Pupuh II
Sinom
Sinom
1.
Anenggih kori punika / dedalane manjing puri /
nenggih kancingipun tobat / sesakanipun rohbani / maningkem talineki / pan
rohani inebipun / payo sabar derana / ingkang tengga kori iki / Radyan
Mutmainah bagus tan sikara.
2.
Mulat Raden Mutmainah / yen gustine ingkang prapti
/ aglis winenganan lawang / Ki Makrifat liwat aglis / bala kantun ing jawi /
tan wonten tumut malebu / sampun minep kang lawang / Ki Nyawa arsa tut wuri /
Raden Bagus Mutmainah datan suka.
3.
Makrifat wus manjing pura / wus linggih neng ngaras
kursi / munggeng aneng ing ngayunan / pan sampun pinanci-panci / peparinge ing
gusti / warni kupi gung perukum / murub yen tiningalan / isi madu masthika di /
duk sinambut marang Ki Makrifat ika.
4.
Gandane arum mangambar / pan wonten winuwus malih
/ Ki Akekat lagya prapta / ing nglawang wesi puniki / nenggih dedalaneki / pan
tigafar kancingipun / rohani sesakanya / maniyun / tetalineki / tinebipun
anenggih kandil punika.
5.
Pepayon sampurnaning dat / kang akemit tengga kori
/ Rahaden Suwiyah ika / prayetna tan amaloni / kang Suwiyah udani / lamun
gustenira rawuh / aglis sinungan lawang / Ngakekat lumebeng puri / balanipun
sedaya kantun neng jaba.
6.
Tan sinunga kesah-kesah / pan sampun ngineban kori
/ lan ing balarsa tumuta / angungkih anedha kori / Ki Suwiyah nyukani / wus
nusul mring gustenipun / Ki Khakekat wus prapta / nulya linggih ngaras kursi /
samya ngumpul wus ngadhep aneng ngayunan.
7.
Sampun pinanci punika / peparingan werna adi /
wewadhah werna kencana / ya isi serabat wangi / wus tinampanan aglis / marang
Ki Khakekat sampun / wonten ing ngarsanira / yata kawarnaa malih / lampahipun
Ki Tarekat lagya prapta.
8.
Ing lawang siratal ika / punika dedalaneki /
kancinge panebut ika / sesakanipun rohani / maniyah talineki / gih tarekat
inebipun / payon keh ananing dat / kang kemit tetangga kori / Raden Bagus
Amarah langkung ulama.
9.
Raden Amarah tumingal / lamun gustenira prapti /
ngandika amundhut lawang / aglis winengan kori / Ki Tarekat lumaris / aglis
lumebeng kedhatun / bala kantun ing jaba / tan sinungan manjing kori / pan
agupun amarah maniteb lawang.
10.Ki badan anjaluk lawang / arsa tumut gustineki / Ki Amarah
datan suka / dedel dinedel ning kori / Ki badan meksa ngungkih / pan den gitek
sirahipun / Ki Badan sru bremantya / mekanjar bekalahi / Ki Amarah gitet jaja
malang kadhak.
11.
Yata Rahaden Amarah / tingale ngatirah andrik /
apan sarwi ngagem rotan / Ki Badan amenthelengi / Ki Badan esmu ajrih / wekasan
kendel lan muwus / Ki Tarekat wus prapta / alinggih neng ngaras kursi / pan
akumpul pinarak aneng ngayunan.
12.Wus pinancen paringannya / Ki Tarekat marang gusti / awarni
bokor kencana / aingsi wowohan adi / namane wowohan adi / sekar suratollah arum
/ pan sampun tinampanan / wonten kawarnaa malih / ingkang kantun dhewe nenggih
Ki Sarengat.
13.Lampahe tansah lonlonan / anganteni kadangneki / tan nyana yen
kantun sira / duk angkate andhingini / tan wruh den lancangi / marang
kadang-kadangipun / mila eca lonlonan / awak den liling-liling / tesbehipun
samarga den kudang-kudang.
14.Sigra nulya prapteng nglawang / sela matangkep puniki / gih
punika dedalannya / kancinge niyat sejati / sesakane jesmani / nur madi
tetalenipun / jahur inebing lawang / pepayon rengaling ngeski / kang atunggu
Raden Luamah punika.
15.Dhusta tur esmu durjana / Raden Luamah udani / yen gustine
lagya seba / agupuh mengani kori / Ki Sarengat lumaris / wus malebeng ing
kedhatun / lampahe lonlonan / tan pegat dennya dhikir / balanira sedaya kantun
neng jaba.
16.Tan wonten sinung tumuta / pan sampun mineb kang kori / Ki
Luhur meksa tumuta / Luamah dhupak ing sikil / wong lima aneng jawi / balane
Sarengat wahu / samya ajrih sedaya / galihe samya kumitir / sakelangkung samya
ajrih gustenira.
17.Amung Ki Luamah ika / kang binekta manjing puri /
ngiring-ngiring Ki Sarengat / Luamah dhasar galidhig / yen ana karsaneki /
kalangkung denira berung / tan kena sinuwalan / Ki Sarengat sampun prapti /
sampun lenggah aneng kursi bale ngaras.
18.Ki Sarengat esmu duka / angrasa lampahe keri / tansah menggah
manjing tingal / Kyai Ngakekat angliring ? Ki Makrifat ningali / Ki Sarengat
esmu bendu / tumungkul sarwi bekah / pan sarwi agiget lathi / menggah-menggah
pan sarwi angusap jaja.
19.Ki Sarengat aris mojar / nanging ginarit ing ati / nora nyana
badaning wang / dene ta padha dhingini / duk angkatira kari / amung ingsun kang
karuwun / ngong lampah alon-lonan / sun nganti mring sira sami / ingsun sidhep
maksih kari wong tetiga.
20.
Si Tarekat lah adena / lakune tan giring-iringan /
kabehane padha jawal / lakune padha nglancangi / si Khakekat wong baring / esmu
tan idhep semu / lah ta si Makrifat / nganggo atine pribadi / Ki Sarengat
dukanira jroning nala.
21.Ki Tarekat tanpa ngucap / sru tumungkul esmu wedi / anyana
badhe kadukan / wus karaos galihneki / dinulu netra abrit / angling pan sarwi
macucu / lathinya kajuwitan / basengut jajanya abrit / pan ajentung adangu migu
kewala.
22.
Nenggih Ki Hakekat ika / gumujeng jroning ati /
mulat marang kakangira / Ki Makrifat ngesemi / aliyan dennya linggih / selonjor
alulur suku / sarwi singsot punika / melat melot anguciwis / dipun sumur
geguyon lawan Tarekat.
23.
Kyai Tarekat tumingal / marang Ki Makrifat iki /
gumujeng amijet jaja / kang rayi sarya winangsit / sarwi tumungkul anglirik /
gumujeng suka ing kalbu / Ki Sarengat tan wikan / nulya majeng awotsari / sampun
lungguh mencangah aneng ngayunan.
24.
Sampun pinancen paringan / wau marang gustineki /
tandhane lamun siniyan / sakarsane den saosi / wadhah mas selaka di / warna
pelag isenipun / sarwi dhedhaharan endah / Sarengat bungah ing ati / Ki Luamah
ingkang marani kebat.
25.
Kang rupa tinampan selaka / Ki Luamah kang nampani
/ nulya binuka sasbnya / Ki Sarengat aningali / panganan adi-adi / apa kang ora
na iku / Srengat ngucap ing nala / tanggon manira yen bukti / donya kerat
ginanjara dening Hyang Sukma.
26.
Ki Sarengat aris mojar / tanya Ki Tarekat aris /
sira pinaringan apa / yayi marang gustineki / ingsun arsa udani / peparinge
mring sireku / miwah yayi Khakekat / sira den paringi punapi / ngong yun wruha
miwah pun adhi Makrifat.
27.
Ki Tarekat aris mojar / gih kawula den paringi /
sangking sihe gustiningwang / gih punika ingkang warni / bokor mirah pinanci /
nanging saingsine dereng wruh / pan kapundhi kewala / dereng purun angungkabi /
sak kelangkung jrih bok dede karsanira.
28.
Ki Sarengat aris mojar / Ki Khakekat den takoni /
sira pinaringan apa / manira ayan nu dining / Ki Sarengat lingnya aris / kawula
pinancen sampun / warni kopi kencana / ingsine dereng udani / pan adangu teksih
kapundhi kewala.
29.
Kawula tan purun buka / yen dede karsaning gusti /
Ki Makrifat tinakon / sira den paringi punapi / ingsun ayun udani / Ki Makrifat
alon muwus / gih kawula sinungan / warna kopi kumala di / isenipun nenggih madu
pinatika.
30.
Tur endah gandanya ngambar / Ki Sarengat esmu isin
/ mirsa wecana mengkana / angrasa wedhar kang galih / angrebda pusuhneki /
kadya bedhaha ing lambung / nalane terataban / kumitir sajroning galih /
langkung duka dalane kadya ginongsa.
31.Ki Sarengat dukanira / lir pendah yayah sinipi / andulu marang
Makrifat / Sarengat angling saya andik / yen mengkonoa ugi / pra uga kabehna
iku / ingsun ayun uninga / warnane kadya punapi / kang gonda rum lah age para
bukaa.
32.
Manira ayun wruha / lah age bukanen aglis / aja
kongsi kumelamar / ing tingalingsun puniki / aja tan suka yayi / pesthi
mengko sira kabur / mring gusti luwih wikan / manira tedha ing ngadil / asru
matur Ki Tarekat mring Sarengat.
33.
Inggih patedhan kawula / yekti tan suka wak mami /
dene wus pancen piyambak / peparingan marang gusti / pesthi ajrih wak mami /
yen tan pentah ing Hyang Agung / mangke sun alenggana / andika buka puniki /
sak kelangkung ajrih yen dika bukaa.
34.
Khakekat nambung ujar / gih makaten awak mami /
tan suka lamun binuka / pan wus pinancen pribadi / pan wus pininta sami /
marang karsane Hyang Agung / Ki Makrifat lingira / dudu dhapur wong puniki / gih
puniku tuduh jeneng wong nelongsa.
35.
Ki Sarengat sru bramantya / anglarap denira
angling / si Tarekat ingkang ala / dadya panutan wong baring / atuwa jeneng
mami / datan ngajini maring sun / sumawana Khakekat / miwah Ki Makrifat sisip /
yen amuwus wong telu pan salah mangsa.
36.
Aweha nora aweha / tan wandes sun jaluk mangkin /
kabeh apan duwekira / Ki Luamah wus cawis / sebet acawetan sampun / cancut
atali wonda / wus wikan karsaning gusti / tandangipun acakut datan mundura.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar