SELAMETAN TAHLILAN KEMISAN
Selametan
tahlilan kemisan inggih menika selametan bergilir ingkang dipun laksanakaken
dening warga masyarakat dukuh Gambang
saben kemis malem jumat kagem dongakaken arwahipun tiyang ingkang sampun seda.
Arwahipun tiyang seda ingkang dipun dongakaken inggih menika sanak
kaluarganipun tuan rumah). Warga masyarakat dukuh Gambang nyebat tahlilan kemisan
menika Jamaah. Saben dinten kemis,
warga masyarakat dukuh Gambang desa Ringin Kidul menika nganakaken selametan tahlilan.
Selametan menika dipun anakkaken wonten ing saben dalemipun warga masyarakat
menika kanthi bergilir. Ingkang derek selametan inggih menika namung tiyang
jaler.
Selametan
menika dipun kalampahaken ba’da solat
Isya’, lajeng sami sareng-sareng tindhak woten dalemipun tiyang ingkang angsal
giliran, ingkang rawuh menika sedanten tiyang jaler ingkang wonten ing dukuh
Gambang menika. Wonten ing dalemipun warga ingka ng angsal giliran menika
wonten kotak kados kotak amal, saderengipun sami lenggah menika lajeng ngisi
kotak menika. Menawi sampun sami kempal selametan menika dipun wiwiti dening
rama kiyai wonten ing dukuh Gambang. Donganipun donga tahlilan kagem dongakaken
arwah-arwahipun sanak kaluarga tuan rumah.
Saksampunipun
donga menika sampun purna, lajeng dipun tutup maleh saking pak Kiyai. Para muda
lajeng mundhut dharan, unjukan kaliyan maeman ingkang sampun dipun siapaken
tuan rumah kanthi dipun biyantu ibu-ibu ingkang masak dharan menika. lajeng
dipun sugadaken kangge peserta jamaah. Menu sugadan menika maneka warni, bebas
sakpurunipun tuan rumah, sakiyatipun tuan rumah. Menawi saben dalem menika
benten-benten sugadanipun. Ananging ingkang asring menika daharanipun wonten
soto, bakso, mie, lontong, lsp. Unjukanipun menika the anget, es teh, toya
wening kaliyan es sanes. Menawi maemanipun inggih bebas, wonten gedhang,
gorengan-gorengan, buah-buahan, kacang godhog, lsp sak purunipun tuan runah badhe nyugadi.
Saksampunipun
daharan, unjukan kaliyan maeman sampun dipun sugadaken, warga menika
sareng-sareng daharan, saksampunipun sami jagongan, ingkang badhe kondhur
inggih boten menapa-menapa. Amergi jamaahipun sampun bibar.
Tidak ada komentar:
Posting Komentar