir angucap selamet sira / jer kena walat mami / duk andhupak mring wang / tet kala aneng lawang / sira rasakena mangkin / sakeh kang bala / samya kinen nyakiti.
12.Ki Luamah nulya den pala wong kathah / Ki Nyawa mala dhingin / ngasoki gigirnya / kemadhu kang kinarya / Ki Atma sigra gitiki / sarta anekak / guglune kongsi mlirik.
13.Kyai Sukma sigra jambak rambutira / Luamah datan osik / anulya Ki Caya / sigra anyiram toya / Ki Murcahya angideni / Ki Soca angucap / sigra lambe den puntir.
14.Ki Pamirsa sigra jewer kupingira / Ki Pangambu sira aglis / amulir irungnya / Ki Paningal punika / anyalok netrane kalih / Kae LuaMah / tobate andharidhit.
15.Kae Cepta Ripta analeni tampar / Ki Luamah den godhi / nulya Kae Badan / sigra gablok jaja / Ki EroH sigra nyiweli / ing lambungira / Ki Panarima aglis.
16.Sigra nulya anabeti / Ki Panarima aglis / nyekeli bahunya / nulya Ki Atapsila / anerungku sukuneki / Ki ElinG sira / sigra ngileni kuping.
17.Ki Luamah polahe niba-niba / dipun wesi asati / wong lima punika / tan wonten tumut mala / eca denira ningali / ajrih gustinya / bilih binendon gusti.
18.Sami suka wong lima nonTon kewala / pangrasane ing ati / tan wonten duduka / ingkang panjuru bala / lamun ilang wong puniki / pan calunthangan / yekti kapenak mami.
19.Ku Luamah ngolang-ngaling polahira / kelangkung dennya sakit / sambat mring gustinya / gusti nedha ngapura / tan betah anandhang sakit / sambat kadangnya / Kang Tobat dika mrika.
20.               Pan Ki Tobat punika sanake tuwa / pan karasa ing ati / sambat adhuh biyang / wong lima tan tumuta / kadange Luamah singgih / ingkang atuwa / Ki Tobat barepneki.
21.Kang Luamah panggulune esmu dhugal / nunten amarah iki / nunten Ki Suwiyah / anunten Mutmainah / iku tunggal bangsaneki / Luamah niba / Ki Tobat marepeKi.
22.               Dene mangke Ki Tobat anjaluk seca / marang Luamah iki / Ki Amarah mara / Ki Suwiyah ika / lan Mutmainah tan kari / pepal sedaya / kadange samya prapti.
23.               Ki Luamah angucap sarwi karuna / kakang dika uripi / kawula tan betah / nandhang siyasating wang / awak mara litang sakin / nedha ngapura / Luamah ngasih-asih.
24.               Ki Amarah ingsun iki uculana / dene kaliwat luwih / ingkang kaya sira / Suwiyah Mutmainah / den aglis anguculi / Luamah niba / Ki Tobat sira aglis.
25.               Lah ta mara age sira uculana / dene wus seca becik / Ki AMARAH ika / kelawan Ki Suwiyah / lan Ki Mutmainah singgih / aglis tumandang / nulya samya nguculi.
26.               Yata sampun inguculan Ki Luamah / sumringah tingalneki / ngrasa lamun gesang / dening wus linuwaran / mring kadange papat iki / Kae Luamah / mesim lir madu gendhis.



Tidak ada komentar:

Posting Komentar