Sabtu, 03 Januari 2015

Langgam Segara Wedhi

Langgam Segara Wedhi


Tutna lakune onta
Nalika lintang panjer langit ngreksa kunarpa
Rembulan pucet kapatrapan pidana
Lan kumibare jubah para pangumbara
Manjilma lukisan ing kanvas wengi
Sewu jangkrik nglaras langgem berzanji

Aja dipedhot lurung tumuju kraton fajar
Selagine bun isih nusoni wedhi
Ngemabn sakehe panggresah lan sesanggan
Langit jingga yamaning para suhada
(sauntara angin tetep jroning sujud sajwi
Lan tanpa kendhat ngemonah sadawane wengi)
Mecaki dawane angen-angen
Ginelar kabeh babut biru-kabecikan
Lan tansah setya ngenteni sang dikir ing wengi samun


Kapetik saka Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar