PUPUH V
K I N A
N T H I
01
Mangka kantining tumuwuh, salami mung awas eling, eling
lukitaning alam, wedi
weryaning dumadi, supadi niring sangsaya, yeku pangreksaning
urip.
02
Marma den taberi kulup, angulah lantiping ati, rina wengi den
anedya, pandak-panduking
pambudi, bengkas kahardaning driya, supadya dadya utami.
03
Pangasahe sepi samun, aywa esah ing salami, samangsa wis
kawistara, lalandhepe mingismingis,
pasah wukir reksa muka, kekes srabedaning budi.
04
Dene awas tegesipun, weruh warananing urip, miwah wisesaning
tunggal, kang atunggil
rina wengi, kang mukitan ing sakarsa, gumelar ngalam sakalir.
05
Aywa sembrana ing kalbu, wawasen wuwus sireki, ing kono yekti
karasa, dudu ucape
pribadi, marma den sembadeng sedya, wewesen praptaning uwis.
06
Sirnakna semanging kalbu, den waspada ing pangeksi, yeku
dalaning kasidan, sinuda saka
satitik, pamotahing nafsu hawa, jinalantih mamrih titih.
07
Aywa mamatuh malutuh, tanpa tuwas tanpa kasil, kasalibuk ing
srabeda, marma dipun
ngati-ati, urip keh rencananira, sambekala den kaliling.
08
Upamane wong lumaku, marga gawat den liwati, lamun kurang ing
pangarah, sayekti
karendet ing ri, apese kasandhung padhas, babak bundhas
anemahi.
09
Lumrah bae yen kadyeku, atetamba yen wis bucik, duwea kawruh
sabodag, yen ta nartani
ing kapti, dadi kawruhe kinarya, ngupaya kasil lan melik.
10
Meloke yen arsa muluk, muluk ujare lir wali, wola-wali nora
nyata, anggepe pandhita
luwih, kaluwihane tan ana, kabeh tandha-tandha sepi.
11
Kawruhe mung ana wuwus, wuwuse gumaib baib, kasliring titik
tan kena, mancereng alise
gatik, apa pandhita antige, kang mangkono iku kaki.
12
Mangka ta kang aran laku, lakune ngelmu sajati, tan dahwen
pati openan, tan panasten nora
jail, tan njurungi ing kaardan, amung eneng mamrih ening.
13
Kunanging budi luhung, bangkit ajur ajer kaki, yen mangkono
bakal cikal, thukul wijining
utami, nadyan bener kawruhira, yen ana kang nyulayani.
14
Tur kang nyulayani iku, wus wruh yen kawruhe nempil, nanging
laire angalah, katingala
angemori, mung ngenaki tyasing liyan, aywa esak aywa serik.
15
Yeku ilapating wahyu, yen yuwana ing salami, marga wimbuh ing
nugraha, saking heb
kang Maha Suci, cinancang pucuking cipta, nora ucul-ucul kaki.
16
Mangkono ingkang tinamtu, tampa nugrahaning Widhi, marma ta
kulup den bisa, mbusuki
ujaring janmi, pakoleh lair batinnya, iyeku budi premati.
17
Pantes tinulad tinurut, laladane mrih utami, utama kembanging
mulya, kamulyaning jiwa
dhiri, ora yen ta ngeplekana, lir leluhur nguni-uni.
18
Ananging ta kudu-kudu, sakadarira pribadi, aywa tinggal
tutuladan, lamun tan mangkono
kaki, yekti tuna ing tumitah, poma kaestokna kaki.
Kapetik saking :www.alangalangkumitir.wordpress.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar