KAYUNGYUN
MARANG PESISIR
Aku tetep
kayungyun marang pasisir, tetep kayungyun
Marang sliramu
sing duwe taman mawar
Togna bun
lelewa marang srengenge
Togna rembulan
kepati ing bandhulan
Togna samun
ngumbara sadawane wengi
Kareben segara
bisa ngongasake tembang jiwa
Lan landheping
pedhang mega ngiiris lembaraning
Cakrawala
Sliramu iku
langgam
Jagad gambar
sajroning pengkung janur sing rina wengi ngrenggani esem
Sing rineka
saka jagad kapangguritan
Kapethik saka Bledheg Segara
Kidhul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar