REMBULAN
Rembulan ing
dhadha langit kae
Rambute nglawer
tekan dhadhaku
Apa sliramu
ngerti rembulan liyane
Si tangan
alus sing banget wasis ngracik jamu?
Anggur,
kencur, apadene bratawali
Pupur,
gincu, lan esem panjiret ati
Apa kudu
dituku ing lokalisasi
Dipondhong
cara putri dililing kaya bayi
Kangmangka
prauku isih sendhen ing dermagamu, sri?
Upama digade
pira tebusane
Yen dituku
pira regane
Bakal daksembadani
waton dudu wujud bandha donya
Rerangken
lamaran ora nganggo raja brana
Tamuruna,
tamuruna
Dimen rembulan
kae gelem leledhang ing taman
Selagine aku
isih kongang nyipta guritan
Rembulan kekalang
ing njero dhadha
Sunare nyipta
esem sadawane mangsa
Kapethik saka Bledheg Segara Kidul
Tidak ada komentar:
Posting Komentar