Minggu, 11 Januari 2015

MICARA MARANG JAMAN


MICARA MARANG JAMAN

Aku isih mambu gandane banyu wudhu
Nalika sliramu nyendhal kendhaline kuda
Ngibarake gendera ngubengi jagad raya

Ukara-ukara mbrubul kayadene maewu-ewu panah
Linepas saka gendhewa kontroversi
Gawe wuru para sujana lan ahli sejarah
Buku endi mangkone sing kudu ditulisi
Jaman, menyang endi abure manuk-manuk
Nalika rasa rumnagsa wis musna saka telenge bumi
Lan gegremetan rame-eame mbarang amuk
Bayu-bayi padha rebutan dolanan geni


Kapethik saka Bledheg Segara Kidul

Tidak ada komentar:

Posting Komentar