Pupuh VI
Pangkur
Pangkur
1.
Asadat sarya sulukan / clala-clulu pangucape yen
angling / yen digapar mawi kidung / sinambi tetembangan / yen anembang namane
dhateng Hyang Agung / den sesambi jejogedan / yen salat meneng tan osik.
2.
Meneng datan obah-obah / aningali lir pedah ing
wong mati / yen turu bari lumayu / sira Kae Makrifat / aningali sadhatenge
arenipun / Niken Dewi sarpaningrat / pan sarya lara anangis.
3.
Lampahe sarya lumajar / karsanira wau arsa
ngabekti / dhateng kang raka punika puniku / Kae makrifat mojar / apan sarya
akagyat sajroning kalbu / tiningalan arenira / praptane atawan tangis.
4.
Ki Makrifat garjiteng tyas / sira mangke arsa
dipun sungkemi / Makrifat nulya lumayu / minggah dhateng ngaldaka / laju
minggah kandheg aneng pucuk gunung / pan sarwi alingan sela / jemadi tetindhih
ardi.
5.
anenggih Gunung Ngarepat / turan ageng inggil
angleliwati / lamun dinulu apatut / rakite lir mestaka / iya iku pamidhanganira
Hyang Agung / yen kula asung pawarta / Sarpiningrat mantun nangis.
6.
Mulat kang raka lumajar / manahira pan saya
brangta kingkin / nulya nusul / munggah gunung / Sarpiningrat karuna /
lampahira suku tangan kalihipun / sangking ewuhe kang arga / lir brajag
katareng curi.
7.
Den ambah lunyu kaliwat / lamun dede babadan
aresik / nulya prapta puncakipun / Sarpaningrat sengkoyongan / menggah-menggah
ambekane melar mingkus / langkung sayah lampahira / Ki Makrifat ngungak uning.
8.
Dhateng arine punika / Sarpaningrat tak sengguh
ora tut wuri / tiningalan arinepun / aneng ing ngarsanira / Ki Makrifat kagyat
dulu nulya muwus / dhenok sira age menea / ingsun aneng kene yayi.
9.
Ni Sarpiningrat miarsa / yen kang raka ngandika
rum amanis / adan marang ngarsanipun / sedya nungkemi pada / pan kalingan ing
sela jemadi iku / datan kena linangkungan / Sarpiningrat esmu tangis.
10.Liwat luwih kakang dika / pinaranan teka lumayu gendring / lah
punapa milanipun / teka angungsi arga / arsa dhateng kepanggiha awakingsun /
mundur teka ampungan sela / kawula arsa tur ngabekti.
11.
Dhateng karsa jeng andika / Ki Makrifat gumujeng
sarya angling / langkung trima dhenokingsun / bektinira wus prapta / gera kene
bae sira aja ngrangkul / ila-ilane Hyang Sukma / dimene ingsun lumaris.
12.Sapraptanira neng ngarga / sun tingali dhenok para kang prapti
/ arsa nungkemi maringsun / mila sira ngong tilar / ingsun lunga lumayu
puncaking gunung / arsa ampungan ing sela / sira lara sun kawruhi.
13.Tekoa dhenok manira / ambuwangan marang sira mas yayi / sang
dyah tan nyana ingsun / nyawa sira wanodya / dumeh para sadulurku tunggil tuwuh
/ pan dereng wruh ing prayoga / sira linarangan iki.
14.Wus sinaring ing Hyang Sukma wus ingaken para salira yayi /
sira iku pan wus katur / sucekna raganira / lamun sira pagepokan lawan ingsun /
atemah dadya welanjar / aja dumeh kadang mami.
15.Sarpiningrat datan ngucap / pan tumungkul mingsek-mingsek
anangis / sasambate amlas ayun / paran karsa andika / de mekaten Makrifat tan
saget muwus / sarta kumembeng kang waspa / aningali ingkang rayi.
16.Apan kawula lumajar / dhateng kangkang Tarekat anenggih /
saprapta kawula matur / Tarekat alembatan / dhateng kakang Khakekat ing
tedahipun / tambuh ing polah kawula / Kang Khakekat tedah mriki.
17.Kakang nedha dipun enggal / nedha tamba waluyaa kang sakit /
Kya Makrifat mesem kalbu / andulu arenira / sareng matur kang raka suka gumuyu
/ den samur lawan pangucap / pamangsite mring kang rayi.
18.Paran benjang yen waluya / alah iya kagungan kang asakit /
ingsun jaluk syarga kang tundha sanga / iya iku kang minongka beyanipun /
tumungkul Ni Sarpiningrat / amicoreng jroning ati.
19.Kaliwat luwih si kakang / ageng temen jejalukane iki /
senadyan mundhuta besuk / sik nuli waluyaa / benjang kula ingkang matur ing
Hyang Agung / nedha syarga tundha sanga / kinaryaa bea iki.
20.
Suka tan sukaa kakang / yekti dika kakangmas kula
layoni / uga waluyaa besuk / kagungan kang lara / datan ketang kula nuhun ing
Hyang Agung / Kae Makrifat ngandika / heh dhenok dipun sayekti.
21.Ki Makrifat angandika / animbali ingkang karsa tinuding / lan
Aruman prapta ngayun / lana gandaning ika / kaping kalih aningali datan kantun
/ sami prapta ing ngayunan / Sarpiningrat aningali.
22.
Kagyat denira tumingal / sadhatenge hanuman ing
brangta kingkin / Ni arman kagyat angling jroning kalbu / lah ta kakang buron
apa / dene aputih kang warni.
23.
Langkung endah warnanira / wulonipun kang putih
kang dumeling / kang abang murub dinulu / kang ijo awiletan / dene mala tanpa
kinarya iku / alanggeng tan kena owah / Ki Makrifat mesem angling.
24.
Lah teka menenga sira / iku uga linarangan ing
gusti / anuman ing wastanipun / Ki Makrifat ngandika / Heh umani matmane sira
sun uwuh / ingsun jaluk karyanira / den enggal mangkat mangkin.
25.
Maring Gunung Pitenah / lan maringa ngumbul
ngawiyat mangkin / tinjoa kagunganipun / Anuman ing aturnya / yen makaten
anuwun pamit katengsun / ngandika kantun alenggah / kawula mangkat semangkin.
26.
Umangkat sangking ngayunan / gegancngan lampahira
numani / lan anggadini iki / Anilani tutwuntat / lampahira sakedhap anulya
rawuh / pernahe ngumbul ngawiyat / mring umbul pitenah uning.
27.
Yata wau kawarnaa / sawarnine kagungan ingkang
sakit / sampun waluya sedarum / wau sapraptanira / yen umani Anilani puniku /
kagungan samya sampurna / asri kadya wingi uni.
28.
Yata wau kawarnaa / sawarnane kagungan ingkang
sakit / sampun waluya sedarum / wau praptanira / yen Numani Anilani puniku /
kagungan sami sampurna / asri kadya wauning.
29.
Kagungan Nagabendana / rosanira pan kadya wingi
uni / sareng mulyane angregut / obah buntut kewala / akdya jojit gunung
ngawiyat puniku / pinulet ing buntutira / bumi obah kadya miring.
30.
Kakayon Nagabendana / apan kadya duk wingi-wingi
uni / langkung endah warnenipun / murubing warnanira / sekaripun anedheng asri
dinulu / puspita lan tarulata / sampurna dinulu asri.
31.Ingkang kantun Gunung Arfat / Sarpiningrat tansah amular iki /
dhumateng kang raka wau / Ni Aruman lon mojar / kadi pundi kakang karsa dika
iku / kagungane Hyang muyaa / tan sakeca ati mami.
32.
Dene ta boten tingal / yen waluya kagungane Hyang
Widi / Kae Makrifat gumuyu / sarya awayangan tangan / pangucape den emor lan
wangsitipun / lah dhenok waspadakena / si Sarpiningrat ningali.
33.
Mulat astane kang raka / yen dinulu murub pucuk
dariji / sarta amawi kekuwung / sorote lir kagungan / ageng alit tawa kang
kawulanipun / Dewi Arman tumingal / kagungane sampun mari.
34.
Karsane DEWI ARUMAN / kagungane arsa dipun sengkemi
/ jujulukipun sinebut / Jajawijakuma / apan jangkep sawidak rabine iku / lamun
pawestri punika / aningali marang kami.
35.
Ilang jenenge wanodya / atemahan lebur karsenereki
/ lir wulan jur temahipun / atemahan karenan / kang salira benggang lan Hyang Agung
/ lengser sangking syarganira / iku nimas weling mami.
36.
Ana dene jenengira / yen lumampah aran bandhega
iki / adage manglajenun / miwah ing lungguhira / ingaranan lara kesmaran puniku
/ datan api ucapira / Lara Widakusuman di.
37.
Tanapi yen sira nyandhang / wastanira sang Retna
Adiluwih / kerana mangke reningsun / aran Rekakusuma / deneng iku data ana
pejahipun / marmane sira ngaranan / Sang Retna Ambari singgih.
38.
Dening datan kena tuwa / warnanira langgeng tan
kena gingsir / wangi tanpa ganda iku / aranira sang rara / talimurti tan kena
ginggang ing teguh / yata kirab-kirab rema / apan agelung sinangling.
39.
Pamekak mas tanpa una / pan audhet widuri silih
asih / atabela manik dadu / ingkang aingsi rasa / sajatine wus kasrah sira
sedarum / pan wus sedane Hyang Sukma / kang manik dumilah adi.
40.
Apan ta lilinggih sira aneng bale selaka kang
rinukmi / amadhangi jagad agung / umatur Sarpiningrat esmu wedi amirsa wuwuse
kakung / tumungkul kembeng kang waspa / nulya ngucap sang Dyah DEWI.
41.Datan wruh lamun larangan / pan kawula nuwun apuntening gusti
/ Dewi Aruman umatur / pasang tabe kawula / tan wruh ngeski nedha apura
katengsun / Ki makrifat angandika / dhenok nimas ari mami.
42.
Sira angreksa kagungan / apan sira mangke wus den
mareni / wus jangjenira Hyang Agung / sira agentenana / dene uman ing rara
abendaning iku / miwah anila ika / pangandikaning Hyang Widi.
43.
Kinen angreksa kagungan / lah ta sira mara dadine
aglis / munggah syarga puniku / syarga kang tundha sanga / lah asunga uninga
kang greksa iku / padha konen ngarsikana / yen kekasihing Hyang Widi.
44.
Arsa matura Hyang Sukma / karsa dulu wruha neraka
mangkin / yen wus wruh neraka iku / ayun wruha ing syarga / Niken Dewi
Sarpiningrat amit matur / lah kakang dika kantuna / kawula angleksanani.
45.
Tan dangu anulya mangkat / arenira wau ta dipun
kanthi / Sang Dyah Aruman puniku / aneng ing wurenira / lampahira pan enggal
dheteng lestantun / kan jinujung karsanira / syarga pangurak mangkin.
46.
Lampahira aglis prapta / aneng nglawang pangurakan
puniki / lawang jemirah ranipun / ineb-inebing lawang / kang kinarya tali
mustakim puniku / kancinge ingkang kinarya / kencana timbul ing warih.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar