Minggu, 11 Januari 2015

LOTRE

LOTRE

Urip iki lotre, ora ngerti pira angkane
Ora reti bebungah sing dumunung ing njerone

Urip iki loter, mitraku
Akeh sethithike udhu
Dadai lantaran adoh cedhake wahyu
(Nanging urip ora dumunung ing sampiran
Ora gumantung kaya bangsane kempladheyan)

Loterning urip
Jinangka ing lakone jaka sangkrib.




Kapetik saka Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar