LAYANGE
RAMA MARANG SHINTA
Dakjaluk kangenmu
Shinta
Karana sabubare
brubuh alengka
Para emban
gupuh nambut silaning
Akrama
Sauntara
sliramu tansah lelewa ing antarane mega-mega
Wis dakpecaki
dawane pesisir
Shinta
Lan terus
angon menyang endi
Prau ngumbara
Awit layar
panggah kumibar kasentor angin wengi
Kumembenge
eluh ngekesake langgam gupitasari
Dakjaluk kangenmu
Shinta
Ayo kita
langen ing taman ayodya
Kapethik saka Bledheg Segara
Kidhul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar