Kamis, 27 November 2014

Cerkak Antarane Rasa Lan Kanca

ANTARANE RASA LAN KANCA
Dening        : SUPRIHATI


Saumpama aku dadi bocah wadon sing ayu kaya widadari sing lagi medun  saka kayangan. 
 “heh, Ta. Kenapa ngelamun aja?? Aku di celuk kancaku nganggo bahasa indonesia, jare ning kota ya sok kadang ngganggo basa Indonesia.  
“heh, ora papa jen, lagi lungguh-lungguh wae.” Karo nonton bocah lanang pada lewat ning ngarepan gedung basa Jawa.  Ora suwe ana bocah lanang sing lewat ning ngarepanku, walah rasane kaya ana angin sing nunut lewat ana ing raiku nganti rasadar nganti tiba amerga kesengsem ana bocah lanang kuwi mau. 
 “ya Allah,!” Aku kaget ora nyangka.
“kenapa Tah?” jeni takon
“Mas kuwi, mas kuwi, mas kuwi jenenge sapa? “ aku nakonake mas-mas sing lewat ning ngarepanku mau. 
“kuwi mas Andy, jurusan bahasa Indonesia, cah Pramuka. Kenapa emang?” jawabe Jeni.
“ iwh, wajahe mirip mantanku Jen.” Aku jawabe isih ngrasa ora nyangka.
“ kowe duwe nomere ra?” Aku pengen ngerti banget.
“ heh? Aku sih ora duwe, tapi nyoh pamlet PTR ana nomere mas Andy”  karo nguwehake Pamflet maring aku. Langsung tak catet nomere.
Ndhek biyen pas aku isih semester siji, aku bingung arep melu organisasi apa, amerga ning kampus akeh banget oraganisasine. Aku kudu melu organisasi, nanging aku emoh melu pramuka. Aku pancen ora seneng Pramuka, nanging piye meneh mergo aku di bujuk kon daftar pramuka ya aku sidane melu, wong sing ngajak  wong sing tak senengi banjur aku  manut melu-melu wae.
          “ Jen, melu pramuka yuh?” aku ajak-ajak kancaku.
          “ Aku wis daftar kok Tah.” Jawabe jeni.
Saiki aku wis kedaftar dadi anggota Pramuka. Bener ning kana ana mas Andy, aku seneng banget. Ning kana uga ana sing jenenge mas Danu. Jebule Jeni naksir marang mas Banu.
Aku karo Jeni dadi tambah akrab merga pada-pada seneng karo bocah Pramuka. Kene ajeg crita bareng babagan mas Andy lan mas Banu. Pada seneng banget yen pada crita babagan mas-mas kuwi.
“Jen, mas Andy saiki kok kayake dadi sansoyo adoh ki kenapa ya?” aku sedih
“ Mas Banu ya iya kok Tah. Nek tak ngeti-ngeti mas Banu malah perhatiane ning kowe.” Jawabe Jeni.
“ Ah ngarang kowe, lha wong mas Banu iku kasare pol mbi aku. ” Jawabku ngeyel.
          Wis sesasi aku melu ning pramuka, bocah-bocah sing dadi anggota ning pramuka gaweyane dolan ning guslat. Salah sijine ya mas Andy. Aku isih isin lan ora wani yen ketemu mas Andy, aku dadi ngadoh karo mas Andy. Jare wong-wong rasa kaya ngono wis wajar. Beda karo kancaku Jeni malah sing wani omong-omong karo mas Andy, SMS-an lan  guyon-guyon nganti bisa akrab banget. Nanging yen karo aku ora tau ngomong.
“ Tah, aku ndhek bengi SMS-an karo mas Andy.” kandhane Jeni.
“Jen, enak ya dadi kowe bisa cedhak karo mas Andy, bisa guyonan karo mas Andy.. hemm.. . ” jawabku kanthi ana kepinginan kaya mangkana. Nanging aku ngerti kuwi ora bakal kelakon amerga mas Andy katon ilfeel marang aku. Alesane aku ya ora ngerti kenapa.
Ben dina aku karo Jeni dolan ana guslat. Ning kana ya ana mas Andy, nanging ora ana mas Banu, amerga mas Banu arang ning guslat dadi ora tau ketemu. Ing kana Jeni lan mas Andy guyonan katon seneng. Ning kana aku mung meneng wae mung nonton Jeni karo mas Andy guyonan. Aku guyu-guyu dewe bayangne mbok menawa bisa guyonan kayak Jeni lan mas Andy.
          “Suwe-suwe aku kok krasa sedih ki kenapa ya? Apa aku jealous ?” aku ngomong ning jero batin. Ora suwe aku kepikiran ngana, si Jeni malah lunga bareng karo mas Andy. Rasane atiku kayak godhong garing kepidak gajah. Saben dina aku mung bisa nangis. Wiwit kuwi aku ora tau bareng karo Jeni, merga aku ora kuwat yen ngeti Jeni karo mas Andy guyonan lan ketok seneng banget.
          Wektu malem minggu ana acara ulang taun Pramuka. Aku, Jeni lan mas Andy ya melu acara kuwi. Ning kana rasane atiku campur aduk. Jeni sansaya ngumbar keakrabane karo mas Andy kaya-kaya sengaja manas-manasi atiku. Aku sing ora kuwat mung bisane nangis lan lunga saka kana. Ora suwe mas Banu teka.
          “Lho Tah, kuwe Kok nangis ning pinggir kali ki kenapa?” pitakone mas Banu marang aku.
          “A..? Boten menapa-menapa mas.” Jawabku rada abot, lan kaget. Amerga mas Banu ora kasar kaya biasane.
          “ Gene-gene, crita kene mbi aku.” Mas Banu nawani aku. Sidane aku crita apa wae sing tak rasakne. Wektu iku, Jeni weruh mas Banu lagi omong-omong karo aku, Jeni nuduh aku ngrebut mas Banu.
          “Tah, maksudmu piye? Kok kuwe cedak-cedak karo mas Banu?” nadane wong nesu.
          “Aku ora cedhak-cedhak mas Banu Jen, mas Banu mau mung nakoki pas aku lagi nangis.” Aku kaget lan ngomong sabenere. Nanging Jeni isih ora percaya. Malah tambah nesu karo aku. Lan ngadohi aku.
          Wiwit kuwi aku dadi sansaya bingung. Wis ora bisa cedhak karo mas Andy, tambah-tambah malah ora bisa bareng-bareng meneh karo Jeni kancaku plek(cedhak). Tak pikir-pikir saben dina malh gawe lara ati. Sidane aku nglalekake mas Andy lan ora bakal cedhak-cedhak mas Banu, ben Jeni ora nesu marang aku.
          “Jen, kowe aja nesu mbi aku maneh ya, pas kadadeyan kuwi aku bener-bener ora ngapusi.” Aku nyoba ngomong karo Jeni.
          “Aku wis ora nesu mbi kowe kok Tah, yen tak pikir-pikir aku ya luweh ajeg nglarani atimu.” Jeni wis rumangsa duwe salah karo aku.
          “Yawis wiwit saiki ora usah mikiri cowok maneh. Mikir kuliyah wae.” Kandhane Jeni kanthi mantep.
          “ Oke. Siap.” Aku lan Jeni wis pada sapemikiran. Wiwit kadadeyan kuwi, aku lan Jeni wis apikan maneh, malah sansaya akrab anggone kekancan.



***