aumpama
aku dadi bocah wadon sing ayu kaya widadari sing lagi medun
saka kayangan-kayangan kaya ning kana kae. Mbok
menawa aku bisa dadi pacare. Ora kaya mangkene iki, mlebu kuliyah durung duwe
pacar. Seneng marang bocah lanang malah
raine mirip kaya wong sing biyen tau
dadi pacarku. Pacarku sing pengerten, sing welas asih, sing peduli maring aku,
sing sayang banget marang aku, sing nresnani aku nganti ngluwihi tresnane marang awake dewe, senajan kuwi kabeh ora tau
tak gubris.
Ing
sawijining dina aku lungguh ing taman cilik sing ana ing kampus konservasi, aku
lungguh ngalamun ing taman.
“Heh,Ta. Kenapa ngelamun aja?” Aku di celuk
kancaku nganggo bahasa indonesia, jare ning kuta ya sok kadang ngganggo bahasa Indonesia.
“Heh, ora
papa jen, lagi lungguh-lungguh wae.” Karo nonton kakak kelas lanang sing ngganteng-ngganteng lan kakak
kelas wadon sing ayu-ayu pada lewat siji-siji
lan telon ing ngarepan gedung basa Jawa.
Ora suwe ana bocah lanang sing lewat ning ngarepanku, walah rasane kaya
ana angin sing nunut lewat ana ing raiku, sanalika atiku rasane kaya mbanyu nganti ora sadar, banjur tiba ana ing kono
mau, amerga kesengsem ana bocah lanang kuwi mau.
“ya Allah,!” Aku kaget ora nyangka. Atiku
rasane ser-seran ora karuwan nalika ora sengaja ngerti mas-mas mau lewat.
“kenapa
Tah?” jeni takon.
“Mas
kuwi, mas kuwi, mas kuwi jenenge sapa?“ aku nakokake mas-mas sing lewat ning
ngarepanku mau.
“Itu mas
Andy, anak jurusan bahasa Indonesia semester telu , dia ikut Pramuka. Emang ada apa?” jawabe Jeni.
“Iwh,
wajahe mirip mantanku Jen.” Aku jawabe karo ngrasa ora nyangka.
Ing wengi
iki, lungguh ing ngarep omah dewekan kanthi nyawang langit kang ireng jenjem,
nanging langite dadi katon endah disawang amerga lintang-lintang pada kerlip-kerlip ing kana.
“ Wah… langite kok apik temen ya.” Ngomong dewe karo bayangake wajahe mas-mas
sing lewat lan sing mirip kaya mantane Itah.
Banjur
wayahe wis rada wengi, Itah mlebu omahe lan turu ing mlebu kamare.
Esuk-esuk
Itah mangkat sekolah cepet-cepet merga arep takon marang Jeni.
“Jen, lungguha
kene takkandhani, Kowe duwe nomere mas-mas sing wingi kae ora?” Aku pengen
ngerti banget.
“ heh? Iku
jenenge mas Andy, aku ora duwe, tapi nyoh pamlet PTR ana nomere mas Andy” karo nguwehake Pamflet maring aku.
“Wah mas
Andy ta jenenge, mas ganteng kang misuwur ing fakultas Bahasa dan Seni.” Karo
guya-guyu.
“Halah,
ora misuwur ing fakultas Bahasa dan
Seni, ananging misuwur ning atimu, ta?” jawabe Jeni sing makili sing
takrasakake.
“Ora ya
Jen. Nanging mung ngakoni yen manise kuwi
ngalahi manisan sing paling manis,” Jawabku.
“Halah,
ngaku wae yen kowe lagi gedebug Trisna, haha.” Wangsulane Jeni.
“Hehe, iya-iya.”
Karo nyatet nomere. Banjur tak hubungi.
Saben
dina, saben wayah, mbuh esuk, mbuh awan mbuh wengi, wiwit surya durung njebol
nganti surya kelem tansah kelingan marang wajah kang nggawe ati tratapan ora
karuwan. Apa maneh yen bayangake bisa adhep-adhepan Karo mas Andy ora sengaja.
Ndhek biyen pas aku isih semester siji, aku
bingung arep melu organisasi apa, amerga ning kampus akeh banget organisasine.
Aku kudu melu organisasi, nanging aku emoh melu pramuka. Aku pancen ora seneng
Pramuka, nanging piye maneh mergo aku di bujuk, dikon daftar pramuka ya aku
sidane melu, wong sing ngajak wong sing
tak senengi banjur aku manut melu-melu
wae.
“
Jen, melu pramuka yuh?” aku ajak-ajak kancaku.
“
Aku wis daftar kok Tah.” Jawabe jeni.
Saiki aku
wis kedaftar dadi anggota Pramuka. Bener ning kana ana mas Andy, aku seneng
banget. Ning kana uga ana sing jenenge mas Danu. Jebule Jeni naksir marang mas
Banu.
Mula saka
kuwi, Aku karo Jeni dadi tambah akrab merga pada-pada seneng karo bocah
Pramuka. Kene ajeg crita bareng babagan mas Andy lan mas Banu. Pada seneng
banget yen pada crita babagan mas-mas kuwi.
“Jen, mas
Andy saiki kok kayake dadi sansaya adoh ki kenapa ya?” aku sedih.
“ Mas
Banu ya iya kok Tah. Yen tak ngeti-ngeti
mas Banu malah perhatiane akeh ming kowe.” Jawabe Jeni kanthi rasa kuciwa.
“ Ah
ngarang kowe, lha wong mas Banu iku yen
karo aku kasare pol ! ” Jawabku ngeyel karo mbantah omongane Jeni.
Wis
sesasi aku melu ning pramuka, bocah-bocah sing dadi anggota ing pramuka
gaweyane dolan ning guslat. Salah sijine ya mas Andy. Aku isih isin lan ora
wani yen ketemu mas Andy, aku dadi ngadoh karo mas Andy. Jare wong-wong rasa
kaya ngono wis wajar. Beda karo kancaku Jeni malah sing wani omong-omong karo
mas Andy, SMS-an lan guyon-guyon nganti bisa akrab banget. Nanging
yen karo aku ora tau ngomong.
“ Tah,
aku ndhek bengi SMS-an karo mas
Andy.” kandhane Jeni.
“Jen,
enak ya dadi kowe bisa cedhak karo mas Andy, bisa guyonan karo mas Andy…hemm…”
jawabku kanthi ana kepinginan kaya mangkana. Nanging aku ngerti kuwi ora bakal
kelakon amerga mas Andy katon ilfeel
marang aku. Alesane aku ya ora ngerti kenapa.
Saben
dina aku karo Jeni dolan ana guslat. Ning kana ya ana mas Andy, nanging ora ana
mas Banu, amerga mas Banu arang ning guslat dadi ora tau ketemu. Ing kana Jeni
lan mas Andy guyonan katon seneng.
“Piye
Jen, kowe kangen ambi aku?” mas Andy guyon takok kaya mangkono.
“Ora
kangen, ning kangen banget mbi kowe mas.” Wansulane Jeni marang pitakone mas
Andy. Ning kana aku mung meneng wae mung nonton Jeni karo mas Andy guyonan,
amerga aku ora digatekake. Aku mung bayangake mbok menawa bisa akrab lan guyonan
kayak Jeni lan mas Andy kaya mangkono, nanging sakiraku ora bakal bisa, merga
weruh wae wis ndhredheg.
Samenit
rong menit, telung menit nganti setengah jam aku mung meneng wae ngrungokake
mas Andy lan Jeni sing lagi guyonan lan crita-crita. Yen bocah lara mau lagi
guyon, Jeni lali lan ora gubris aku maneh, malah tambah guyon sakarepe dewe.
Tanpa mikirake sakiwa tengene, uga marang aku iki. Kira-kira Jeni ngerti apa ora ya yen saiki atiku rasane kaya
kepaku-paku palu godem.
“Suwe-suwe
aku kok krasa sedih ki kenapa ya? Apa aku
jealous ?” aku ngomong ning jero batin. Ora suwe aku kepikiran ngana, si
Jeni malah lunga bareng karo mas Andy. Aku ngrasakake atiku sing kaya godhong
garing kepidak-pidak gajah. Saben dina
aku mung bisa nangis wae. Wiwit kuwi aku
ora tau bareng karo Jeni, merga aku ora kuwat yen ngeti Jeni karo mas Andy
guyonan lan ketok seneng banget.
Wektu
malem minggu aku melu acara pramukanan, acara ulang taun Pramuka. Aku, Jeni lan
mas Andy ya melu acara kuwi. Ning kana rasane atiku campur aduk. Jeni sansaya
ngumbar keakrabane karo mas Andy kaya-kaya sengaja manas-manasi atiku. Aku sing
ora kuwat mung bisane nangis lan lunga saka kana. Ora suwe mas Banu teka.
“Lho
Tah, kuwe Kok nangis ning pinggir kali ki kenapa?” pitakone mas Banu marang
aku.
“Adhuh,
boten menapa-menapa mas.” Jawabku rada abot, lan kaget. Amerga mas Banu ora
kasar kaya biasane.
“
Gene-gene, crita kene mbi aku.” Mas Banu nawani aku. Sidane aku crita apa wae
sing tak rasakne. Wektu iku, Jeni weruh mas Banu lagi omong-omongan karo aku,
Jeni nuduh aku ngrebut mas Banu.
“Tah,
maksudmu piye? Kok kuwe cedak-cedak karo mas Banu?” nadane wong nesu.
“Aku
ora cedhak-cedhak mas Banu Jen, mas Banu mau mung nakoki pas aku lagi nangis,
aja dadi atimu.” Aku kaget lan ngomong sabenere. Nanging dheweke isih ora
percaya.
Wiwit
kadadeyan kuwi pikiranku dadi semrawut lan sansaya bingung amerga wis ora bisa
cedhak karo mas Andy, malah sing luwih kebangeten yaiku ora bisa bareng-bareng
meneh karo kancaku plek(Jeni). Tak pikir-pikir saben dina malah gawe lara ati.
Sidane aku nglalekake mas Andy lan ora bakal cedhak-cedhak mas Banu, ben Jeni ora
nesu marang aku.
“Jen,
kowe aja nesu mbi aku maneh ya, pas kadadeyan kuwi aku bener-bener ora
ngapusi.” Aku nyoba ngomong karo Jeni.
“Aku
wis ora nesu mbi kowe kok Tah, yen tak pikir-pikir aku ya luweh ajeg nglarani
atimu.” Jeni wis rumangsa duwe salah karo aku.
“Yawis
wiwit saiki ora usah mikirake cowok
maneh. Mikir kuliyah wae.” Kandhane Jeni kanthi mantep.
“
Oke. Siap.” Aku lan Jeni wis pada sapemikiran. Wiwit kadadeyan kuwi, aku lan
Jeni wis apikan kaya jaman mangkana maneh,
malah sansaya akrab anggone kekancan. Banjur bareng-bareng playonan ing prapatan dalan sawah.