Jumat, 09 Januari 2015

ANTARANE KANCA LAN KANCA

ANTARANE  RASA  LAN  KANCA


Dening      : SUPRIHATI




S
aumpama aku dadi bocah wadon sing ayu kaya widadari sing lagi medun  saka kayangan-kayangan kaya ning  kana kae. Mbok menawa aku bisa dadi pacare. Ora kaya mangkene iki, mlebu kuliyah durung duwe pacar.  Seneng marang bocah lanang malah raine mirip kaya wong sing biyen  tau dadi pacarku. Pacarku sing pengerten, sing welas asih, sing peduli maring aku, sing sayang banget marang aku, sing nresnani aku nganti ngluwihi tresnane  marang awake dewe, senajan kuwi kabeh ora tau tak gubris.
Ing sawijining dina aku lungguh ing taman cilik sing ana ing kampus konservasi, aku lungguh ngalamun ing taman.
 “Heh,Ta. Kenapa ngelamun aja?” Aku di celuk kancaku nganggo bahasa indonesia, jare ning kuta ya sok kadang ngganggo bahasa Indonesia.  
“Heh, ora papa jen, lagi lungguh-lungguh wae.” Karo nonton kakak kelas  lanang sing ngganteng-ngganteng lan kakak kelas  wadon sing ayu-ayu pada lewat siji-siji lan telon ing ngarepan gedung basa Jawa.  Ora suwe ana bocah lanang sing lewat ning ngarepanku, walah rasane kaya ana angin sing nunut lewat ana ing raiku, sanalika atiku rasane kaya mbanyu  nganti ora sadar, banjur tiba ana ing kono mau, amerga kesengsem ana bocah lanang kuwi mau. 
 “ya Allah,!” Aku kaget ora nyangka. Atiku rasane ser-seran ora karuwan nalika ora sengaja ngerti mas-mas mau lewat.
“kenapa Tah?” jeni takon.
“Mas kuwi, mas kuwi, mas kuwi jenenge sapa?“ aku nakokake mas-mas sing lewat ning ngarepanku mau.
“Itu mas Andy, anak jurusan bahasa Indonesia semester telu , dia ikut  Pramuka. Emang ada apa?” jawabe Jeni.
“Iwh, wajahe mirip mantanku Jen.” Aku jawabe karo  ngrasa ora nyangka.  
Ing wengi iki, lungguh ing ngarep omah dewekan kanthi nyawang langit kang ireng jenjem, nanging langite dadi katon endah disawang amerga  lintang-lintang pada kerlip-kerlip ing kana. “ Wah… langite kok apik temen ya.” Ngomong dewe karo bayangake wajahe mas-mas sing lewat lan sing mirip kaya mantane Itah.
Banjur wayahe wis rada wengi, Itah mlebu omahe lan turu ing mlebu kamare.
Esuk-esuk Itah mangkat sekolah cepet-cepet merga arep takon marang Jeni.
“Jen, lungguha kene takkandhani, Kowe duwe nomere mas-mas sing wingi kae ora?” Aku pengen ngerti banget.
“ heh? Iku jenenge mas Andy, aku ora duwe, tapi nyoh pamlet PTR ana nomere mas Andy”  karo nguwehake Pamflet maring aku.
“Wah mas Andy ta jenenge, mas ganteng kang misuwur ing fakultas Bahasa dan Seni.” Karo guya-guyu.
“Halah, ora  misuwur ing fakultas Bahasa dan Seni, ananging misuwur ning atimu, ta?” jawabe Jeni sing makili sing takrasakake.
“Ora ya Jen.  Nanging mung ngakoni yen manise kuwi ngalahi manisan sing paling manis,” Jawabku.
“Halah, ngaku wae yen kowe lagi gedebug Trisna, haha.” Wangsulane Jeni.
“Hehe, iya-iya.” Karo nyatet nomere. Banjur tak hubungi.
Saben dina, saben wayah, mbuh esuk, mbuh awan mbuh wengi, wiwit surya durung njebol nganti surya kelem tansah kelingan marang wajah kang nggawe ati tratapan ora karuwan. Apa maneh yen bayangake bisa adhep-adhepan Karo mas Andy ora sengaja.
 Ndhek biyen pas aku isih semester siji, aku bingung arep melu organisasi apa, amerga ning kampus akeh banget organisasine. Aku kudu melu organisasi, nanging aku emoh melu pramuka. Aku pancen ora seneng Pramuka, nanging piye maneh mergo aku di bujuk, dikon daftar pramuka ya aku sidane melu, wong sing ngajak  wong sing tak senengi banjur aku  manut melu-melu wae.
          “ Jen, melu pramuka yuh?” aku ajak-ajak kancaku.
          “ Aku wis daftar kok Tah.” Jawabe jeni.
Saiki aku wis kedaftar dadi anggota Pramuka. Bener ning kana ana mas Andy, aku seneng banget. Ning kana uga ana sing jenenge mas Danu. Jebule Jeni naksir marang mas Banu.
Mula saka kuwi, Aku karo Jeni dadi tambah akrab merga pada-pada seneng karo bocah Pramuka. Kene ajeg crita bareng babagan mas Andy lan mas Banu. Pada seneng banget yen pada crita babagan mas-mas kuwi.
“Jen, mas Andy saiki kok kayake dadi sansaya adoh ki kenapa ya?” aku sedih.
“ Mas Banu ya iya kok Tah. Yen  tak ngeti-ngeti mas Banu malah perhatiane akeh ming kowe.” Jawabe Jeni kanthi rasa kuciwa.
“ Ah ngarang kowe, lha wong mas Banu iku  yen karo aku kasare pol ! ” Jawabku ngeyel karo mbantah omongane Jeni.
          Wis sesasi aku melu ning pramuka, bocah-bocah sing dadi anggota ing pramuka gaweyane dolan ning guslat. Salah sijine ya mas Andy. Aku isih isin lan ora wani yen ketemu mas Andy, aku dadi ngadoh karo mas Andy. Jare wong-wong rasa kaya ngono wis wajar. Beda karo kancaku Jeni malah sing wani omong-omong karo mas Andy, SMS-an lan  guyon-guyon nganti bisa akrab banget. Nanging yen karo aku ora tau ngomong.
“ Tah, aku ndhek bengi SMS-an karo mas Andy.” kandhane Jeni.
“Jen, enak ya dadi kowe bisa cedhak karo mas Andy, bisa guyonan karo mas Andy…hemm…” jawabku kanthi ana kepinginan kaya mangkana. Nanging aku ngerti kuwi ora bakal kelakon amerga mas Andy katon ilfeel marang aku. Alesane aku ya ora ngerti kenapa.
Saben dina aku karo Jeni dolan ana guslat. Ning kana ya ana mas Andy, nanging ora ana mas Banu, amerga mas Banu arang ning guslat dadi ora tau ketemu. Ing kana Jeni lan mas Andy guyonan katon seneng.
“Piye Jen, kowe kangen ambi aku?” mas Andy guyon takok kaya mangkono.
“Ora kangen, ning kangen banget mbi kowe mas.” Wansulane Jeni marang pitakone mas Andy. Ning kana aku mung meneng wae mung nonton Jeni karo mas Andy guyonan, amerga aku ora digatekake. Aku mung bayangake mbok menawa bisa akrab lan guyonan kayak Jeni lan mas Andy kaya mangkono, nanging sakiraku ora bakal bisa, merga weruh wae wis ndhredheg.
Samenit rong menit, telung menit nganti setengah jam aku mung meneng wae ngrungokake mas Andy lan Jeni sing lagi guyonan lan crita-crita. Yen bocah lara mau lagi guyon, Jeni lali lan ora gubris aku maneh, malah tambah guyon sakarepe dewe. Tanpa mikirake sakiwa tengene, uga marang aku iki. Kira-kira Jeni  ngerti apa ora ya yen saiki atiku rasane kaya kepaku-paku palu godem.
          “Suwe-suwe aku kok krasa sedih ki kenapa ya? Apa aku jealous ?” aku ngomong ning jero batin. Ora suwe aku kepikiran ngana, si Jeni malah lunga bareng karo mas Andy. Aku ngrasakake atiku sing kaya godhong garing kepidak-pidak  gajah. Saben dina aku mung bisa nangis wae.  Wiwit kuwi aku ora tau bareng karo Jeni, merga aku ora kuwat yen ngeti Jeni karo mas Andy guyonan lan ketok seneng banget.
          Wektu malem minggu aku melu acara pramukanan, acara ulang taun Pramuka. Aku, Jeni lan mas Andy ya melu acara kuwi. Ning kana rasane atiku campur aduk. Jeni sansaya ngumbar keakrabane karo mas Andy kaya-kaya sengaja manas-manasi atiku. Aku sing ora kuwat mung bisane nangis lan lunga saka kana. Ora suwe mas Banu teka.
          “Lho Tah, kuwe Kok nangis ning pinggir kali ki kenapa?” pitakone mas Banu marang aku.
          “Adhuh, boten menapa-menapa mas.” Jawabku rada abot, lan kaget. Amerga mas Banu ora kasar kaya biasane.
          “ Gene-gene, crita kene mbi aku.” Mas Banu nawani aku. Sidane aku crita apa wae sing tak rasakne. Wektu iku, Jeni weruh mas Banu lagi omong-omongan karo aku, Jeni nuduh aku ngrebut mas Banu.
          “Tah, maksudmu piye? Kok kuwe cedak-cedak karo mas Banu?” nadane wong nesu.
          “Aku ora cedhak-cedhak mas Banu Jen, mas Banu mau mung nakoki pas aku lagi nangis, aja dadi atimu.” Aku kaget lan ngomong sabenere. Nanging dheweke isih ora percaya.
          Wiwit kadadeyan kuwi pikiranku dadi semrawut lan sansaya bingung amerga wis ora bisa cedhak karo mas Andy, malah sing luwih kebangeten yaiku ora bisa bareng-bareng meneh karo kancaku plek(Jeni). Tak pikir-pikir saben dina malah gawe lara ati. Sidane aku nglalekake mas Andy lan ora bakal cedhak-cedhak mas Banu, ben Jeni ora nesu marang aku.
          “Jen, kowe aja nesu mbi aku maneh ya, pas kadadeyan kuwi aku bener-bener ora ngapusi.” Aku nyoba ngomong karo Jeni.
          “Aku wis ora nesu mbi kowe kok Tah, yen tak pikir-pikir aku ya luweh ajeg nglarani atimu.” Jeni wis rumangsa duwe salah karo aku.
          “Yawis wiwit saiki ora usah mikirake  cowok maneh. Mikir kuliyah wae.” Kandhane Jeni kanthi mantep.
          “ Oke. Siap.” Aku lan Jeni wis pada sapemikiran. Wiwit kadadeyan kuwi, aku lan Jeni wis apikan kaya jaman  mangkana maneh, malah sansaya akrab anggone kekancan. Banjur bareng-bareng  playonan ing prapatan dalan sawah.




***
 

Cerkak





ANALISIS KATA
1.  VERBA
NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1


Verba De Nomina
Ke-L-an
Abstrak
Ora suwe aku kepikiran ngana,
N-L-i
Benda Abstrak 
sing nresnani aku nganti ngluwihi tresnane  marang awake dewe,
L-an
Abstrak
Wektu malem minggu aku melu acara pramukanan
N-L-i
Abstrak
yen tak pikir-pikir aku ya luweh ajeg nglarani atimu.
N-L-ake
abstrak
ngrasakake atiku sing kaya godhong garing kepidak gajah.
N-L-ake
Abstrak
Yawis wiwit saiki ora usah mikirake  cowok maneh.
N-L
Melakukan sesuatu
Saben dina aku mung bisa nangis wae. 
L-an
Abstrak
Wiwit kadadeyan kuwi, aku lan Jeni wis apikan maneh,
2
Verba De Adjektiva
N-L-ake
Berusaha
Sidane aku nglalekake mas Andy lan ora bakal cedhak-cedhak mas Banu,
3
Verba De Adverbia
N-L-i
Abstrak 
Malah tambah nesu karo aku lan ngadohi aku.
4


Verba de Numaralia



5
Verba de Pronominal

Membuat dirinya melakuakan sesuatu
“Halah, ngaku wae yen kowe lagi gedebug Trisna, haha.” Wangsulane Jeni.




2.  ADJEKTIVA
NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1


Adjektiva  De Nomina
N-L
Seperti
sanalika atiku rasane kaya mbanyu  nganti ora sadar,



2
Adjektiva De verba
mi-L
Bersifat
“Wah mas Andy ta jenenge, mas ganteng kang misuwur ing fakultas Bahasa dan Seni.” Karo guya-guyu.




3
Adjektiva De Adverbia
DL
Bersifat seperti
nanging langite dadi katon endah disawang amerga  lintang-lintang pada kerlip-kerlip ing kana.
-um-L
Bersifat
Wiwit kadadeyan kuwi pikiranku dadi semrawut lan sansaya bingung amerga wis ora bisa cedhak karo mas Andy,

3.  NOMINA
NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1


Nomina De verba
Pi-L-e
Benda abstrak
pitakone mas Banu marang aku.
L-ne
Benda abstrak
Kandhane Jeni kanthi mantep.

N-L
Benda abstrak
Aku jawabe isih ngrasa ora nyangka.
2
Nomina De Adjektiva
L-an
Hasil
“Ora ya Jen.  Nanging mung ngakoni yen manise kuwi ngalahi manisan sing paling manis,” Jawabku.

3
Nomina De Numeralia
Pra-L-an
Tempat
Banjur bareng-bareng  playonan ing prapatan dalan sawah.

4.  ADVERBIA
NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1


Adverbia  De Nomina
Ke-dwilingga
Tidak terelakkan/ berulang-ulang
Kira-kira Jeni  ngerti apa ora ya yen saiki atiku rasane kaya kepaku-paku palu godem.



2
Adverbia De Adjektiva
dwilingga-
Ber-
Atiku rasane ser-seran ora karuwan nalika ora sengaja ngerti mas-mas mau lewat.




3
Adverbia De verba
Dwilingga
Dengan cara
Kira-kira Jeni  ngerti apa ora ya yen saiki atiku rasane kaya kepaku-paku palu godem.
Dwilingga-an
Dengan secara / saling
Apa maneh yen bayangake bisa adhep-adhepan Karo mas Andy ora sengaja.
Ke-dwilingga
Tak terelakkan dan berulang-ulang
Aku ngrasakake atiku sing kaya godhong garing kepidak-pidak  gajah.
4
Adverbia De Numeralia
L-an
Bersifat
kakak kelas  wadon sing ayu-ayu pada lewat siji-siji lan telon ing ngarepan gedung basa Jawa.


5.  PRONOMINA
NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1


Pronomina Persona
Aku
Utama
Aku di celuk kancaku nganggo bahasa indonesia, jare ning kuta ya sok kadang ngganggo bahasa Indonesia.
Kowe
Madyama Purusa
“Jen, Kowe duwe nomere mas-mas sing wingi kae ora?”
dheweke
Pratama Purusa
Nanging dheweke isih ora percaya.

2
Pronomina Demonstratif Substantif
iki
Jarak dekat
Ing wengi iki, lungguh ing ngarep omah dewekan kanthi nyawang langit kang ireng jenjem,


kuwi
Jarak agak jauh
banjur tiba amerga kesengsem ana bocah lanang kuwi mau. 




kae
Jarak jauh
“Jen, Kowe duwe nomere mas-mas sing wingi kae ora?”
3
Pronomina Demonstratif Lokatif
kene
Jarak dekat
“Jen, lungguha kene takkandhani, Kowe duwe nomere mas-mas sing wingi kae ora?”


Kono
Jarak agak jauh
banjur tiba ana ing kono mau.


kana
Jarak jauh
saumpama aku dadi bocah wadon sing ayu kaya widadari sing lagi medun  saka kayangan-kayangan kaya ning  kana kae.
4
Pronomina Demonstratif Temporer
Mangkene
Jarak dekat
Ora kaya mangkene iki, mlebu kuliyah durung duwe pacar. 


mangkono
Jarak gak jauh
mas Andy guyon takok kaya mangkono.



Mangkana
Jarak jauh
aku lan Jeni wis apikan kaya jaman  mangkana maneh, malah sansaya akrab anggone kekancan.
5
Pronomina Posesif
ku
Enklitik
Seneng marang bocah lanang malah raine mirip kaya wong sing biyen  tau dadi pacarku.
mu
Enklitik
“Aku ora cedhak-cedhak mas Banu Jen, mas Banu mau mung nakoki pas aku lagi nangis, aja dadi atimu.”


Tak
Prolitik
“Jen, lungguha kene takkandhani, Kowe duwe nomere mas-mas sing wingi kae ora?”
6
Pronomina Relatif
sing
Ngoko
Ora suwe ana bocah lanang sing lewat ning ngarepanku,
kang
Ngoko alus
“Wah mas Andy ta jenenge, mas ganteng kang misuwur ing fakultas Bahasa dan Seni.” Karo guya-guyu.

7
Pronomina Indeterminatif
Saben
Setiap
Saben dina aku karo Jeni dolan ana guslat.
sawijining
Salah satu
Ing sawijining dina aku lungguh ing taman cilik sing ana ing kampus konservasi, aku lungguh ngalamun ing taman.


6.  NUMERALIA
NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1


Numeralia Monomorfemis
telu
Ngoko
“Itu mas Andy, anak jurusan bahasa Indonesia semester telu , dia ikut  Pramuka. Emang ada apa?”
2
Numeralia Polimorfemis
Telon
Satuan berjumlah tiga
Karo nonton kakak kelas  lanang sing ngganteng-ngganteng lan kakak kelas  wadon sing ayu-ayu pada lewat siji-siji lan telon ing ngarepan gedung basa Jawa. 



7.  KATA TUGAS

NO
BENTUK
MAKNA
TULADHA
1
Preposisi monomorfemis
ing
Di
Ing kana Jeni lan mas Andy guyonan katon seneng.

Preposisi polimorfemis
nganti
Sampai dengan
wiwit surya durung njebol nganti surya kelem tansah kelingan marang wajah kang nggawe ati tratapan ora karuwan.
2
Konjungsi
Lan
dan
aku lan Jeni wis apikan kaya jaman  mangkana maneh, malah sansaya akrab anggone kekancan.
Banjur
lalu
Banjur bareng-bareng  playonan ing prapatan dalan sawah.
Konjungsi subordinatif
kanthi
dengan
Ing wengi iki, lungguh ing ngarep omah dewekan kanthi nyawang langit kang ireng jenjem,
Konjungsi korelatif
nanging
Tapi, pengelakakan
nanging langite dadi katon endah disawang amerga  lintang-lintang pada kerlip-kerlip ing kana. “
Konjungsi Antar kalimat
Mula saka kuwi
Berawal dari
Mula saka kuwi, Aku karo Jeni dadi tambah akrab merga pada-pada seneng karo bocah Pramuka.
3
Partikel  pelengkap prioritas
-ta
Penegasan kalimat
“Halah, ora  misuwur ing fakultas Bahasa dan Seni, ananging misuwur ning atimu, ta?”
4
Bantu predikat
wis
Sudah
Banjur wayahe wis rada wengi, Itah mlebu omahe lan turu ing mlebu kamare.

5
Interjeksi Primer
Ah
Mempertegas
Ah ngarang kowe, lha wong mas Banu iku  yen karo aku kasare pol ! ” Jawabku ngeyel karo mbantah omongane Jeni.

Interjeksi Sekunder
Adhuh
Kaget
Adhuh, boten menapa-menapa mas.” Jawabku rada abot, lan kaget. Amerga mas Banu ora kasar kaya biasane.




Tidak ada komentar:

Posting Komentar