Minggu, 11 Januari 2015

KATARSIS TRESNA

KATARSIS TRESNA

Kaca-kaca
Kembang-kembang, lan wening banyu tlaga
Iwak nglangi wira-wiri
Ngrajut lumut panguripan
Jejogetan
Pepasihan
Tembang bumi
Tembang langit
Laras angin nyisir gisik
Kali
Lan banyu sing terus mili
Nyiram tegal
Nyusur pasawahan
Nyebar winih
Lan ngenteni sing bakl dumadi saka langit




Kapetik saka Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar